Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 07

Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?

Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?

Menurut njenengan, Gusti Allah Yéhuwah kuwi kaya apa? Apa njenengan nganggep nèk Dhèwèké adoh banget kaya bintang ing langit nganti njenengan rumangsa ora pantes cedhak karo Dhèwèké? Utawa apa njenengan nganggep nèk Yéhuwah kuwi mung kekuwatan kaya badai? Ing Alkitab ana keterangan soal sifat-sifaté Yéhuwah. Ing kono ya dijelaské nèk Yéhuwah perduli karo njenengan.

1. Ngapa kok Gusti Allah ora isa didelok?

”Gusti Allah kuwi ora kétok.” (Yohanes 4:​24) Badané Yéhuwah ora kaya badané manungsa. Yéhuwah kuwi ora kétok, lan Dhèwèké manggon ing swarga.

2. Apa waé sifaté Yéhuwah?

Yéhuwah pancèn ora isa didelok, ning nèk ngerti sifat-sifaté, awaké dhéwé isa sayang karo Dhèwèké. Menurut Alkitab, ”Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil, lan Dhèwèké ora bakal ninggalké wong sing setya.” (Mazmur 37:28) Dhèwèké ya ”gampang mesakké lan nduwé rasa sayang”, terutama karo wong sing susah. (Yakobus 5:​11) ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.” (Mazmur 34:18) Tingkah lakuné awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng utawa sedhih. Yéhuwah sedhih nèk awaké dhéwé nglakoni sing salah. (Mazmur 78:​40, 41) Tapi, Dhèwèké seneng nèk awaké dhéwé nglakoni sing bener.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

3. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo manungsa?

Sifaté Yéhuwah sing utama kuwi katresnan. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yohanes 4:8) Awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo manungsa liwat Alkitab lan ciptaané. (Wacanen Kisah 14:17.) Contoné, Gusti Allah nyiptakké manungsa. Manungsa isa ndelok werna sing apik, ngrungokké musik, lan ngrasakké panganan sing énak. Yéhuwah péngin manungsa bahagia.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan soal piyé bèn kabèh sing dikarepké Yéhuwah kelakon lan piyé Yéhuwah nduduhké sifat-sifaté.

4. Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah

Yéhuwah nggunakké roh suciné kaya manungsa nggunakké tangané. Menurut Alkitab, roh suci kuwi dudu Gusti Allah, tapi kekuwatané Gusti Allah. Wacanen Lukas 11:13 lan Kisah 2:​17, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk awaké dhéwé njaluk roh suci, Gusti Allah mesthi ’bakal mènèhi’. Mula menurut njenengan, roh suci kuwi makhluk roh utawa kekuwatané Gusti Allah? Terangna.

Bèn kabèh sing dikarepké kelakon, Yéhuwah nggunakké roh suciné. Wacanen Mazmur 33:​6, ctn. lan 2 Pétrus 1:​20, 21, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo ngapa waé?

5. Sifat-sifaté Yéhuwah

Meskipun wis dadi abdiné Gusti Allah, Musa péngin luwih akrab karo Gusti Allah. Makané Musa ngomong, ”Tulung bantu aku bèn ngerti soal sing mbok tindakké, bèn aku isa kenal karo Njenengan.” (Pangentasan 33:13) Bar kuwi, Yéhuwah ngandhani sifat-sifaté. Wacanen Pangentasan 34:​4-6, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa waé sifaté Yéhuwah ing ayat kuwi?

  • Sifaté Yéhuwah endi sing paling njenengan senengi?

6. Yéhuwah nggatèkké umaté

Umaté Gusti Allah, yaiku wong Israèl jaman mbiyèn, dadi budhak ing Mesir. Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok umaté susah? Rungokna AUDIONÉ utawa wacanen Pangentasan 3:​1-​10. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok manungsa susah?​—Deloken ayat 7 karo 8.

  • Menurut njenengan, apa Yéhuwah mémang péngin nulungi manungsa? Apa Dhèwèké isa? Lha ngapa?

7. Sifat-sifaté Yéhuwah kétok saka ciptaané

Awaké dhéwé isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah saka ciptaané. Setèlen VIDÉONÉ. Terus wacanen Roma 1:​20 lan rembugen pertanyaan iki:

  • Saka ciptaané, njenengan isa ngerti sifaté Yéhuwah sing endi?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Gusti Allah kuwi ora nyata.”

  • Menurut njenengan piyé?

  • Ngapa kok njenengan njawab ngono?

KESIMPULAN

Yéhuwah kuwi ora kétok, tapi Dhèwèké nduwé perasaan. Sifaté sing utama kuwi katresnan.

Jawaben

  • Ngapa kok Yéhuwah ora isa didelok?

  • Roh suci kuwi apa?

  • Apa waé sifat-sifaté Yéhuwah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa buktiné nèk Gusti Allah ora ing endi-endi?

”Apa Gusti Allah Ana ing Endi-Endi?” (Artikel ing jw.org)

Ngapa kok Alkitab nyebut nèk roh suci kuwi tangané Gusti Allah?

”Roh Suci Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

Critakna pengalamané wong lanang sing wuta sing akhiré ngrasa nèk Gusti Allah perduli karo dhèwèké.

”Saiki Aku Isa Mbantu Wong Liya” (Warta Penting 1 Oktober 2015)