Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 1B

Keterangan Buku Yèhèzkièl

Keterangan Buku Yèhèzkièl

Sing dibahas ing buku Yèhèzkièl yaiku:

BAB 1 NGANTI 3

Taun 613 SM, wektu ditawan ing Babilon bareng karo wong Yahudi liyané, Yèhèzkièl éntuk wahyu saka Yéhuwah. Terus, dhèwèké dikongkon nyampèkké ramalan marang wong-wong Yahudi sing manggon ing cedhak Kali Khébar.

BAB 4 NGANTI 24

Saka taun 613 nganti 609 SM, Yèhèzkièl ngramalké nèk Yérusalèm bakal dihancurké. Terus, penduduké sing seneng mbrontak lan nyembah brahala bakal dihukum.

BAB 25 NGANTI 32

Taun 609 SM, Yérusalèm dikepung wong Babilon. Kuwi terakhir kaliné wong Babilon ngepung Yérusalèm. Mulai taun kuwi, Yèhèzkièl ora nyampèkké berita penghukuman kanggo Yérusalèm manèh, ning kanggo bangsa-bangsa sing dadi mungsuhé Israèl, yaiku Ammon, Édom, Mesir, Moab, Filistin, Sidon, lan Tirus.

BAB 33 NGANTI 48

Taun 606 SM, kutha Yérusalèm lan bait sing ana ing kono wis hancur. Mulai taun kuwi, Yèhèzkièl ngramalké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Wektu kuwi, Yèhèzkièl manggon ing dhaérah sing adohé atusan kilomèter saka Yérusalèm.

Buku Yèhèzkièl ditulis sesuai urutan peristiwa lan critané. Yèhèzkièl ngramalké dhisik nèk Yérusalèm lan baité bakal dihancurké. Bar kuwi, Yèhèzkièl lagi ngramalké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Urutan kuwi cocog merga mesthiné ramalan nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh ditulis sakwisé ibadah ing bait wis ora ana manèh.

Ramalané Yèhèzkièl soal bangsa-bangsa sing dadi mungsuhé Israèl (bab 25 nganti 32) disampèkké sakwisé berita penghukuman kanggo Yérusalèm lan sakdurungé ramalan nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Ana ahli sing kandha nèk berita penghukuman kanggo bangsa-bangsa kuwi cocog disebutké ing tengah-tengah. Kuwi nduduhké nèk sakwisé nesu karo umaté, Gusti Allah mesakké karo umaté. Mula, Gusti Allah ngukum bangsa-bangsa sing dadi mungsuhé Israèl merga péngin mbébaské umaté.

Balik ing bab 1, paragraf 18