Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 3

Nggunakké Pitakonan

Nggunakké Pitakonan

Matius 16:13-16

RINGKESAN: Gunakna pitakonan sing cocog bèn wong penasaran karo topik sing dirembug, gelem dijak mikir, lan ngerti gagasan utamané.

CARANÉ:

  • Nggawé wong penasaran. Gunakna pitakonan bèn wong sing dijak omong dadi penasaran utawa dadi mikirké topik sing lagi dirembug.

  • Ngejak mikir. Gunakna pitakonan bèn sing dijak omong isa nggawé kesimpulan sing bener.

  • Njelaské gagasan utamané. Gunakna pitakonan sakdurungé ngrembug gagasan utama. Awaké dhéwé ya isa nggunakké pitakonan sakwisé ngrembug gagasan sing penting utawa ing bagéan akhir rembugan.