Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 33

Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi

Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi

Saiki, Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga. Tapi, ora suwé manèh ya bakal mréntah bumi. Ayo dirembug apa waé berkah-berkahé.

1. Bèn kabèh wong damai lan ora ana sing dijahati, Kerajaané Gusti Allah bakal ngapa?

Yésus bakal nyingkirké wong jahat pas Armagédon. (Wahyu 16:​14, 16) Wektu kuwi, ”wong sing jahat ora bakal ana manèh”. (Mazmur 37:10) Kabèh wong bakal ngrasa damai lan ora ana sing dijahati.​—Wacanen Yésaya 11:4.

2. Piyé uripé manungsa sukmbèn?

Sukmbèn, ”wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé”. (Mazmur 37:29) Kabèh apikan, sayang karo Yéhuwah, sayang karo wong liya, ora ana sing lara, lan urip saklawasé. Kuwi mesthi nyenengké banget.

3. Bar wong jahat disingkirké, apa sing bakal kelakon?

Bar wong jahat disingkirké, Yésus mréntah nganti 1.000 taun karo 144.000. Wektu kuwi, manungsa suwé-suwé dadi sampurna manèh. Bar 1.000 taun rampung, bumi dadi taman sing apik banget lan wong-wongé bahagia merga manut Yéhuwah. Terus, Yésus bakal nyerahké Kerajaané marang Yéhuwah. Akhiré, ’jeneng Yéhuwah disucèkké’. (Matius 6:​9, 10) Wong-wong bakal ngerti nèk Yéhuwah sing pantes mréntah. Terus, Sétan, hantu-hantuné, lan sapa waé sing nglawan Yéhuwah bakal disingkirké. (Wahyu 20:​7-​10) Berkah-berkah kuwi bakal ana nganti saklawasé.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug apa buktiné nèk kabèh berkah kuwi mesthi kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.

4. Pemerintahané manungsa bakal disingkirké

”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pengkhotbah 8:9) Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh wong sing marahi sengsara.

Wacanen Danièl 2:​44 lan 2 Tésalonika 1:​6-8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Pemerintahané manungsa bakal diapakké karo Yéhuwah lan Yésus?

  • Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah lan Yésus ya mesthi adil wektu ngukum manungsa sing jahat?

5. Yésus Raja sing paling apik

Wong-wong sing dipréntah Yésus bakal éntuk akèh berkah. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti nèk Yésus ora mung péngin, tapi ya isa mbantu manungsa.

Wektu ing bumi, Yésus nggawé akèh mukjijat. Kuwi ya bakal kelakon pas Yésus dadi Raja sukmbèn. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Wacanen ayat-ayat sing isiné soal berkah-berkah kuwi.

PAS ING BUMI, YÉSUS . . .

PAS DADI RAJA ING SWARGA, YÉSUS BAKAL . . .

6. Bakal ana masa depan sing apik banget

Sing dikarepké Yéhuwah bakal bener-bener kelakon liwat Kerajaané. Manungsa bakal urip saklawasé ing bumi. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti piyé carané sing dikarepké Yéhuwah isa kelakon liwat Yésus.

Wacanen Mazmur 145:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah isa ”mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan”?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kabèh masalah ing donya isa dirampungi bareng-bareng.”

  • Masalah apa sing isa dirampungi Kerajaané Gusti Allah tapi ora isa dirampungi pemerintahané manungsa?

KESIMPULAN

Sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané. Bumi bakal dadi apik banget lan dienggoni wong-wong sing nyembah Yéhuwah.

Jawaben

  • Piyé jenengé Yéhuwah bakal disucèkké liwat Kerajaané Gusti Allah?

  • Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané?

  • Berkah endi sing paling njenengan tunggu-tunggu?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa sing kelakon pas Yésus mréntah 1.000 taun? Apa sing kelakon pas 1.000 taun kuwi wis rampung?

”Apa sing Kelakon Pas Dina Pengadilan?” (Warta Penting 1 September 2012)

Deloken piyé sak keluarga isa mbayangké urip sing nyenengké sukmbèn.

Bayangna Urip ing Pirdus (1:​50)

Ana wong sing akhiré ngerti nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa mréntah manungsa. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Ana Akèh sing Marahi Aku Bingung”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Januari 2012)