Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 30

Wong Mati Isa Urip Manèh

Wong Mati Isa Urip Manèh

Wong mesthi sedhih nèk ditinggal mati. Mulané, menurut Alkitab kematian kuwi kaya mungsuh. (1 Korintus 15:26) Ing pelajaran 27 wis dirembug nèk sukmbèn manungsa isa urip saklawasé. Lha terus, sing saiki wis mati piyé? Ing pelajaran iki ana janjiné Yéhuwah sing apik banget. Yéhuwah janji nèk bakal nguripké manèh akèh banget wong bèn isa urip saklawasé. Apa kuwi bener? Terus, mengko diuripké ing swarga utawa ing bumi?

1. Yéhuwah péngin ngapa?

Yéhuwah péngin banget nguripké manèh wong sing wis mati. Ayub yakin nèk Yéhuwah ora nglalèkké dhèwèké. Dhèwèké ngomong karo Gusti Allah, ’Njenengan bakal ngundang aku, lan aku bakal njawab Njenengan saka kuburan.’​—Wacanen Ayub 14:​13-​15.

2. Apa buktiné nèk wong mati isa diuripké manèh?

Pas ing bumi, Yésus diwènèhi kuwasa karo Gusti Allah bèn isa nguripké manèh wong mati. Yésus nguripké manèh cah wédok sing umuré 12 taun lan anaké lanang randha. (Markus 5:​41, 42; Lukas 7:​12-​15) Malah, pas Lazarus mati lan wis dikubur patang dina, Yésus isa nguripké dhèwèké manèh. Bar ndonga, Yésus ngundang, ”Lazarus, metua!” Terus, ”wong sing wis mati kuwi metu”. Lazarus urip manèh. (Yohanes 11:​43, 44) Keluarga lan kanca-kancané Lazarus mesthi seneng banget.

3. Menurut Alkitab, ora suwé manèh wong mati bakal piyé?

Ing Alkitab ana janji, ’Gusti Allah bakal nguripké manèh akèh wong’. (Kisah 24:15) Wong-wong sing diuripké Yésus mau ora diuripké ing swarga, tapi ing bumi. (Yohanes 3:​13) Ora suwé manèh, Yésus ya arep nguripké akèh banget wong. Wong-wong kuwi bakal urip saklawasé ing bumi sing apik banget. Menurut Yésus, wong sing diéling-éling Gusti Allah ya bakal diuripké manèh, meskipun akèh sing wis lali karo wong kuwi.​—Yohanes 5:​28, 29.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ndelok buktiné nèk wong mati mesthi bakal diuripké manèh, lan piyé janji kuwi isa marahi awaké dhéwé nduwé harapan.

4. Yésus isa nguripké manèh wong mati

Piyé critané pas Yésus nguripké manèh Lazarus? Wacanen Yohanes 11:​14, 38-​44, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa Lazarus mati tenan?​—Deloken ayat 39.

  • Menurut njenengan, nèk Lazarus wis munggah swarga, mosok Yésus nguripké dhèwèké manèh ing bumi?

Setèlen VIDÉONÉ.

5. Akèh sing bakal diuripké manèh

Wacanen Mazmur 37:​29, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Akèh banget wong bakal diuripké manèh ing endi?

Sing diuripké manèh ora mung umaté Yéhuwah thok. Wacanen Kisah 24:​15, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Sukmbèn, njenengan péngin ketemu manèh karo sapa?

Yésus gampang banget nguripké manèh wong mati kaya bapak nggugah anaké

6. Tetep semangat lan nduwé harapan

Nèk maca crita soal anaké wédok Yairus, awaké dhéwé isa dadi semangat manèh lan nduwé harapan. Wacanen Lukas 8:​40-​42, 49-​56.

Yésus ngomong karo Yairus, ”Aja kuwatir. Kowé mung kudu nduwé iman”. (Deloken ayat 50.) Apa manfaaté ngerti nèk wong mati diuripké manèh pas . . .

  • awaké dhéwé ditinggal mati?

  • nyawané awaké dhéwé terancam?

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga ngerti nèk wong mati isa diuripké manèh, wong tuwané Phelicity dadi piyé?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Awaké dhéwé isa ketemu manèh karo wong sing wis mati kuwi ing swarga.”

  • Menurut njenengan piyé?

  • Ayat endi sing isa dienggo njelaské nèk akèh-akèhé wong mati bakal diuripké manèh ing bumi?

KESIMPULAN

Yéhuwah péngin bèn akèh wong sing wis mati diuripké manèh. Yéhuwah ya wis ngekèki Yésus kuwasa bèn isa nguripké manèh wong mati.

Jawaben

  • Apa buktiné nèk Yéhuwah lan Yésus péngin banget nguripké manèh wong mati?

  • Akèh-akèhé wong mati bakal diuripké manèh ing swarga apa ing bumi? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

  • Ngapa kok njenengan yakin nèk isa ketemu manèh karo keluarga lan kanca sing wis mati?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana saran-saran kanggo menghibur wong sing sedhih merga ditinggal mati.

”Saran kanggo sing Bar Ditinggal Mati” (Gatèkna! No. 3 2018)

Ayat Alkitab endi sing isa dienggo mbantu nyemangati wong sing sedhih?

Ditinggal Mati Wong sing Disayangi (5:​06)

Piyé bèn bocah-bocah ora sedhih terus nèk ditinggal mati?

Tebusan (2:​07)

Apa kabèh wong bakal diuripké manèh ing swarga? Sapa sing ora bakal diuripké manèh?

”Diuripké Manèh Kuwi Maksudé Piyé?” (Artikel ing jw.org)