Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 27

Yésus Mati Bèn Manungsa Urip Saklawasé

Yésus Mati Bèn Manungsa Urip Saklawasé

Merga Adam karo Hawa ora manut Gusti Allah, awaké dhéwé dadi dosa, susah, lan mati. a Mulané, Yéhuwah ngongkon Yésus teka ing bumi lan mati kanggo nebus manungsa bèn manungsa ora dosa lan mati. Biasané wong kudu mbayar tebusan bèn isa mbébaské wong sing diculik. Yésus kudu mati pas dadi manungsa sampurna bèn isa nebus manungsa. (Wacanen Matius 20:28.) Dadi merga Yésus mati, awaké dhéwé isa dadi manungsa sampurna manèh. Kuwi bukti nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo awaké dhéwé. Ing pelajaran iki bakal dirembug apa waé manfaaté tebusané Yésus.

1. Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo awaké dhéwé saiki?

Merga wis dosa, awaké dhéwé kerep salah lan nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi nèk ndonga njaluk ampun liwat Yésus lan ora mbalèni manèh kesalahan kuwi, awaké dhéwé isa tetep akrab karo Yéhuwah. (1 Yohanes 2:1) Menurut Alkitab, ”Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, mati ping pisan kanggo saklawasé demi wong-wong sing ora bener lan mbébaské wong-wong kuwi saka dosa. Dhèwèké nindakké kuwi bèn isa nuntun kowé marang Gusti Allah.”​—1 Pétrus 3:​18.

2. Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo awaké dhéwé sukmbèn?

Yésus mati pas dadi manungsa sampurna, ”supaya saben wong sing nduduhké iman marang [Yésus] ora mati, ning isa urip saklawasé”. (Yohanes 3:​16) Merga Yésus wis nebus manungsa, Yéhuwah isa nyingkirké kabèh sing marahi manungsa dosa, susah, lan mati. Dadi, bèn isa urip saklawasé, awaké dhéwé kudu menghargai Yésus sing wis mati kanggo nebus awaké dhéwé.​—Yésaya 65:​21-​23.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo didelok apa alesané Yésus kudu mati lan piyé bèn njenengan éntuk manfaat saka tebusané Yésus.

3. Yésus mati bèn awaké dhéwé urip saklawasé

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga ora manut Gusti Allah, Adam dadi ora nduwé kesempatan apa?

Wacanen Roma 5:​12, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga Adam dosa, apa akibaté kanggo njenengan?

Wacanen Yohanes 3:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa tujuané Yésus teka ing bumi?

  1. Adam sampurna, tapi ora manut karo Gusti Allah. Adam marahi manungsa dadi dosa lan mati

  2. Yésus sampurna, tapi manut karo Gusti Allah. Yésus marahi manungsa dadi sampurna lan isa urip saklawasé

4. Akèh sing éntuk manfaat saka tebusané Yésus

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Sing mati siji, tapi sing éntuk manfaat akèh. Kok isa?

Wacanen 1 Timotius 2:​5, 6, ctn., terus rembugen pertanyaan iki:

  • Adam kuwi sampurna. Tapi merga dhèwèké dosa, kabèh wong dadi dosa lan mati. Yésus ya sampurna kaya Adam, mulané ing ayat kuwi Yésus isa dadi apa? Apa manfaaté kanggo manungsa?

5. Yésus mati kanggo saben wong, termasuk njenengan

Tebusan kuwi berkah kanggo saben wong. Contoné, wacanen Galatia 2:​20, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Kata-kata endi sing mbuktèkké nèk Paulus nganggep tebusané Yésus kuwi dienggo saben wong?

Merga Adam dosa, kabèh manungsa kuduné mati. Tapi, Yéhuwah ngongkon Yésus mati bèn njenengan isa urip saklawasé.

Pas maca ayat-ayat iki, bayangna piyé perasaané Yéhuwah wektu Yésus disiksa. Wacanen Yohanes 19:​1-7, 16-​18, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yéhuwah karo Yésus sayang banget karo njenengan nganti kaya ngono. Piyé perasaané njenengan?

NÈK ANA SING TAKON: ”Kok isa wong siji dadi tebusan kanggo kabèh wong?”

  • Njenengan njawab apa?

KESIMPULAN

Merga Yésus mati, Yéhuwah isa ngampuni dosané awaké dhéwé lan awaké dhéwé isa urip saklawasé.

Jawaben

  • Ngapa kok Yésus kudu mati?

  • Ngapa kok Yésus sing cocog nebus manungsa?

  • Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo njenengan?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ngapa kok Yésus sing cocog dadi tebusan?

”Ngapa Kok Yésus Isa Dadi Tebusan?” (Artikel ing jw.org)

Piyé bèn awaké dhéwé diampuni dosané lan isa urip saklawasé?

”Piyé Carané Yésus Nylametké Awaké Dhéwé?” (Artikel ing jw.org)

Nèk awaké dhéwé nggawé dosa sing gedhé banget, apa Yéhuwah gelem ngampuni?

”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab” (Warta Penting 1 Mei 2013)

Wacanen pengalamané wong sing mauné kasar, tapi akhiré dadi ora kasar manèh merga ngerti nèk Yésus wis mati kanggo kabèh wong.

”Aku Wis Ora Kasar Manèh” (Artikel ing jw.org)

a Dosa kuwi ora mung sekedar perbuatan salah, tapi ya kepénginan sing isa marahi wong nggawé salah, soalé kabèh wong kuwi keturunané Adam karo Hawa.