Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 20

Carané Yéhuwah Ngatur Jemaat Kristen Liwat Yésus

Carané Yéhuwah Ngatur Jemaat Kristen Liwat Yésus

Yéhuwah seneng nèk kabèh teratur. (1 Korintus 14:33) Iki berarti umaté ya mesthi tertib. Piyé carané jemaat Kristen diatur? Piyé bèn awaké dhéwé isa terus manut arahan ing jemaat?

1. Sapa sing dadi kepalané jemaat Kristen?

”Kristus kuwi kepalané jemaat.” (Éfésus 5:​23) Saka swarga, Yésus mimpin kabèh umaté Yéhuwah. Yésus milih ”budhak sing setya lan wicaksana”, yaiku sak kelompok pinituwa sing disebut Pengurus Pusat. (Wacanen Matius 24:​45-​47.) Kaya para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm mbiyèn, Pengurus Pusat ya ngarahké jemaat-jemaat sak donya. (Kisah 15:2) Wong-wong kuwi dudu pemimpiné Seksi-Seksi Yéhuwah. Sing ngarahké wong-wong kuwi sakjané Yéhuwah karo Yésus liwat Alkitab.

2. Pinituwa kuwi apa, terus apa waé tugasé?

Para pinituwa kuwi wong-wong lanang sing kuwat imané, sing tugasé mulang isiné Alkitab, lan nyemangati umaté Yéhuwah bèn terus setya karo Yéhuwah. Para pinituwa ora dibayar, tapi ’réla dadi pelayané Gusti Allah, semangat wektu nindakké kuwi, lan ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur’. (1 Pétrus 5:​1, 2) Para pinituwa dibantu karo abdiné jemaat. Abdiné jemaat kuwi ya mengkoné isa waé dadi pinituwa.

Ana pinituwa sing dipilih karo Pengurus Pusat bèn dadi pinituwa wilayah. Pinituwa wilayah tugasé marani jemaat-jemaat bèn isa mènèhi arahan lan nyemangati para sedulur. Pinituwa wilayah tugasé ya nyetujoni sedulur-sedulur lanang sing isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat sesuai syarat ing Alkitab.​—1 Timotius 3:​1-​10, 12; Titus 1:​5-9.

3. Kabèh Seksi Yéhuwah kudu ngapa?

Kabèh Seksi Yéhuwah terus manut arahan ing jemaat lan terus nginjil bèn isa ”muji jenengé Yéhuwah”.​—Wacanen Mazmur 148:​12, 13.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan Yésus kuwi pemimpin sing kaya apa, carané pinituwa niru Yésus, lan carané awaké dhéwé manut karo Yésus lan para pinituwa.

4. Yésus kuwi pemimpin sing apikan

Yésus ngejak wong-wong kanggo ngapa? Wacanen Matius 11:​28-​30, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Wong-wong sing dipimpin Yésus bakal ngrasa piyé?

Piyé para pinituwa isa niru Yésus? Setèlen VIDÉONÉ.

Menurut Alkitab, nèk dadi pinituwa kudu piyé?

Wacanen Yésaya 32:2 lan 1 Pétrus 5:​1-3, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk para pinituwa apikan kaya Yésus?

  • Apa manèh buktiné nèk para pinituwa niru Yésus?

5. Pinituwa kudu dadi conto

Menurut Yésus, para pinituwa kuduné nganggep tugasé kuwi piyé? Setèlen VIDÉONÉ.

Menurut Yésus, wong-wong sing nduwé tugas ing jemaat kuduné piyé? Wacanen Matius 23:​8-​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut Alkitab, pinituwa kuduné piyé? Apa para pemimpin agama ya kaya ngono?

  1. Para pinituwa berusaha bèn dhèwèké lan keluargané imané tetep kuwat

  2. Para pinituwa nggatèkké para sedulur

  3. Para pinituwa rajin nginjil

  4. Ora mung mulang, para pinituwa ya gelem nglakoni tugas liyané

6. Awaké dhéwé kudu manut karo para pinituwa

Ngapa kok kudu manut karo para pinituwa? Wacanen Ibrani 13:​17, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa njenengan setuju nèk awaké dhéwé kudu manut karo para pinituwa? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

Wacanen Lukas 16:​10, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kudu manut kabèh arahané pinituwa termasuk sing kétoké sepélé?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ora usah nggabung karo Seksi-Seksi Yéhuwah.”

  • Menurut njenengan, apa manfaaté nèk njenengan nggabung jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah?

KESIMPULAN

Sing ngarahké jemaat kuwi Yésus. Awaké dhéwé seneng manut karo para pinituwa sing ya manut karo Yésus.

Jawaben

  • Sapa sing dadi kepalané jemaat Kristen?

  • Apa waé tugasé para pinituwa?

  • Kabèh Seksi Yéhuwah kudu ngapa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa buktiné nèk Pengurus Pusat lan para pinituwa nggatèkké para sedulur?

Mbantu Para Sedulur Bèn Kuwat Imané (4:​22)