Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Alkitab kandha, ”Kowé kabèh kuduné wis dadi guru.” (Ibr. 5:12) Yéhuwah kuwi guru sing paling hébat. Yéhuwah péngin awaké dhéwé mulangké Alkitab ing keluarga, ing jemaat, lan wektu nginjil. Kuwi tugas sing penting banget. Piyé carané bèn berhasil nindakké tugas kuwi?

Jawabané ana ing suraté Rasul Paulus kanggo Timotius, ’Terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang. Nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé.’ (1 Tim. 4:13, 16) Berita saka Alkitab sing kudu njenengan critakké isa nylametké wong liya. Mula, njenengan kudu ngupaya bèn isa trampil maca lan mulang. Buku iki isa mbantu njenengan. Ing buku iki ana:

Ayat sing dadi dhasar kanggo pelajaran sing lagi dirembug. Ayat kuwi isiné isa conto utawa pathokan Alkitab

Buku iki isa mbantu njenengan dadi luwih trampil maca lan mulang. Senajan ngono, berita sing njenengan critakké kuwi asalé saka Yéhuwah merga Yéhuwah sing mulang awaké dhéwé, lan mung Yéhuwah sing isa narik wong-wong bèn dadi abdiné. (Yé. 30:20; Yoh. 6:44) Mula, njenengan kudu terus nggunakké Alkitab lan ndonga njaluk bantuané Yéhuwah liwat roh suciné. Njenengan kudu mbantu wong-wong bèn nresnani Yéhuwah.

Aku lan para sedulur yakin nèk njenengan mesthi isa berhasil mulangké berita sing penting banget iki nèk ”ngendelké kekuwatan sing diparingké Gusti Allah”.​—1 Ptr. 4:11.

Kanca nyambut gawému,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah