Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 18

Ciri-ciriné Wong Kristen Menurut Alkitab

Ciri-ciriné Wong Kristen Menurut Alkitab

Ana akèh sing ngaku Kristen tapi ajarané béda-béda, terus kelakuané ya ora sesuai karo sing diajarké. Dadi menurut Alkitab, wong Kristen kuwi kuduné piyé?

1. Apa maksudé sebutan Kristen?

Kristen kuwi artiné murid utawa pengikuté Yésus Kristus. (Wacanen Kisah 11:26.) Yésus ngomong, ”Nèk kowé terus percaya karo wulanganku, kowé kuwi bener-bener muridku.” (Yohanes 8:​31) Kuwi berarti wong Kristen kudu manut ajarané Yésus. Kaya Yésus, ajarané wong Kristen ya kudu sesuai karo isiné Alkitab.​—Wacanen Lukas 24:27.

2. Apa buktiné nèk wong Kristen sayang karo wong liya?

Yésus ngongkon murid-muridé bèn ’padha-padha nresnani kaya Yésus wis nresnani murid-muridé’. (Yohanes 15:12) Buktiné, Yésus seneng ngajari, nyemangati, lan bergaul karo murid-muridé. Malah Yésus ya gelem mati kanggo murid-muridé. (1 Yohanes 3:​16) Kaya Yésus, wong Kristen kuduné ora mung ngomong nèk sayang karo wong liya, tapi ya mbuktèkké kuwi liwat perbuatané.

3. Apa tugas utamané wong Kristen?

Yésus ngekèki tugas murid-muridé bèn ”ngumumké soal Kerajaané Gusti Allah”. (Lukas 9:2) Murid-muridé Yésus jaman mbiyèn ngumumké ora mung ing panggonan kanggo ngibadah tapi ya ing panggonan-panggonan umum lan ing omah-omah. (Wacanen Kisah 5:​42; 17:17.) Murid-muridé Yésus jaman saiki ya seneng nyritakké isiné Alkitab karo wong liya. Wong-wong kuwi seneng nyritakké kabar apik ing Alkitab merga sayang karo wong liya.​—Markus 12:31.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan soal bédané wong sing bener-bener Kristen karo wong sing ngaku-ngaku Kristen.

4. Sinau sing bener saka Alkitab

Wong Kristen jaman mbiyèn percaya isiné Alkitab

Wong sing ngaku-ngaku Kristen ora nganggep nèk isiné Alkitab kuwi bener. Setelen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa buktiné gréja-gréja sing ngaku Kristen ora ngajarké ajarané Yésus?

Menurut Yésus, ajaran sing bener kuwi saka Alkitab. Wacanen Yohanes 18:​37, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Yésus, ”wong sing manut karo apa sing bener” bakal piyé?

5. Martakké isiné Alkitab

Wong Kristen jaman mbiyèn martakké kabar apik

Sakdurungé munggah swarga, Yésus ngekèki tugas kanggo murid-muridé. Wacanen Matius 28:​19, 20 lan Kisah 1:​8, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Murid-muridé Yésus bakal martakké kabar apik nganti kapan lan tekan endi?

6. Ngetrapké sing diajarké

Piyé Tom akhiré ngerti sapa sing ngetrapké ajarané Yésus? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan- pertanyaan iki:

  • Apa waé sing marahi Tom kecéwa karo agama?

  • Apa sing nggawé Tom yakin nèk saiki dhèwèké ngerti sapa sing bener-bener ngetrapké isiné Alkitab?

Tingkah laku luwih penting timbang omongan. Wacanen Matius 7:​21, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yésus péngin murid-muridé mung percaya thok, apa ya ngetrapké ajarané?

7. Sayang karo seduluré

Wong Kristen jaman mbiyèn seneng berbagi karo sedulur seimané.

Muridé Yésus sayang karo seduluré nganti réla mati. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Lloyd réla mati kanggo Sedulur Johansson?

  • Apa wong Kristen ya kuduné kaya ngono?

Wacanen Yohanes 13:​34, 35, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Meskipun béda suku lan bangsané, murid-muridé Yésus kudu piyé karo wong liya?

  • Piyé nèk misalé dikon perang?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Akèh wong Kristen sing kelakuané ora bener, mosok agama Kristen kuwi agama sing bener?”

  • Ayat endi sing isa dienggo njelaské ciri-ciriné wong Kristen menurut Alkitab?

KESIMPULAN

Menurut Alkitab, wong Kristen kudu manut ajarané Yésus, sayang karo seduluré, lan martakké isiné Alkitab.

Jawaben

  • Ajarané wong Kristen kuduné sesuai karo apa?

  • Wong Kristen kuduné nduwé sifat apa?

  • Apa tugas utamané wong Kristen?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana wong-wong sing berusaha niru Yésus lan ngetrapké ajarané.

Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Sapa? (1:​13)

Wacanen pengalamané wong sing wis ora dadi suster Katolik manèh, tapi saiki nduwé sedulur seiman sing kaya keluargané dhéwé.

”Kabèh Dijelaské saka Alkitab” (Warta Penting 1 April 2014)

Apa buktiné nèk wong Kristen sayang karo seduluré? Deloken vidéoné.

Mbantu Wektu Kena Bencana​—Cuplikan (3:​57)

Apa buktiné nèk murid-muridé Yésus jaman mbiyèn karo jaman saiki bener-bener ngetrapké ajarané Yésus?

”Apa Ciri-ciriné Wong Kristen Menurut Alkitab?” (Warta Penting 1 Maret 2012)