Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 02

Janji ing Alkitab

Janji ing Alkitab

Wong-wong saiki ngrasa susah, sedhih, lan kuwatir merga ngadhepi masalah. Apa njenengan ya tau ngrasa ngono? Mungkin njenengan susah merga lara utawa ditinggal mati. Isa waé njenengan mikir, ’Apa aku bakal susah terus?’ Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

1. Ing Alkitab ana janji apa?

Ing Alkitab dijelaské ngapa kok saiki wong padha susah lan ngapa kok sukmbèn wong ora bakal susah manèh. Ing kono ya ana janji nèk njenengan ”isa nduwé masa depan lan harapan”. (Wacanen Yérémia 29:​11, 12.) Nèk ngerti janji kuwi, awaké dhéwé isa tetep semangat wektu ngadhepi masalah. Awaké dhéwé ya isa bahagia saiki lan saklawasé.

2. Menurut Alkitab, piyé uripé awaké dhéwé sukmbèn?

Ing Alkitab dijelaské nèk sukmbèn ”ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh”. (Wacanen Wahyu 21:4.) Sukmbèn ora bakal ana manèh wong mlarat, wong jahat, wong lara, lan wong mati. Ing Alkitab ana janji nèk manungsa isa urip bahagia saklawasé ing Firdaus, yaiku bumi sing apik banget.

3. Piyé bèn isa percaya nèk janji ing Alkitab mesthi bakal kelakon?

Akèh wong péngin urip bahagia tapi rumangsa nèk kuwi ora bakal kelakon. Ning, janji ing Alkitab mesthi bakal kelakon. Bèn isa percaya nèk janji kuwi mesthi bakal kelakon, awaké dhéwé kudu ”mriksa Kitab Suci”. (Kisah 17:11) Nèk sinau Alkitab, njenengan isa percaya nèk janji kuwi mesthi bakal kelakon.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan nèk sukmbèn uripé awaké dhéwé dadi luwih pénak, lan ana pengalamané wong sing akhiré bahagia merga ngerti janji kuwi.

4. Ing Alkitab ana janji nèk awaké dhéwé isa urip bahagia saklawasé

Gatèkna janji-janji ing ngisor iki. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Lha ngapa?

Wacanen ayat sing ana ing kono, terus jawaben pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa njenengan percaya nèk janji-janji kuwi mesthi bakal kelakon? Apa keluarga lan kanca-kancané njenengan ya percaya?

Bayangna nèk ing bumi

ORA ANA SING . . .

KABÈH ISA . . .

  • terus séhat lan kuwat kaya cah enom.​—Ayub 33:25.

  • kèlingan karo kabèh sing marahi sedhih lan lara ati.​—Yésaya 65:17.

5. Luwih bahagia merga ngerti janji ing Alkitab

Akèh wong kecéwa utawa nesu merga ngadhepi masalah. Ana sing berusaha ngatasi masalahé wong-wong ing donya iki. Deloken pengalamané wong sing bahagia merga ngerti janji ing Alkitab. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ing vidéo kuwi, Rafika ngalami apa?

  • Meskipun isih ana wong sing mbédak-mbédakké wong liya, Rafika tetep bahagia. Lha ngapa?

Nèk ngerti janji ing Alkitab, awaké dhéwé isa tetep semangat meskipun ngadhepi masalah. Wacanen Wulang Bebasan 17:22 lan Roma 12:​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa njenengan dadi luwih bahagia merga ngerti janji ing Alkitab? Lha ngapa?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Mosok janji ing Alkitab isa kelakon?”

  • Ngapa kok njenengan kudu mbuktèkké dhéwé nèk janji ing Alkitab mesthi kelakon?

KESIMPULAN

Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa percaya nèk janji ing Alkitab mesthi kelakon. Awaké dhéwé ya tetep semangat meskipun ngadhepi masalah.

Jawaben

  • Ngapa kok wong-wong kudu ngerti janji ing Alkitab?

  • Apa waé janji ing Alkitab?

  • Sakwisé ngerti janji kuwi, njenengan dadi piyé?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Deloken vidéo musik iki, terus bayangna njenengan sak keluarga urip ing Firdaus.

Bayangna (3:​37)

Wacanen pengalamané wong sing berusaha ngatasi masalahé wong-wong tapi akhiré ngerti janji ing Alkitab.

”Saiki Aku Percaya Nèk Mung Yéhuwah sing Isa Ngrampungi Masalah ing Donya Iki” (Warta Penting 1 Juli 2013)