Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 09

Ndonga karo Gusti Allah

Ndonga karo Gusti Allah

Apa njenengan ngrasa butuh tuntunané Gusti Allah? Apa njenengan péngin dibantu ngatasi masalah? Apa njenengan butuh bantuané Gusti Allah bèn semangat manèh? Apa njenengan péngin luwih cedhak karo Gusti Allah? Njenengan isa ndonga karo Gusti Allah. Ning, piyé carané? Apa Gusti Allah njawab dongané kabèh wong? Piyé bèn dongané njenengan dijawab? Ing pelajaran iki ana jawabané.

1. Awaké dhéwé kudu ndonga karo sapa, lan apa waé sing isa didongakké?

Yésus ngongkon awaké dhéwé ndonga karo Yéhuwah. Yésus dhéwé ya ndonga karo Yéhuwah. Yésus ngomong, ”Mula, kowé kudu ndonga kaya ngéné: ’Bapakku sing ana ing swarga . . .’” (Matius 6:9) Awaké dhéwé isa luwih akrab karo Yéhuwah nèk ndonga.

Awaké dhéwé isa ndongakké apa waé. Tapi bèn donga kuwi dijawab, kudu sesuai karo karepé Gusti Allah. Menurut Alkitab, ”Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.” (1 Yohanes 5:​14) Yésus ngandhani apa waé sing kudu didongakké. (Wacanen Matius 6:​9-​13.) Sakliyané ndongakké kebutuhané awaké dhéwé, aja lali ngucap syukur karo Yéhuwah lan ndongakké wong liya.

2. Wektu ndonga kudu piyé?

Menurut Alkitab, ”Critakna kabèh perasaanmu marang [Gusti Allah].” (Mazmur 62:8) Dadi, awaké dhéwé kudu ndonga saka ati. Ndonga isa dibatin utawa nganggo swara. Yéhuwah ya ora ngongkon awaké dhéwé kudu sujud, lungguh, utawa ngadeg wektu ndonga, sing penting awaké dhéwé kudu ngajèni Dhèwèké. Awaké dhéwé isa ndonga kapan waé lan ing endi waé.

3. Piyé Yéhuwah njawab donga?

Yéhuwah njawab donga liwat Alkitab. Ing Alkitab ana saran-saran kanggo ngatasi masalah. Nèk maca Alkitab, ”wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana”. (Mazmur 19:7; wacanen Yakobus 1:5.) Pas awaké dhéwé butuh bantuan, Yéhuwah ya isa njawab donga liwat sedulur seiman lan nggawé bèn pikirané awaké dhéwé tetep tenang wektu ngadhepi masalah.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan piyé bèn dongané awaké dhéwé sesuai karo karepé Gusti Allah lan apa manfaaté donga.

4. Donga sing dijawab

Donga kaya apa sing dijawab Gusti Allah, lan donga kaya apa sing ora dijawab? Setèlen VIDÉONÉ.

Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga. Wacanen Mazmur 65:​2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Gusti Allah kuwi ”sing ngrungokké donga”. Menurut njenengan, apa Gusti Allah ya péngin njenengan ndonga? Lha ngapa kok njenengan njawab ngono?

Kudu manut karo Gusti Allah nèk péngin dongané awaké dhéwé dijawab. Wacanen Mikha 3:4 lan 1 Pétrus 3:​12, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé bèn dongané awaké dhéwé dijawab?

Pas perang, tentara padha ndonga bèn menang. Apa mungkin Gusti Allah njawab dongané?

5. Ndonga kudu saka ati

Ana wong-wong sing dongané diapalké, tapi apa Gusti Allah péngin awaké dhéwé kaya ngono? Wacanen Matius 6:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Wektu ndonga, piyé bèn ora ”ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni”?

Saben dina, pikirna siji waé berkah saka Yéhuwah. Njenengan isa bersyukur kanggo berkah kuwi. Nèk saben dina siji, berarti seminggu ana pitu berkah sing isa disyukuri.

Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga saka ati kaya anak ngomong karo bapaké

6. Manfaaté ndonga

Nèk ndonga, awaké dhéwé isa tetep kuwat terutama pas ngadhepi masalah. Apa buktiné? Setèlen VIDÉONÉ.

Gusti Allah janji nèk awaké dhéwé ndonga, awaké dhéwé bakal ngrasa luwih tenang. Wacanen Filipi 4:​6, 7, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Meskipun masalahé tetep ana, apa manfaaté ndonga?

  • Njenengan péngin ndongakké apa waé?

Keterangan

Kata ”amin” artiné ”dadia kaya ngono” utawa ”muga-muga kelakon”. Kèt mbiyèn, kata kuwi diucapké ing akhir donga. ​—1 Babad 16:36.

7. Aja lali ndonga

Saking sibuké, kadhang awaké dhéwé lali ndonga. Apa buktiné nèk Yésus nganggep ndonga kuwi penting banget? Wacanen Matius 14:23 lan Markus 1:​35, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé bèn Yésus nduwé wektu kanggo ndonga?

  • Nèk njenengan, kapan arep ndonga?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ora usah ndonga. Dongaku ora tau dijawab.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Nèk kerep ndonga, awaké dhéwé dadi luwih akrab karo Gusti Allah, pikiran dadi luwih tenang, lan dibantu bèn isa terus manut karo Yéhuwah.

Jawaben

  • Awaké dhéwé kudu ndonga karo sapa?

  • Wektu ndonga kudu piyé?

  • Apa manfaaté ndonga?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ngapa kok kudu ndonga? Piyé bèn dongané awaké dhéwé ora ngono-ngono waé?

”Kenapa Kudu Ndonga?” (Artikel ing jw.org)

Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ndonga karo sapa?

”Apa Kudu Ndonga karo Santo?” (Artikel ing jw.org)

Ing vidéo musik iki, awaké dhéwé isa ndonga kapan waé lan ing endi waé.

Seneng Ndonga (1:22)