Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 10C

Yéhuwah Isa Nggawé Awaké Dhéwé Kuwat Manèh

Yéhuwah Isa Nggawé Awaké Dhéwé Kuwat Manèh

NÈK maca Yèhèzkièl 37:1-14, awaké dhéwé isa dikuwatké merga ana pelajaran sing apik sing ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Apa pelajarané?

Kadhang-kadhang, awaké dhéwé ngadhepi masalah sing abot. Akibaté, awaké dhéwé dadi strès lan ora semangat nglayani Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé isa dikuwatké nèk mikirké wahyu sing didelok Yèhèzkièl. Kok isa? Saka ramalané Yèhèzkièl, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah isa nguripké manèh wong mati sing wis dadi balung. Dadi, Yéhuwah mesthi ya isa nguwatké awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah sing abot, termasuk masalah sing kayané ora isa diatasi.​—Wacanen Mazmur 18:29; Flp. 4:13.

Atusan taun sakdurungé jamané Yèhèzkièl, Nabi Musa tau ngomong nèk Yéhuwah ora mung nduwé kuwasa ning ya gelem nggunakké kuwasané kanggo nguwatké umaté. Musa ngomong, ”Saka jaman mbiyèn, Gusti Allah sing nglindhungi, Dhèwèké bakal ndhukung kowé nganggo kekuwatané sing ana saklawasé.” (PT. 33:27) Nèk terus ngendelké Yéhuwah pas ngadhepi masalah, Yéhuwah bakal mbantu, ndhukung, lan nguwatké awaké dhéwé.​—Yèh. 37:10.