Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 32

Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah

Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah

Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah ing swarga taun 1914. Kuwi ya tandha nèk ora suwé manèh, pemerintahané manungsa arep disingkirké. Kok ngerti? Ayo ngrembug ramalan ing Alkitab soal kuwi, karo ndelok apa sing kelakon ing donya lan piyé kelakuané wong-wong kèt taun 1914.

1. Ing Alkitab ana ramalan apa?

Ing buku Danièl ditulis nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah sakwisé rampung ”pitung mangsa”. (Danièl 4:​16, 17, ctn.) Yésus ngomong nèk kuwi ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa”, lan kuwi durung rampung pas jamané Yésus. (Lukas 21:24) Pitung mangsa kuwi rampungé taun 1914.

2. Kèt taun 1914, apa sing kelakon ing donya lan piyé kelakuané wong-wong?

Murid-murid nakoni Yésus, ”Apa tandhané wektu njenengan bali, lan apa tandhané akhir jaman?” (Matius 24:3) Yésus njawab nèk wektu dhèwèké wis dadi Raja, tandhané ana perang, kelaparan, lan gempa bumi. (Wacanen Matius 24:7.) Ing Alkitab ya ana ramalan nèk ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi” merga kelakuané wong-wong. (2 Timotius 3:​1-5) Kuwi kabèh kelakon kèt taun 1914.

3. Ngapa kok manungsa malah tambah susah bar Kerajaané Gusti Allah mréntah?

Bar dadi Raja, Yésus perang nglawan Sétan lan hantu-hantuné ing swarga. Sétan kalah, terus ”diuncalké ing bumi” lan ”malaékat-malaékaté ya diuncalké bareng karo dhèwèké”. (Wahyu 12:​9, 10, 12) Sétan ngerti nèk dhèwèké arep disingkirké, mulané dhèwèké nesu banget, terus nggawé manungsa susah lan sengsara. Tapi, Kerajaané Gusti Allah bakal ngrampungi kabèh masalah kuwi.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan nèk Kerajaané Gusti Allah mémang mréntah taun 1914 lan awaké dhéwé kudu piyé bar ngerti soal kuwi.

4. Ramalan ing Alkitab soal taun 1914

Raja Babilon, sing jenengé Nébukhadnézar, éntuk mimpi sing isiné ramalan. Arti mimpiné dijelaské karo Danièl. Mimpi lan artiné kuwi sakjané ramalan soal kerajaané Nébukhadnézar lan Kerajaané Gusti Allah.​—Wacanen Danièl 4:​17. a

Wacanen Danièl 4:​20-​26, terus deloken tabèl bèn isa njawab pertanyaan-pertanyaan iki:

  • (A) Ing mimpiné, Nébukhadnézar ndelok apa?​—Deloken ayat 20 lan 21.

  • (B) Wit kuwi diapakké?​—Deloken ayat 23.

  • (C) Bar ”pitung taun” rampung, wité dadi piyé?​—Deloken ayat 26.

Keterangan soal Wit lan Kerajaané Gusti Allah

Pemerintahan

(A) Wit sing gedhé banget

Pemerintahané mandheg

(B) Wité ditegor, terus ora diapak-apakké nganti ”pitung taun”

Mréntah manèh

(C) ”Njenengan bakal dadi raja manèh”

Pertama kali kelakon . . .

PERTAMA KALI KELAKON

Pemerintahan

(D) Raja Nébukhadnézar saka Babilon

Pemerintahané mandheg

(E) Bar taun 606 SM, Nébukhadnézar dadi édan lan ora mréntah nganti pitung taun

Mréntah manèh

(F) Pikirané Nébukhadnézar dadi waras, terus mulai mréntah manèh

Kelakon manèh . . .

  • (G) Wit kuwi nggambarké sapa? ​—Wacanen 1 Babad 29:23.

  • (H) Raja-raja kuwi ora mréntah manèh mulai kapan? Apa buktiné nèk pas Yésus ing bumi, raja-raja kuwi isih durung mréntah manèh? ​—Wacanen Lukas 21:24.

  • (I) Kapan lan ing endi pemerintahané ana manèh?

KELAKON MANÈH

Pemerintahan

(G) Raja-raja ing Israèl sing mréntah dadi wakilé Yéhuwah

Pemerintahané mandheg

(H) Yérusalèm dihancurké, ora ana raja sing mréntah umaté Gusti Allah nganti 2.520 taun

Mréntah manèh

(I) Ing swarga, Yésus mulai mréntah dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah

Pitung mangsa kuwi pirang taun?

Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk mbandhingké buku Alkitab liyané. Contoné, buku Wahyu nyebutké nèk 3,5 mangsa kuwi suwéné 1.260 dina. (Wahyu 12:​6, 14) Pitung mangsa kuwi ping loroné 3,5 mangsa, utawa 2.520 dina. Ing Alkitab, kata ”dina” maksudé ya isa ”taun”. (Yèhèzkièl 4:6) Dadi, pitung mangsa ing buku Danièl kuwi 2.520 taun.

5. Keadaan ing donya kèt taun 1914

Yésus ngomong nèk donya bakal dadi piyé bar dhèwèké dadi Raja? Wacanen Lukas 21:​9-​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, sing endi sing wis kelakon?

Rasul Paulus njelaské piyé sifaté wong-wong pas akhir jaman. Wacanen 2 Timotius 3:​1-5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, apa sifaté wong-wong saiki ya kaya ngono?

6. Buktiné nèk percaya Kerajaané Gusti Allah wis mréntah

Wacanen Matius 24:​3, 14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa tandhané nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah?

  • Piyé carané njenengan ya isa mèlu martakké kabar apik kuwi?

Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga, terus sedhéla manèh arep mréntah bumi. Wacanen Ibrani 10:​24, 25, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga ”dinané Gusti Allah wis saya cedhak”, awaké dhéwé kudu piyé?

Nèk njenengan ngerti carané mbantu wong-wong bèn isa urip saklawasé, njenengan kuduné piyé?

NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep nèk 1914 kuwi taun sing penting?”

  • Njenengan njawab apa?

KESIMPULAN

Ramalan ing Alkitab lan keadaan ing donya saiki dadi bukti nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. Awaké dhéwé kudu martakké kabar apik soal kuwi lan rajin teka ing pertemuan ibadah.

Jawaben

  • Bar pitung taun rampung, apa sing kelakon?

  • Ngapa kok njenengan percaya nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah kèt taun 1914?

  • Apa buktiné nèk njenengan percaya Kerajaané Gusti Allah wis mréntah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Wacanen keterangan saka para ahli sejarah lan liyané soal keadaan ing donya kèt taun 1914.

”Moralé Wong-Wong Tambah Bobrok” (Gatèkna! April 2007)

Wacanen pengalamané wong sing dadi luwih bahagia bar ngerti ramalan ing Matius 24:14.

”Olahraga Kuwi Paling Penting Kanggoku” (Warta Penting No. 3 2017)

 Apa buktiné nèk ramalan ing Danièl 4 kuwi sakjané soal Kerajaané Gusti Allah?

”Kapan Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah? (Bagian 1)” (Warta Penting 1 Oktober 2014)

Apa buktiné nèk ”pitung taun” sing disebutké ing Danièl 4 kuwi rampungé taun 1914?

”Kapan Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah? (Bagian 2)” (Warta Penting 1 November 2014)

a Deloken  artikel ketelu lan kepapat ing Bahan Tambahan pelajaran iki.