Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 11

Semangat

Semangat

Roma 12:11

RINGKESAN: Kudu semangat wektu ngomong bèn sing ngrungokké dadi péngin ngetrapké sing dirembug.

CARANÉ:

  • Mikirké tenanan bahané. Wektu persiapan, pikirna tujuané topik kuwi dirembug. Nèk ngerti tenan bahané, awaké dhéwé isa njelaské nganggo kata-katané dhéwé.

  • Mikirké manfaaté topik kuwi lan carané nyampèkké. Pikirna manfaaté topik sing arep dirembug kanggo sing ngrungokké. Awaké dhéwé ya kudu mikirké carané nyampèkké katrangan kuwi bèn gampang dingertèni lan ditrapké.

  • Kudu semangat lan wajar wektu ngomong. Kudu semangat wektu ngomong. Perasaané awaké dhéwé isa kétok saka gerakan sing wajar lan wajahé awaké dhéwé.