Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 16

”Wènèhana Tandha ing Bathuké”

”Wènèhana Tandha ing Bathuké”

YÈHÈZKIÈL 9:4

INTINÉ: Carané wong-wong sing setya diwènèhi tandha ing jamané Yèhèzkièl lan ing jamané awaké dhéwé

1-3. (a) Kenapa Yèhèzkièl kagèt banget, tapi apa sing akhiré nggawé dhèwèké lega? (b) Pertanyaan apa waé sing arep dibahas?

 YÈHÈZKIÈL kagèt banget. Pas éntuk wahyu, dhèwèké isa ndelok wong-wong Yahudi sing murtad nindakké perkara-perkara sing njijiki ing bait Yérusalèm. * Wong-wong kuwi nggawé baité Yéhuwah dadi najis lan nindakké kejahatan ing Yéhuda. Wong-wong kuwi wis ora isa dikandhani manèh. Kuwi nglarani atiné Yéhuwah. Mula, Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Aku bakal nesu banget.”​—Yèh. 8:17, 18.

2 Yèhèzkièl mesthi sedhih banget wektu krungu Yéhuwah nesu lan arep ngancurké Yérusalèm karo baité. Yèhèzkièl mesthi mikir, ’Lha wong-wong sing setya piyé? Apa wong-wong kuwi bakal dislametké? Nèk iya, carané piyé?’ Yèhèzkièl langsung éntuk jawabané. Yèhèzkièl krungu ana swara banter sing nyeluk wong-wong sing bakal ngukum kutha Yérusalèm. (Yèh. 9:1) Terus, Yèhèzkièl ndelok ana wong-wong sing bakal dislametké. Dadi, ora kabèh disingkirké. Yèhèzkièl mesthi lega banget.

3 Sedhéla manèh donya iki ya arep disingkirké. Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Sapa sing bakal dislametké?’ Bèn isa ngerti jawabané, ayo mbahas iki: (1) Yèhèzkièl éntuk wahyu apa? (2) Piyé kuwi kelakon ing jamané Yèhèzkièl? (3) Piyé kuwi kelakon ing jamané awaké dhéwé?

”Undangen Wong-Wong sing Bakal Ngukum”

4. Yèhèzkièl krungu lan ndelok apa?

4 Yèhèzkièl krungu lan ndelok apa manèh? (Wacanen Yèhèzkièl 9:1-11.) Yèhèzkièl ndelok wong lanang pitu ”teka saka arah gerbang ndhuwur sing madhep ngalor”, mungkin ing cedhaké patung brahala utawa ing panggonané wong-wong wédok nangisi Déwa Tamuz. (Yèh. 8:3, 14) Wong lanang pitu mau mlebu ing halaman njero bait lan ngadeg ing cedhaké mézbah tembaga. Tapi, wong-wong kuwi ora arep mènèhi persembahan, soalé persembahan ing bait kuwi wis ora ditampa karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi sing enem ”nggawa senjata kanggo ngancurké”, tapi sing siji ora. Sing siji kuwi nganggo klambi linèn karo nggawa ”wadhah alat tulis sekretaris”, utawa menurut cathetan ngisoré, ”wadhah tinta sekretaris”.

5, 6. Wong-wong sing diwènèhi tandha kuwi wong-wong sing kaya apa? (Deloken gambar ing awal bab.)

5 Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi arep ngapa? Dhèwèké éntuk tugas penting saka Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ”Mlakua ngubengi kutha Yérusalèm, terus wènèhana tandha ing bathuké wong-wong sing padha sambat lan susah merga kabèh perkara njijiki sing ditindakké ing kutha kuwi.” Mungkin Yèhèzkièl dadi kèlingan, mbiyèn wong-wong Israèl tau nyipratké getih ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Wektu kuwi, omahé wong-wong Israèl diwènèhi tandha nganggo getih bèn anak pertamané ora dipatèni. (Pa. 12:7, 22, 23) Dadi, apa wong-wong sing diwènèhi tandha karo wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi ya bakal dislametké pas Yérusalèm dihancurké?

6 Bèn isa ngerti jawabané, coba gatèkna sapa waé sing diwènèhi tandha ing bathuké. Sing diwènèhi tandha yaiku wong-wong sing padha ”sambat lan susah merga kabèh perkara njijiki sing ditindakké ing kutha kuwi”. Wong-wong kuwi sedhih banget merga baité Yéhuwah dienggo nyembah brahala lan merga ing Yérusalèm ana akèh sing jahat lan bejat kelakuané. (Yèh. 22:9-12) Ning, wong-wong kuwi ora mung sedhih. Saka omongan lan tumindaké, kétok nèk wong-wong kuwi bener-bener ora seneng wektu ndelok perkara-perkara sing njijiki ing Yérusalèm lan péngin tetep setya karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah bakal nylametké wong-wong kuwi.

