Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 13

”Jelasna Kaya Apa Bait Kuwi”

”Jelasna Kaya Apa Bait Kuwi”

YÈHÈZKIÈL 43:10

INTINÉ: Artiné wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl

1-3. (a) Kenapa Yèhèzkièl isa dadi tambah kuwat imané wektu éntuk wahyu soal bait? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

 BAYANGNA Yèhèzkièl sing umuré wis 50 taun. Dhèwèké wis 25 taun ana ing penawanan. Bait ing Yérusalèm ya wis suwé hancur. Bangsa Israèl isih kudu ditawan 56 taun manèh. (Yér. 25:11) Yèhèzkièl mungkin mikir nèk dhèwèké ora bakal isa dadi imam manèh ing Yérusalèm. Malah, mungkin Yèhèzkièl ora isa ndelok wong Israèl bali manèh ing Yérusalèm utawa ndelok baité Yéhuwah dibangun manèh. Yèhèzkièl mesthi sedhih banget.

2 Tapi, wektu kuwi Yéhuwah mènèhi Yèhèzkièl wahyu sing isa nguwatké lan nyemangati Yèhèzkièl. Yèhèzkièl kaya-kaya digawa menyang Israèl lan didèlèhké ing gunung sing dhuwur banget. Terus, Yèhèzkièl ndelok ”ana wong lanang sing mengkilap kaya tembaga”. Wong lanang kuwi malaékat, lan dhèwèké ngejak Yèhèzkièl mlaku-mlaku ing bait. (Wacanen Yèhèzkièl 40:1-4.) Kuwi kabèh mung wahyu, ning kétok kaya tenanan. Yèhèzkièl mesthi dadi tambah kuwat imané. Tapi, mungkin dhèwèké ya rada bingung. Kenapa? Bait sing didelok Yèhèzkièl iki mèh padha karo bait ing Yérusalèm, tapi bédané ya akèh.

3 Wahyu iki ditulis ing sangang bab terakhir buku Yèhèzkièl. Saiki, ayo dibahas dhisik piyé kuduné sikapé awaké dhéwé wektu sinau soal wahyu iki. Bar kuwi, awaké dhéwé arep mbahas apa bait sing didelok Yèhèzkièl iki padha karo bait rohani sing dijelaské Rasul Paulus pirang-pirang atus taun sakwisé kuwi. Terus sing terakhir, awaké dhéwé arep mbahas apa artiné wahyu iki kanggo Yèhèzkièl lan wong-wong sing ditawan.

Piyé Kuduné Sikapé Awaké Dhéwé?

4. Mbiyèn, keterangan ing wacan-wacan saka organisasi soal bait sing didelok Yèhèzkièl kaya apa, tapi ternyata saiki piyé?

4 Mbiyèn, wacan-wacan saka organisasi njelaské nèk bait sing didelok Yèhèzkièl padha karo bait rohani sing dijelaské Paulus ing suraté kanggo wong-wong Ibrani. * Dadi mbiyèn, nèk péngin ngerti apa sing digambarké karo bagéan-bagéan ing bait sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé kudu ndelok keterangan sing ditulis Paulus soal tabernakel. Tapi, sakwisé dipelajari lan dipikirké manèh karo ndonga, ternyata kuduné ora kaya ngono.

5, 6. (a) Sakwisé nyebutké soal rincian-rincian tabernakel, Paulus ngomong apa? Apa buktiné nèk Paulus rendah hati? (b) Piyé kuduné sikapé awaké dhéwé wektu sinau soal bait sing didelok Yèhèzkièl?

5 Awaké dhéwé ora perlu nggolèk-nggolèk artiné saben bagéan saka bait sing didelok Yèhèzkièl. Kenapa? Coba bandhingna karo penjelasané Paulus. Pas mbahas soal bait rohani, Paulus nyebutké beberapa rincian saka tabernakel, misalé wadhah dupa saka emas, tutup pethi perjanjian, lan wadhah emas sing isiné manna. Tapi, kétoké roh suci ora ngarahké Paulus kanggo njelaské apa waé artiné saben rincian sing disebutké kuwi. Malah, Paulus ngomong, ”Saiki awaké dhéwé ora perlu terlalu rinci ngrembug soal iki.” (Ibr. 9:4, 5) Paulus rendah hati. Dhèwèké gelem diarahké roh suci lan sabar ngentèni Yéhuwah.​—Ibr. 9:8.

