Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Acara kebaktian mbuktèkké nèk umaté Gusti Allah dibébaské saka agama palsu taun 1919

KOTHAK INFORMASI 9B

Taun 1919

Taun 1919

Apa buktiné nèk umaté Gusti Allah dibébaské saka agama palsu taun 1919? Awaké dhéwé isa ngerti buktiné saka ramalané Alkitab lan peristiwa taun 1914 nganti 1919.

Ramalané Alkitab lan peristiwa taun 1914 mbuktèkké nèk Yésus mulai mréntah dadi Raja ing swarga taun 1914. Sejak kuwi, akhir jaman dimulai. Sakwisé dadi Raja, Yésus ngapa waé? Apa dhèwèké langsung mbébaské umaté Gusti Allah saka agama palsu? Apa dhèwèké langsung nglantik ”budhak sing setya lan wicaksana” taun 1914? Apa dhèwèké langsung ngumpulké panènan?​—Mat. 24:45.

Ora. Rasul Pétrus ngramalké nèk wektu sing ditentokké kanggo ngadili ”dimulai saka umaté Gusti Allah”. (1 Ptr. 4:17) Nabi Maléakhi ya ngramalké nèk Yéhuwah bakal teka ing baité bareng karo ”utusan kanggo perjanjian”, yaiku Anaké Gusti Allah. (Mal. 3:1-5) Wektu kuwi, umaté Gusti Allah bakal diuji lan digawé murni. Apa ramalan-ramalan kuwi kelakon tenan?

Ya. Apa buktiné? Taun 1914 nganti awal taun 1919, Siswa-Siswa Alkitab, sing saiki disebut Seksi-Seksi Yéhuwah, diuji lan digawé murni. Taun 1914, akèh umaté Gusti Allah kecéwa merga akhir donya iki durung teka. Taun 1916, wong-wong kuwi tambah sedhih merga Charles T. Russell, sing wektu kuwi mimpin umaté Gusti Allah, mati. Wong-wong sing seneng banget karo Russell ora setuju nèk Joseph F. Rutherford nggantèni Russell. Kuwi nggawé umaté Gusti Allah ora rukun, nganti organisasi mèh terpecah taun 1917. Terus taun 1918, merga ana pengaruh saka pemimpin gréja, Rutherford karo pitu kancané diadili lan dipenjara. Kantor pusat ing Brooklyn ditutup. Kuwi bukti nèk umaté Gusti Allah durung dibébaské saka agama palsu.

Tapi taun 1919, keadaané langsung berubah. Awal taun 1919, Rutherford karo kanca-kancané dibébaské saka penjara. Wong-wong kuwi langsung nglanjutké tugasé. Ora let suwé, wong-wong kuwi ngrencanakké kebaktian lan ngrencanakké nerbitké majalah anyar sing jenengé The Golden Age (saiki jenengé Gatèkna!). Majalah iki digunakké kanggo nginjil. Terus, ana pengawas ing saben jemaat sing dipilih kanggo ngatur gawéan nginjil lan nyemangati para penginjil. Bar kuwi, bèn para penginjil isa éntuk petunjuk kanggo nginjil, Bulletin diterbitké (saiki jenengé Urip lan Nginjilé Wong Kristen—Jadwal Kagiyatan).

Dadi, apa kesimpulané? Taun 1919, Yésus mbébaské umaté Gusti Allah saka agama palsu. Dhèwèké nglantik budhak sing setya lan wicaksana. Panènan mulai dikumpulké lan hasilé saya akèh.