7, 8. Wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau tugasé apa, lan apa sing kelakon bar kuwi?

7 Terus, wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau tugasé apa? Yèhèzkièl krungu nèk wong-wong kuwi dikongkon Yéhuwah ngetutké wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan matèni kabèh wong, kecuali sing nduwé tandha ing bathuké. Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu mulai saka panggonan suci-Ku,” yaiku baité Yéhuwah ing Yérusalèm. (Yèh. 9:6) Wektu kuwi, baité Yéhuwah wis digawé najis karo wong-wong. Dadi, sing kudu dipatèni dhisik yaiku ”para pemimpin sing ana ing ngarep bait”, maksudé 70 pemimpin Israèl sing lagi ngobong dupa kanggo allah-allah palsu.​—Yèh. 8:11, 12; 9:6.

8 Terus, apa sing kelakon bar kuwi? Yèhèzkièl ndelok lan krungu wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi laporan karo Yéhuwah, ”Aku wis nindakké persis kaya sing Njenengan préntahké.” (Yèh. 9:11) Dadi, apa sing kelakon ing Yérusalèm wektu kuwi? Apa wong-wong sing setya bener-bener dislametké?

Piyé Wahyu Kuwi Kelakon ing Jamané Yèhèzkièl?

9, 10. Sapa waé sing dislametké pas Yérusalèm dihancurké, lan kenapa wong-wong kuwi dislametké?

9 Wacanen 2 Babad 36:17-20. Ramalané Yèhèzkièl kelakon pas Babilon ngancurké Yérusalèm lan baité taun 607 SM. Pasukané Babilon kuwi kaya ”gelas emas sing dicekel Yéhuwah”, maksudé digunakké Yéhuwah kanggo ngukum Yérusalèm. Wong-wong sing dihukum kuwi isa diumpamakké kaya lagi ngombé saka gelasé Yéhuwah. (Yér. 51:7) Tapi ora kabèh dipatèni. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé ngerti nèk bakal ana sing dislametké.​—PD. 18:22-33; 2 Ptr. 2:9.

10 Sing dislametké yaiku wong-wong sing setya, misalé wong-wong Rékhab, Èbèd-mèlèkh wong Étiopia, terus Nabi Yérémia lan sekretarisé, yaiku Barukh. (Yér. 35:1-19; 39:15-18; 45:1-5) Berarti nèk menurut wahyu sing ditampa Yèhèzkièl mau, wong-wong kuwi mesthi padha ”sambat lan susah merga kabèh perkara njijiki” sing ditindakké ing Yérusalèm. (Yèh. 9:4) Wong-wong kuwi mesthi bener-bener ora seneng ndelok perkara-perkara sing njijiki lan péngin tetep setya karo Yéhuwah kèt sakdurungé Yérusalèm dihancurké. Mula, wong-wong kuwi dislametké Yéhuwah.

11. Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké kuwi nggambarké sapa?

11 Apa bathuké wong-wong sing dislametké kuwi bener-bener diwènèhi tandha? Alkitab ora nyritakké nèk Yèhèzkièl utawa nabi-nabi liyané mlaku-mlaku ing Yérusalèm karo mènèhi tandha ing bathuké wong-wong sing setya. Dadi, mesthiné sing mènèhi tandha kuwi makhluk roh, lan peristiwa kuwi ora isa didelok manungsa. Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau nggambarké para malaékat sing setya, sing siap nindakké kepénginané Yéhuwah. (Mzm. 103:20, 21) Pas Yérusalèm dihukum, Yéhuwah nggunakké para malaékat kanggo mastèkké bèn sing dipatèni mung wong-wong sing ora setya. Terus, wong-wong sing diwènèhi tandha, yaiku wong-wong sing setya, bakal dislametké.

Piyé Wahyu Kuwi Kelakon ing Jamané Awaké Dhéwé?

12, 13. (a) Kenapa Yéhuwah nesu karo Yérusalèm, lan kenapa Dhèwèké mesthi ya nesu wektu ndelok apa sing kelakon ing jaman saiki? (b) Apa Yérusalèm sing ora setya kuwi nggambarké gréja-gréja? Terangna. (Deloken kothak ”Apa Yérusalèm Kuwi Nggambarké Gréja-Gréja?”)

12 Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal ngukum wong-wong pas ”sengsara gedhé sing durung tau kelakon kèt permulaan donya nganti saiki, lan kuwi ora bakal kelakon manèh”. (Mat. 24:21) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Apa sing bakal dipatèni pancèn mung wong-wong tertentu thok? Apa umaté Yéhuwah sing setya mesthi bakal diwènèhi tandha lan dislametké? Apa ramalané Yèhèzkièl soal wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis ya bakal kelakon ing jamané awaké dhéwé?’ Kabèh pertanyaan kuwi jawabané ya. Kok isa? Ayo dibahas manèh wahyu sing ditampa Yèhèzkièl mau.

