Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 19A

Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yéhuwah

Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yéhuwah

Ing beberapa ayat Alkitab, kata ”kali” lan ”banyu” kerep dienggo nggambarké berkah saka Yéhuwah. Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti carané Yéhuwah mberkahi lan awaké dhéwé ya isa dikuwatké.

YOÈL 3:18 Ramalan iki nyritakké nèk ana mata air sing mili saka baité Yéhuwah menyang ”Lembah Syitim” sing gersang. Dadi, banyu sing didelok Yoèl lan Yèhèzkièl padha-padha mili saka baité Yéhuwah menyang dhaérah sing mauné ora seger, tapi akhiré dadi seger lan isa dienggoni makhluk hidup.

ZAKHARIA 14:8 Nabi Zakharia ndelok ”banyu sing marahi urip” ngalir saka Yérusalèm. Banyuné kuwi setengahé ngalir menyang laut sisih wétan, yaiku Laut Mati, lan setengahé ngalir menyang laut sisih kulon, yaiku Laut Tengah. Nah, Yérusalèm kuwi mbiyèn disebut kuthané ”Raja sing agung”, yaiku Yéhuwah. (Mat. 5:35) Mula, kutha Yérusalèm sing disebutké Zakharia kuwi nggambarké pamréntahané Gusti Allah sing bakal mréntah bumi. Terus, banyuné mau setengahé ngalir menyang Laut Mati lan setengahé ngalir menyang Laut Tengah. Kuwi nggambarké berkahé Yéhuwah kanggo wong-wong sing diuripké manèh ing Firdaus lan wong-wong sing slamet saka sengsara gedhé.

WAHYU 22:1, 2 Kali sing didelok Rasul Yohanes mèh padha karo kali sing didelok Yèhèzkièl. Tapi, kaliné kuwi mili saka takhtané Yéhuwah, dudu saka bait. Kaya kali sing didelok Zakharia, kali iki nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah pas Pamréntahan Sèwu Taun.

Dadi, bédané kali sing didelok Yohanes lan Yèhèzkièl yaiku sing siji asalé saka takhtané Yéhuwah lan sing siji saka bait Yéhuwah. Ning, loro-loroné padha-padha nggambarké berkah saka Yéhuwah kanggo umaté sing setya.

MAZMUR 46:4 Ayat iki nyritakké ana kali sing alirané nggawé seneng ”kuthané Gusti Allah” lan ”tabernakel suci sing agung duwèké Sing Mahaluhur”. ”Kuthané Gusti Allah” kuwi maksudé pamréntahané Yéhuwah. Terus, ”tabernakel suci sing agung duwèké Sing Mahaluhur” kuwi maksudé ibadah sing murni.

Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk carané Yéhuwah mberkahi wong-wong sing setya kuwi ana loro. Awaké dhéwé isa éntuk berkah saka: (1) pamréntahané Yéhuwah, lan (2) ibadah sing murni. Dadi, mulai saiki awaké dhéwé kudu nggolèk ”banyu sing marahi urip” saka Yéhuwah lan Yésus bèn isa urip saklawasé.​—Yér. 2:13; Yoh. 4:10.