6 Awaké dhéwé ya kudu rendah hati wektu sinau soal bait sing didelok Yèhèzkièl. Bait kuwi rinciané ya ana akèh banget. Kétoké luwih apik ngentèni Yéhuwah waé nèk mémang perlu ana keterangan sing anyar soal kuwi. (Wacanen Mikha 7:7.) Dadi, apa saiki Yéhuwah wis nyedhiakké keterangan sing anyar soal wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi? Ya.

Apa Bait sing Didelok Yèhèzkièl Kuwi Bait Rohani?

7, 8. (a) Keterangan apa sing saiki perlu diubah? (b) Kenapa bait sing didelok Yèhèzkièl ora cocog karo penjelasané Paulus?

7 Kaya sing wis disebutké mau, wacan-wacan saka organisasi mbiyèn njelaské nèk bait sing didelok Yèhèzkièl padha karo bait rohani sing dijelaské Paulus ing suraté kanggo wong-wong Ibrani. Tapi, sakwisé dipelajari manèh, keterangan kuwi perlu diubah. Kenapa?

8 Pertama, bait sing didelok Yèhèzkièl ora cocog karo penjelasané Paulus. Rasul Paulus kandha nèk tabernakel sing digawé pas jamané Musa kuwi dadi gambaran utawa bayangan saka perkara-perkara liya. Misalé, kaya bait sing dibangun karo Salomo lan Zérubabèl, ing tabernakel kuwi ana ruangan sing disebut ”Ruang Mahasuci”. Paulus ngomong nèk ”Ruang Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa” kuwi mung ”tiruan saka Ruang Mahasuci sing asli”. Terus, sing asli apa? Paulus ngomong nèk sing asli yaiku ”swarga”. (Ibr. 9:3, 24) Nah, apa sing didelok Yèhèzkièl kuwi ana ing swarga? Ora. Wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi ora nyebutké keterangan soal swarga.​—Bandhingna karo Danièl 7:9, 10, 13, 14.

9, 10. Apa bédané korban persembahan sing diwènèhké ing bait sing didelok Yèhèzkièl karo ing bait sing dijelaské Paulus?

9 Ana manèh alesané kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl ora cocog karo penjelasané Paulus. Kuwi ana hubungané karo korban persembahan sing diwènèhké ing kono. Pas éntuk wahyu kuwi, Yèhèzkièl krungu nèk para imam, pemimpin, lan wong-wong liyané diwènèhi petunjuk soal korban persembahan. Misalé, wong-wong kuwi kudu mènèhké korban-korban kanggo persembahan dosa. Terus, wong-wong kuwi ya mènèhké persembahan-persembahan dienggo korban kerukunan, sing dipangan bareng-bareng ing ruang makan bait. (Yèh. 43:18, 19; 44:11, 15, 27; 45:15-20, 22-25) Persembahan-persembahan kuwi diwènèhké ping bola-bali. Apa persembahan-persembahan sing kaya ngono ya ana ing bait rohani sing dijelaské Paulus?

Bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu bait rohani

10 Jawabané jelas banget. Paulus njelaské, ”Kristus wis dadi imam agung, lan awaké dhéwé wis ngrasakké berkah-berkahé. Wektu dhèwèké dadi imam agung, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih hébat lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora ana ing bumi. Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning Dhèwèké nggawa getihé dhéwé bèn isa mbébaské awaké dhéwé kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.” (Ibr. 9:11, 12) Dadi, ing bait rohani, korban persembahané mung ana siji thok, yaiku korban tebusan. Persembahan kuwi diwènèhké karo Imam Agung, yaiku Yésus Kristus, ping pisan kanggo saklawasé. Padahal, ing bait sing didelok Yèhèzkièl korban persembahané ana akèh lan sing dikorbanké yaiku wedhus lan sapi lanang. Dadi jelas, bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu bait rohani sing dijelaské Paulus.

