PELAJARAN 17
Gampang Dingertèni
CARANÉ:
-
Persiapan. Kudu ngerti tenan bahané bèn awaké dhéwé isa njelaské nganggo kata-katané dhéwé lan nganggo cara sing sederhana.
-
Nggunakké kalimat sing singkat. Gunakna kalimat sing singkat bèn gagasané langsung dipahami karo sing ngrungokké.
-
Nerangké kata-kata sing angèl dingertèni. Aja kakèhan nggunakké kata-kata sing ora gampang dingertèni. Nèk pancèn kudu digunakké, terangna maksudé. Misalé, awaké dhéwé isa nerangké kata-kata sing jarang digunakké, tokoh Alkitab, kebiasaan ing jaman Alkitab, lan ukuran sing digunakké wektu kuwi.