Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 21A

”Tanah sing Kudu Disumbangké”

”Tanah sing Kudu Disumbangké”

YÈHÈZKIÈL 48:8

Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sumbangan. Ing tanah kuwi ana limang bagéan. Lima kuwi apa waé lan dienggo apa?

A. Tanah Sumbangan

Tanah iki dienggo kegiatan pengorganisasian.

YÈH. 48:8

B. ”Tanah sing Disumbangké”

Tanah iki disisihké kanggo para imam, wong Lèwi, lan kutha. Wong-wong saka 12 suku Israèl mara mrono kanggo ngibadah marang Yéhuwah lan ndhukung pengorganisasian sing ana ing kono.

YÈH. 48:20

C. ”Dhaérah Duwèké Pemimpin”

”Tanah kuwi bakal dadi duwèké pemimpin ing Israèl.” ”Tanah kuwi duwèké pemimpin.”

YÈH. 45:7, 8; 48:21, 22

D. ”Sumbangan Suci”

Tanah iki ya disebut ”bagéan sing suci”. Sing bagéan ndhuwur dienggo ”wong Lèwi”. Bagéan kuwi ”suci”. Sing bagéan tengah ”dadi sumbangan suci kanggo para imam”. ”Omahé wong-wong kuwi lan panggonan suci kanggo bait ana ing aréa kuwi.”

YÈH. 45:1-5; 48:9-14

E. ”Sisané Tanah”

”Tanah kuwi bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl”. Tanah kuwi ya bakal dadi ”duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha, yaiku kanggo omah lan padhang rumput”.

YÈH. 45:6; 48:15-19