11. Kenapa Yéhuwah durung ngandhani soal bait rohani pas jamané Yèhèzkièl? Terangna.

11 Keloro, pas Yèhèzkièl éntuk wahyu kuwi, Yéhuwah mémang ora lagi ngandhani Yèhèzkièl soal bait rohani, merga kuwi durung wektuné. Wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi kudu disampèkké kanggo wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon. Sakwisé dibébaské saka penawanan, wong-wong kuwi bali ing Yérusalèm kanggo nindakké ibadah sing murni manèh manut karo Hukum Musa. Dadi, baité karo mézbahé dibangun manèh bèn wong-wong kuwi isa mènèhké korban-korban persembahan ing kono. Saiki bayangna apa akibaté nèk wektu kuwi Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi wis dikandhani soal bait rohani. Wong-wong kuwi mungkin dadi ngrasa nèk Hukum Musa wis ora kanggo, merga sing dikorbanké ing bait rohani kuwi imam agungé dhéwé, lan wong-wong wis ora perlu mènèhké korban persembahan sing liyané manèh. Padahal, wektu kuwi wong-wong Yahudi isih kudu manut karo Hukum Musa. Malah, wong-wong kuwi isih mènèhké korban-korban persembahan nganti 600 taun sakwisé kuwi. Dadi nèk Yéhuwah arep mènèhi keterangan kanggo umaté, kuwi mesthi ngentèni wektu sing cocog.

12-14. Apa hubungané bait sing didelok Yèhèzkièl karo bait rohani sing dijelaské Paulus? (Deloken kothak ”Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa”.)

12 Lha terus, apa hubungané bait sing didelok Yèhèzkièl karo bait rohani sing dijelaské Paulus? Sing dibahas Paulus kuwi tabernakel ing jamané Musa, dudu bait sing didelok Yèhèzkièl. Pancèn, beberapa bagéan sing disebutké Paulus kuwi ya ana ing baité Salomo, baité Zérubabèl, lan bait sing didelok Yèhèzkièl. Tapi, sing dijelaské Paulus kuwi tetep béda karo sing didelok Yèhèzkièl. * Senajan ngono, loro-loroné kuwi ana hubungané karo ibadah sing murni. Apa maksudé?

13 Saka penjelasané Paulus, awaké dhéwé isa ngerti soal apa waé sing wis diatur Yéhuwah bèn umaté isa ngibadah marang Dhèwèké. Misalé, Paulus nyebutké soal imam agung, korban persembahan, mézbah, lan Ruang Mahasuci, terus Paulus ya njelaské artiné. Tapi, nèk saka penjelasané Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni. Dadi, saka rincian bait sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin umaté ngibadah nganggo cara sing bener.

14 Dadi, apa keterangan sing anyar iki ana manfaaté kanggo awaké dhéwé? Ya, mesthiné ana. Tapi, bèn isa ngerti manfaaté, ayo dibahas dhisik artiné wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi kanggo wong-wong Yahudi ing jaman mbiyèn.

Apa Artiné Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl kanggo Wong-Wong Yahudi sing Ditawan?

15. (a) Intiné wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi sakjané apa? (b) Apa bédané sing dicritakké ing Yèhèzkièl bab 8 karo ing Yèhèzkièl bab 40 nganti 48?

15 Bèn isa ngerti apa artiné wahyu sing didelok Yèhèzkièl kanggo wong-wong Yahudi, awaké dhéwé perlu ngerti dhisik apa waé sing dibahas ing wahyu kuwi. Pertama, intiné wahyu kuwi sakjané apa? Sakjané, intiné yaiku ibadah marang Yéhuwah akhiré bakal dadi murni manèh. Yèhèzkièl mesthi ya nyimpulké kaya ngono. Mauné Yèhèzkièl diduduhi karo Yéhuwah soal keadaané bait sing wis digawé najis karo wong-wong Yahudi. Kuwi dicritakké ing Yèhèzkièl bab 8. Tapi, Yèhèzkièl mesthi ngrasa dikuwatké wektu nulis soal ibadah marang Yéhuwah sing akhiré dadi murni manèh. Kuwi dicritakké ing Yèhèzkièl bab 40 nganti 48. Ing kono, Yèhèzkièl nyritakké nèk wong-wong padha nyembah Yéhuwah sesuai karo Hukum Musa manèh.

16. Kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl isa nggawé awaké dhéwé tambah yakin nèk ramalané Yésaya mesthi bakal kelakon?

16 Ibadah marang Yéhuwah kudu dianggep paling unggul bèn kuwi isa bener-bener dadi murni manèh. Kira-kira 100 taun luwih sakdurungé jamané Yèhèzkièl, Nabi Yésaya ngramalké, ”Ing dina-dina terakhir, gunung panggonané omahé Yéhuwah bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané. Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.” (Yés. 2:2) Dadi, Yésaya ngramalké nèk ibadah marang Yéhuwah bakalé bener-bener dadi murni manèh lan dianggep paling unggul, kaya-kaya didèlèhké ing gunung sing paling dhuwur. Nah, bait sing didelok Yèhèzkièl ya ana ing ”gunung sing dhuwur banget”. (Yèh. 40:2) Dadi, wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki isa nggawé awaké dhéwé tambah yakin nèk ibadah marang Yéhuwah bakal bener-bener dadi murni manèh.

Bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing panggonan sing dhuwur banget (Deloken paragraf 16)

17. Kaya sing dicritakké ing Yèhèzkièl bab 40 nganti 48, Yèhèzkièl ndelok lan krungu apa waé?

17 Kaya sing dicritakké ing Yèhèzkièl bab 40 nganti 48, Yèhèzkièl ndelok lan krungu apa waé? Yèhèzkièl ndelok ana malaékat sing ngukur gerbang, témbok, halaman, lan ruangan-ruangan ing bait. (Yèh. 40-42) Bar kuwi, ana peristiwa sing luar biasa. Cahaya kemuliaané Yéhuwah mlebu ing bait. Terus, Yéhuwah ngandhan-ngandhani wong-wong Israèl sing mbrontak, para imam, lan para pemimpin. (Yèh. 43:1-12; 44:10-31; 45:9-12) Yèhèzkièl ya ndelok ana kali sing mili saka bait tekan Laut Mati, terus banyuné kuwi nggawa berkah lan marahi urip. (Yèh. 47:1-12) Yèhèzkièl ya ndelok ana tanah sing dibagi rata lan ana panggonan kanggo ngibadah ing cedhaké bagéan tengah saka tanah kuwi. (Yèh. 45:1-8; 47:13–48:35) Dadi jelas, Yéhuwah péngin nggawé umaté yakin nèk ibadah marang Dhèwèké bakal bener-bener dadi murni manèh. Yéhuwah bakal mberkahi baité. Hasilé, umaté dadi isa ngibadah manèh marang Yéhuwah lan ngrasakké urip sing nyenengké. Kabèh berkah saka Yéhuwah kuwi isa dipadhakké kaya kali sing mili saka bait.

Saka wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl, wong-wong isa ngerti nèk ibadah marang Yéhuwah bakalé dadi murni manèh (Deloken paragraf 17)