13 Nèk diéling-éling manèh, kenapa Yéhuwah nesu karo Yérusalèm? Coba didelok manèh ing Yèhèzkièl 9:8, 9. (Wacanen.) Yèhèzkièl tau kuwatir apa Yéhuwah bakal matèni ”kabèh wong Israèl sing isih urip”. Terus, Yéhuwah ngandhani apa sebabé Dhèwèké arep ngukum umaté. Pertama, ”kesalahané wong Israèl lan Yéhuda kuwi gedhé, gedhé banget”. * Keloro, ”akèh banget sing dipatèni” karo wong-wong ing Yéhuda. Ketelu, ing Yérusalèm, ibu kotané Yéhuda, ”akèh banget sing tumindaké bejat”. Kepapat, wong-wong kuwi terus-terusan nindakké sing bejat merga rumangsa nèk ”Yéhuwah ora bakal ngerti”. Nah, wong-wong jaman saiki ya kaya ngono, ta? Akèh sing jahat, bejat, lan ora nduwé iman. Yéhuwah ”ora berubah”. Yéhuwah mesthi ya nesu ndelok apa sing kelakon ing jaman saiki. (Yak. 1:17; Mal. 3:6) Mula, wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mesthi ya éntuk tugas sing padha ing jamané awaké dhéwé.

Wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké sedhéla manèh bakal nindakké tugasé (Deloken paragraf 12, 13)

14, 15. Apa waé buktiné nèk Yéhuwah ngandhani wong-wong dhisik sakdurungé ngukum?

14 Piyé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kelakon ing jamané awaké dhéwé? Ayo didelok manèh apa waé sing kelakon ing jamané Yèhèzkièl. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé wahyu kuwi kelakon ing jamané awaké dhéwé lan ing masa depan.

15 Sakdurungé ngukum, Yéhuwah ngandhani wong-wong dhisik. Kaya sing wis dibahas ing Bab 11 buku iki, Yéhuwah nugasi Yèhèzkièl ”dadi penjaga kanggo bangsa Israèl”. (Yèh. 3:17-19) Kèt taun 613 SM, Yèhèzkièl ngandhani wong Israèl nèk Yérusalèm bakal dihukum. Nabi-nabi liyané, misalé Yésaya lan Yérémia, ya ngandhani wong-wong soal kuwi. (Yés. 39:6, 7; Yér. 25:8, 9, 11) Ing jamané awaké dhéwé, Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo nglantik budhak sing setya lan wicaksana. Wong-wong kuwi ditugasi kanggo nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing isa nguwatké imané pelayan-pelayan omah, yaiku wong-wong sing nindakké ibadah sing murni. Tapi ora mung kuwi thok. Wong-wong kuwi ya ditugasi kanggo ngandhani wong-wong liyané nèk sedhéla manèh bakal ana sengsara gedhé.​—Mat. 24:45.

16. Apa umaté Yéhuwah ditugasi kanggo mènèhi tandha? Terangna.

16 Umaté Yéhuwah ora ditugasi kanggo mènèhi tandha. Mbiyèn, Yèhèzkièl ora ditugasi mlaku-mlaku ing Yérusalèm karo mènèhi tandha ing bathuké wong-wong. Saiki, awaké dhéwé ya ora ditugasi kanggo mènèhi tandha. Ning, awaké dhéwé iki pelayan omah sing ditugasi kanggo martakké kabar apik lan ngandhani wong-wong nèk sedhéla manèh wong jahat bakal disingkirké. Awaké dhéwé kudu semangat nindakké kuwi, merga kuwi tugas sing penting. (Mat. 24:14; 28:18-20) Dadi, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong nindakké ibadah sing murni.​—1 Tim. 4:16.

17. Bèn isa diwènèhi tandha lan dislametké, saben wong kudu piyé?

17 Bèn isa dislametké, saben wong kudu mbuktèkké imané. Mbiyèn, ana wong-wong sing dislametké pas Yérusalèm dihancurké taun 607 SM. Kuwi merga kèt sakdurungé Yérusalèm dihancurké, wong-wong kuwi bener-bener ora seneng ndelok perkara-perkara sing njijiki lan péngin tetep setya karo Yéhuwah. Saiki, sakdurungé donya iki disingkirké, saben wong ya kudu ”sambat lan susah” merga apa sing jahat, maksudé bener-bener ora seneng karo apa sing jahat. Wong-wong ya kudu ndhukung ibadah sing murni. Kuwi kudu kétok saka omongan lan tumindaké. Carané piyé? Wong-wong kudu nampa kabar apik, niru sipat-sipaté Yésus, nggawé janji ngabdi lan dibaptis, lan terus ndhukung sedulur-seduluré Yésus. (Yèh. 9:4; Mat. 25:34-40; Éf. 4:22-24; 1 Ptr. 3:21) Mung wong-wong sing terus nindakké kuwi kèt saiki nganti sengsara gedhé sing bakal diwènèhi tandha lan dislametké.

