Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 5

Maca nganggo Cara sing Bener

Maca nganggo Cara sing Bener

1 Timotius 4:13

RINGKESAN: Maca nganggo swara sing banter lan persis kaya sing ana ing tèks.

CARANÉ:

  • Persiapan. Pikirna tujuané tèks kuwi ditulis. Awaké dhéwé kudu latihan maca kelompok kata, dudu kata per kata. Aja nambahké, nglompati, utawa ngubah kata-kata. Gatèkna tanda baca, misalé tanda tanya, koma, utawa titik.

  • Ngucapké kata-kata nganggo cara sing bener. Nèk ora ngerti carané nyebutké kata tertentu, rungokna rekaman swara saka wacan-wacan Alkitab, utawa takon karo wong sing macané apik.

  • Ngomong sing jelas. Kata-katané kudu jelas wektu diucapké, sirahé aja ndhingkluk, lan cangkemé dibukak sing amba.