18. Apa kabèh sing didelok Yèhèzkièl pas éntuk wahyu kuwi bener-bener ana tenan? Terangna.

18 Keloro, apa kabèh sing didelok Yèhèzkièl pas éntuk wahyu kuwi bener-bener ana tenan? Ora. Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi sing ditawan kuwi mesthi langsung ngerti nèk wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi mung gambaran. Kok isa? Bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing ”gunung sing dhuwur banget”. Kuwi mémang cocog karo sing ditulis Yésaya, tapi kuwi ora cocog karo keadaan sing saktenané. Bait sing dibangun Salomo ana ing Gunung Moria ing Yérusalèm, lan nèk dibangun manèh ya ana ing kono. Apa Gunung Moria kuwi ”gunung sing dhuwur banget”? Ora. Ing sekitaré Gunung Moria, ana gunung-gunung liyané sing dhuwuré padha utawa malah luwih dhuwur. Apa manèh, bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi gedhé banget, malah luwih gedhé timbang kutha Yérusalèm ing jamané Salomo. Dadi, ora mungkin bait sing semono gedhéné isa dibangun ing puncaké Gunung Moria. Sakliyané kuwi, wong-wong Yahudi sing ditawan mesthi ngerti nèk ora mungkin ana kali tenanan sing isa mili saka bait tekan Laut Mati, sing isa nggawé banyuné laut kuwi dadi seger. Terus, Yèhèzkièl ya ndelok nèk tanahé kuwi dibagi rata nganggo cara kaya digarisi saka batas sisih wétan tekan kulon. Tapi, kuwi ora mungkin kelakon tenan ing Tanah Perjanjian, merga ing kono akèh bukité. Dadi, kabèh sing didelok Yèhèzkièl pas éntuk wahyu kuwi mung gambaran.

19-21. Wektu dikandhani soal wahyu kuwi, piyé kuduné perasaané wong-wong Yahudi, lan kenapa?

19 Ketelu, apa tujuané wahyu kuwi disampèkké marang wong-wong Yahudi ing jamané Yèhèzkièl? Wektu dikandhani pathokané Yéhuwah soal carané ngibadah, wong-wong kuwi kuduné isin. Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Jelasna kaya apa bait kuwi marang wong Israèl.” Yèhèzkièl kudu njelaské nganti rinci bèn wong-wong kuwi isa ”nyinaoni dénahé”. Tujuané dudu bèn wong-wong kuwi isa mbangun bait sing kaya ngono. Tapi, kaya sing diomongké Yéhuwah, tujuané ”bèn wong-wong kuwi padha isin merga kesalahané”.​—Wacanen Yèhèzkièl 43:10-12.

20 Kenapa wong-wong Yahudi sing tulus atiné isa dadi isin? Mémangé sing dibahas ing wahyu kuwi apa? Yèhèzkièl dikandhani, ”Hé anaké manungsa, gatèkna, deloken, lan rungokna tenanan kabèh sing arep Tak duduhké kowé soal peraturan lan hukum ing baité Yéhuwah.” (Yèh. 44:5) Yèhèzkièl bola-bali dikandhani soal peraturan lan hukum. (Yèh. 43:11, 12; 44:24; 46:14) Dhèwèké ya bola-bali dikandhani pathokané Yéhuwah, termasuk pathokan soal ukuran lan takeran sing digunakké ing bait kuwi. (Yèh. 40:5; 45:10-12; bandhingna karo Wulang Bebasan 16:11.) Malah, nèk didelok ing basa asliné, Yèhèzkièl nyebutké istilah ”ngukur” lan ”ukuren” nganti ping 50 luwih pas nyritakké wahyu soal bait iki.

21 Yéhuwah ngandhani soal ukuran, takeran, hukum, lan peraturan kuwi sakjané ana maksudé. Kétoké Yéhuwah péngin bèn umaté aja nganti lali nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo nentokké pathokan soal ibadah sing murni. Wong-wong sing wis nglanggar pathokané Yéhuwah kuduné dadi isin. Dadi, apa waé sing isa dipelajari wong-wong Yahudi saka wahyu kuwi? Beberapa mengko bakal dibahas ing Bab 14. Nèk wis ngerti soal kuwi, awaké dhéwé dadi isa ngerti apa manfaaté wahyu kuwi kanggo awaké dhéwé.

Kenapa wahyu soal bait isa nggawé wong-wong Yahudi sing tulus atiné dadi isin? (Deloken paragraf 19-21)

^ par. 4 Sing dimaksud bait rohani yaiku apa waé sing wis diatur Yéhuwah kèt taun 29 M bèn umaté isa nindakké ibadah sing murni nganggo dhasar korban tebusané Yésus.

^ par. 12 Misalé, Paulus nyebutké soal imam agung lan tugas sing kudu dilakoni imam agung saben taun pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa. (Ibr. 2:17; 3:1; 4:14-16; 5:1-10; 7:1-17, 26-28; 8:1-6; 9:6-28) Tapi, Yèhèzkièl ora nyebutké soal kuwi.