18. (a) Piyé carané Yésus mènèhi tandha, lan kapan kuwi kelakon? (b) Apa wong-wong sing dipilih munggah swarga perlu diwènèhi tandha kaya wong-wong liyané? Terangna.

18 Sing mènèhi tandha wong-wong sing dislametké kuwi makhluk roh. Ing jamané Yèhèzkièl, wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi nggambarké para malaékat. Nèk jaman saiki, kuwi nggambarké Yésus sing bakal dadi Hakim lan ”teka nganggo kemuliaané”. (Mat. 25:31-33) Yésus bakal teka pas sengsara gedhé, sakwisé agama palsu dihancurké. * Terus, sakdurungé Armagédon dimulai, Yésus bakal ngadili wong-wong, utawa nentokké endi sing domba lan endi sing kambing. Wong-wong sing dianggep domba berarti wong-wong kuwi diwènèhi tandha. Wong-wong kuwi dadi bagéan saka ”kumpulan gedhé” sing bakal dislametké lan ”urip saklawasé”. (Why. 7:9-14; Mat. 25:34-40, 46) Terus, wong-wong sing dipilih munggah swarga piyé? Wong-wong kuwi ora perlu diwènèhi tandha kaya wong-wong liyané. Tapi, wong-wong kuwi bakal diwènèhi meterai. Ana sing diwènèhi meterai sakdurungé dhèwèké mati. Tapi, ya ana sing diwènèhi meterai sakdurungé sengsara gedhé dimulai lan bakal munggah swarga sakdurungé Armagédon dimulai.​—Why. 7:1-3.

19. Pas Yésus ngukum donya iki, sapa sing ngéwangi? (Deloken kothak ”Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?”)

19 Yésus, sing wis dadi Raja, bakal ngukum donya iki bareng karo pasukané ing swarga. Ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl, wong lanang enem sing nggawa senjata lagi mulai ngancurké sakwisé wong lanang sing nganggo klambi linèn rampung mènèhi tandha. (Yèh. 9:4-7) Dadi, sukmbèn donya iki bakal dihancurké sakwisé Yésus rampung ngadili wong-wong lan mènèhi tandha ing bathuké wong-wong sing dianggep domba. Terus, Yésus bakal matèni wong-wong sing jahat pas perang Armagédon. Yésus diéwangi karo pasukané, yaiku para malaékat lan 144.000 wong sing dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. Bar kuwi, wong-wong sing setya bakal dislametké lan isa urip ing donya anyar.​—Why. 16:14-16; 19:11-21.

20. Apa sing isa dipelajari saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl?

20 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga ana akèh sing isa dipelajari saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl, sing isa nguwatké awaké dhéwé. Awaké dhéwé dadi yakin nèk sing bakal dipatèni karo Yéhuwah mung wong-wong sing jahat. (Mzm. 97:10) Awaké dhéwé ya dadi ngerti piyé carané bèn isa diwènèhi tandha lan dislametké. Merga awaké dhéwé iki umaté Yéhuwah, awaké dhéwé kudu martakké kabar apik marang wong-wong sing sambat lan susah wektu ndelok apa sing jahat ing donya iki. Awaké dhéwé ya ngandhani wong-wong kuwi nèk sedhéla manèh donya iki bakal disingkirké. Dadi, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong ”sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé”, bèn wong-wong kuwi isa nindakké ibadah sing murni. (Kis. 13:48) Hasilé, wong-wong kuwi isa diwènèhi tandha, dislametké, lan urip saklawasé ing donya anyar.

^ par. 1 Wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi dibahas ing Bab 5.

^ par. 13 Ana buku sing njelaské nèk kata Ibrani kanggo kata ”kesalahan” ing ayat iki artiné ”dosa”. Buku liyané njelaské nèk kata kuwi dadi ”istilah keagamaan, sing maksudé nglakoni sing salah utawa sing bejat menurut Gusti Allah”.

^ par. 18 Kayané, pas Babilon Gedhé dihancurké, ora kabèh anggotané mèlu dipatèni. Mungkin wektu kuwi malah ana para pemimpin agama sing ninggalké agamané lan ngakuné ora nduwé agama.​—Za. 13:3-6.