Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 13A

Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa

Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa

Bait sing Didelok Yèhèzkièl:

  • Dicritakké Yèhèzkièl marang wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon

  • Persembahan sing diwènèhké ing mézbahé ana akèh

  • Sing dibahas yaiku pathokané Yéhuwah soal carané ngibadah

  • Intiné yaiku ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh. Ing jamané awaké dhéwé kuwi kelakon mulai taun 1919

Bait Rohani:

  • Dijelaské Paulus ing suraté kanggo wong-wong Kristen ing Ibrani

  • Persembahan sing diwènèhké ing mézbahé mung siji thok lan diwènèhké ”ping pisan kanggo saklawasé” (Ibr. 10:10)

  • Sing dimaksud yaiku apa waé sing wis diatur Yéhuwah bèn umaté isa nindakké ibadah sing murni nganggo dhasar korban tebusané Yésus. Kuwi digambarké nganggo tabernakel, baité Salomo, lan baité Zérubabèl

  • Intiné yaiku apa sing dilakoni Yésus pas dadi Imam Agung kèt taun 29 nganti 33 M