Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 13

Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah

Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah

Nèk Gusti Allah ngajari manungsa bèn padha-padha nresnani, ngapa kok wong sing ngakuné nyembah Gusti Allah kelakuané ora bener? Soalé agamané palsu. Wong-wong kuwi nggawé èlèk jenengé Gusti Allah. Apa buktiné? Piyé perasaané Gusti Allah soal kuwi? Mengko wong-wong kuwi arep diapakké?

1. Apa buktiné nèk ajaran agama palsu nggawé èlèk jenengé Gusti Allah?

Para pemimpin agama nggawé wong-wong ”luwih percaya karo apa sing ora bener lan ora percaya karo apa sing bener soal Gusti Allah”. (Roma 1:​25) Contoné, para pemimpin agama ora ngajarké jenengé Gusti Allah, padahal ing Alkitab ditulis nèk awaké dhéwé kudu nyebut jenengé Gusti Allah. (Roma 10:​13, 14) Para pemimpin agama ya ngajarké nèk Gusti Allah nggawé manungsa susah, padahal kuwi ora bener. (Wacanen Yakobus 1:13.) Akibaté, wong-wong dadi ora isa cedhak karo Gusti Allah.

2. Apa buktiné nèk kelakuané para pemimpin agama nggawé èlèk jenengé Gusti Allah?

Kelakuané para pemimpin agama ora sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Menurut Alkitab, wong-wong kuwi ”dosané wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit”. (Wahyu 18:5) Wong-wong kuwi mèlu politik, ndhukung perang, lan nyebabké akèh wong mati. Ana pemimpin agama sing sugih merga uripé ditanggung anggota jemaaté. Kuwi kabèh bukti nèk wong-wong kuwi ora kenal Gusti Allah, makané ora pantes ngaku dadi umaté.​—Wacanen 1 Yohanes 4:8.

3. Piyé pandhangané Yéhuwah soal agama palsu?

Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok kelakuané para pemimpin agama palsu? Meskipun Yéhuwah sayang manungsa, tapi Dhèwèké ora seneng karo para pemimpin agama sing kelakuané ora bener lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Yéhuwah janji nèk agama palsu bakal disingkirké ”nganti ora isa ditemokké manèh”. (Wahyu 18:21) Kuwi bakal kelakon ora suwé manèh.​—Wahyu 18:8.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo dirembug piyé pandhangané Gusti Allah soal agama palsu, piyé kelakuané wong-wong sing agamané palsu, lan ngapa kok njenengan kudu terus cedhak karo Yéhuwah.

4. Ora kabèh agama bener menurut Gusti Allah

Akèh wong nganggep nèk agama kuwi kaya dalan. Meskipun dalané béda-béda, tapi tujuané padha, yaiku Gusti Allah. Apa kuwi bener? Wacanen Matius 7:​13, 14, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Alkitab, dalan endi sing ngarah ing urip?

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Alkitab, apa Gusti Allah nganggep nèk kabèh agama kuwi bener?

5. Wong-wong sing agamané palsu ora sayang karo wong liya

Para pemimpin agama wis nggawé èlèk jenengé Gusti Allah, salah siji buktiné ndhukung perang. Contoné, setèlen VIDÉONÉ. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa buktiné gréja-gréja ndhukung Perang Donya II?

  • Piyé pendapaté njenengan soal kuwi?

Wacanen Yohanes 13:​34, 35 lan 17:16. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok para pemimpin agama ndhukung perang?

  • Wong-wong sing agamané palsu nyusahké wong liya. Menurut njenengan, apa buktiné nèk wong-wong kuwi ora sayang karo wong liya?

Wong-wong sing agamané palsu ora sayang karo wong liya

6. Gusti Allah ora péngin wong-wong mèlu agama palsu

Wacanen Wahyu 18:​4, a terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Gusti Allah ora péngin wong-wong mèlu agama palsu?

7. Terus cedhak karo Yéhuwah

Apa kelakuan lan ajarané wong-wong sing agamané palsu nggawé njenengan dadi ora gelem cedhak manèh karo Gusti Allah? Nèk misalé ana anak sing ora manut karo bapaké, terus minggat lan uripé dadi ora nggenah, apa kuwi salahé bapaké?

  • Mosok arep nyalahké Yéhuwah, terus wegah cedhak karo Yéhuwah manèh mung gara-gara ndelok kelakuané wong-wong sing agamané palsu?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kabèh agama mesthi ngajarké sing apik.”

  • Apa njenengan ya mikir kaya ngono?

  • Meskipun akèh sing nganggep nèk kabèh agama ngajarké sing apik, ngapa kok ana agama sing ora disenengi Gusti Allah?

KESIMPULAN

Ajaran lan kelakuané wong-wong sing agamané palsu wis nggawé èlèk jenengé Gusti Allah. Agama palsu bakal disingkirké.

Jawaben

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti soal ajaran lan kelakuané para pemimpin agama?

  • Piyé pandhangané Yéhuwah soal agama palsu?

  • Wong-wong sing agamané palsu arep diapakké?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ngapa kok ana agama sing ora disenengi Gusti Allah?

”Apa Kabèh Agama Disenengi Gusti Allah?” (Artikel ing jw.org)

Ngapa kok kudu ngumpul bareng pas ngibadah?

”Apa Kudu Ngumpul Bareng Pas Ngibadah?” (Artikel ing jw.org)

Ana pengalamané pastor sing ngrasa nèk ajaran gréjané ora bener, tapi akhiré dhèwèké sinau Alkitab.

”Ngapa Kok Ora Dadi Pastor Manèh?” (Gatèkna! Februari 2015)

Para pemimpin agama ngajarké sing salah soal Gusti Allah. Apa waé?

”Ajaran-Ajaran sing Ora Bener soal Gusti Allah” (Warta Penting 1 November 2013)

a Deloken Cathetan 1 bèn ngerti ngapa kok ing buku Wahyu agama palsu digambarké kaya wong wédok sing jenengé Babilon Gedhé.