Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 10

Nada Swara

Nada Swara

Matius 20:31

RINGKESAN: Bèn isa nyampèkké perasaan lan gagasan sing cocog karo bahané, gunakna kecepatan, nada, lan volume swara sing pas.

CARANÉ:

  • Nganggo volume swara sing cocog. Omonga luwih banter wektu nduduhké gagasan utama, ngejak sing ngrungokké bèn ngetrapké, utawa maca berita penghukuman. Omonga luwih alon kanggo nduduhké rasa wedi lan kuwatir, utawa bèn wong liya penasaran karo omongané awaké dhéwé sakterusé.

  • Nggunakké nada swara sing cocog. Gunakna nada swara sing dhuwur kanggo nduduhké semangat, jarak, lan ukuran. Gunakna nada swara sing rendah kanggo nduduhké rasa sedhih lan kuwatir.

  • Nggunakké kecepatan sing cocog. Omonga luwih cepet kanggo nduduhké rasa seneng. Omonga luwih lambat wektu njelaské gagasan utama.