Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 4A

”Aku Lagi Nggatèkké Malaékat-Malaékat Kuwi”

”Aku Lagi Nggatèkké Malaékat-Malaékat Kuwi”

Yèhèzkièl mesthi tau ndelok patung-patung gedhé ing ngarepé istana lan kuil. Patung-patung kuwi bentuké sapi lanang lan singa sing nduwé sayap lan nduwé sirah sing bentuké manungsa. Patung-patung kuwi ana ing Asiria lan Babilon jaman mbiyèn. Kabèh wong, termasuk Yèhèzkièl, mesthi nggumun banget wektu ndelok patung sing dhuwuré mèh 6 mèter. Senajan kétok luar biasa, ning patung-patung kuwi mung benda mati sing digawé saka watu.

Kuwi béda banget karo ”malaékat” papat sing didelok Yèhèzkièl. Malaékat kuwi makhluk hidup, dudu benda mati. Saking nggumuné, Yèhèzkièl nyebutké kata ”malaékat” nganti luwih saka ping 10 wektu nyritakké wahyu sing didelok. (Yèh. 1:5-22) Ing wahyu kuwi, Yèhèzkièl ndelok nèk malaékat papat sing ana ing ngisor takhtané Yéhuwah mlakuné bareng. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ngendhalèni kabèh ciptaané. Saiki, wektu sinau soal wahyu sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi hébat, nduwé kuwasa sing gedhé, lan nduwé hak kanggo mréntah kabèh ciptaané.​—1 Bb. 29:11.