Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 26

Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?

Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?

Pas lagi susah, kadhang wong mikir, ’Salahku apa ta kok uripku susah kaya ngéné?’ Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

1. Piyé critané Sétan pertama kali jahat karo manungsa?

Sétan utawa Iblis ora manut karo Gusti Allah. Sétan ngojok-ojoki Adam karo Hawa bèn manut karo dhèwèké. Makané, dhèwèké ngapusi Hawa. (Purwaning Dumadi 3:​1-5) Sétan péngin bèn Hawa mikir nèk Yéhuwah ora seneng manungsa bahagia. Menurut Sétan, manungsa bahagia nèk manut karo dhèwèké. Sétan ya ngomong nèk Hawa ora bakal mati, padahal kuwi ora bener. Makané, ing Alkitab Sétan disebut ”tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”.​—Yohanes 8:​44.

2. Apa buktiné Adam karo Hawa nglawan Yéhuwah?

Yéhuwah apikan banget karo Adam lan Hawa. Kabèh buah saka wit ing taman Èden éntuk dipangan, kecuali siji. (Purwaning Dumadi 2:​15-​17) Tapi, buah kuwi malah ”dipethik lan dipangan” Hawa. Terus, Adam ya ”mangan buah kuwi”. (Purwaning Dumadi 3:6) Wong loro kuwi diciptakké sampurna, dadi sakjané isa manut kabèh préntahé Gusti Allah. Tapi, Adam karo Hawa sengaja ora manut. Kuwi berarti wong loro kuwi wis dosa lan ora gelem diatur Gusti Allah. Akibaté dadi susah.​—Purwaning Dumadi 3:​16-​19.

3. Merga Adam karo Hawa ora manut, awaké dhéwé dadi piyé?

Merga dosa, Adam karo Hawa dadi ora sampurna lan keturunané ya dadi ora sampurna. Menurut Alkitab, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati.”​—Roma 5:​12.

Ngapa kok awaké dhéwé susah? Alesané ana macem-macem. Isa merga salahé dhéwé, salahé wong liya, utawa merga lagi apes.​—Wacanen Pengkhotbah 9:​11.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana bukti nèk manungsa susah kuwi dudu salahé Gusti Allah lan nèk Gusti Allah perduli pas awaké dhéwé susah.

4. Sing nggawé manungsa susah

Akèh sing nganggep nèk Gusti Allah sing mréntah donya. Apa kuwi bener? Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen Yakobus 1:​13 lan 1 Yohanes 5:​19, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Wektu lagi susah, apa kuwi salahé Gusti Allah?

5. Akibaté nèk Sétan sing mréntah

Wacanen Purwaning Dumadi 3:​1-6, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé Sétan ngapusi Hawa?​—Deloken ayat 4 lan 5

  • Piyé Sétan nudhuh Yéhuwah?

  • Menurut Sétan, apa manungsa isa bahagia nèk manut Gusti Allah?

Wacanen Pengkhotbah 8:​9, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk dudu Yéhuwah sing mréntah, piyé keadaané manungsa?

  1. Mauné, Adam karo Hawa sampurna lan manggon ing bumi Firdaus. Tapi, akhiré milih manut Sétan timbang Yéhuwah

  2. Akibaté, wong-wong saiki dadi dosa, susah, lan mati

  3. Yéhuwah arep nyingkirké kabèh sing marahi wong dadi dosa, susah, lan mati. Terus, manungsa isa dadi sampurna lan manggon ing bumi Firdaus

6. Yéhuwah perduli wektu awaké dhéwé susah

Apa Gusti Allah perduli wektu awaké dhéwé susah? Wacanen Mazmur 31:7 lan 1 Pétrus 5:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah perduli karo njenengan?

7. Gusti Allah arep nyingkirké sing marahi manungsa susah

Wacanen Yésaya 65:17 lan Wahyu 21:​3, 4, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yéhuwah janji arep nyingkirké sing marahi manungsa susah, terus nggawé bèn manungsa bahagia. Piyé perasaané njenengan bar ngerti soal kuwi?

Keterangan

Pas Sétan ngapusi Hawa, sakjané dhèwèké ya ngomong sing ora bener soal Yéhuwah. Sétan nggawé wong-wong mikir nèk Yéhuwah ora pantes mréntah. Sukmbèn nèk sing dikarepké Yéhuwah wis kelakon, wong-wong bakal ngerti nèk sakjané mung Yéhuwah sing pantes mréntah. Iki masalah sing kudu ndang dirampungké.​—Matius 6:​9, 10.

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Wong susah kuwi wis digariské karo Gusti Allah.”

  • Nèk menurut njenengan piyé?

KESIMPULAN

Sétan, Adam, lan Hawa kuwi sing marahi akèh manungsa saiki susah. Merga perduli karo awaké dhéwé, Yéhuwah bakal nyingkirké sing marahi awaké dhéwé susah.

Jawaben

  • Piyé Sétan ngapusi Hawa?

  • Merga Adam karo Hawa ora manut, awaké dhéwé dadi piyé?

  • Apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Menurut Alkitab, dosa kuwi apa?

”Dosa Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

Wong nèk lagi susah kuwi dudu salahé Gusti Allah. Kok isa?

”Ngapa Kok Gusti Allah Meneng Waé Wektu Manungsa Susah?” (Warta Penting 1 Januari 2014)

Ana keterangan soal ngapa kok Gusti Allah durung ngrampungi masalahé manungsa.

”Kenapa Gusti Allah Meneng Waé Pas Partai Nazi Matèni Wong-Wong Yahudi?” (Artikel ing jw.org)

Deloken pengalamané wong sing akhiré bahagia sakwisé ngerti ngapa kok manungsa susah.

Aku Ora Dhèwèkan Manèh (5:​09)