Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 12

Ramah lan Perduli

Ramah lan Perduli

1 Tésalonika 2:7, 8

RINGKESAN: Kudu ramah lan perduli karo sing ngrungokké.

CARANÉ:

  • Mikirké perasaané wong sing ngrungokké. Pikirna masalah sing lagi diadhepi wong sing ngrungokké lan perasaané.

  • Aja sembarangan wektu ngomong. Omongané awaké dhéwé kudu nguwatké lan nyemangati. Aja nganti nggawé wong sing ngrungokké ngrasa ora nyaman. Aja ngèlèk-èlèk wong sing dudu Seksi Yéhuwah lan agamané.

  • Nduduhké rasa perduli. Rasa perduliné awaké dhéwé isa kétok saka nada swara, gerakan, lan wajahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa kerep senyum.