Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 35

Carané Nggawé Keputusan sing Bener

Carané Nggawé Keputusan sing Bener

Ana akèh keputusan sing kudu digawé. Misalé, arep manggon ing endi, kerja apa, utawa nikah apa ora. Nèk nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.

1. Piyé carané nggawé keputusan nganggo Alkitab?

Nèk mèh nggawé keputusan, kudu ndonga sik njaluk tuntunané Yéhuwah lan maca Alkitab bèn ngerti pandhangané Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 2:​3-6.) Kadhang-kadhang préntahé Yéhuwah jelas kudu piyé. Nèk ngono, sing paling apik manut waé.

Tapi, piyé nèk ora ana préntah sing jelas ing Alkitab? Yéhuwah tetep nuntun awaké dhéwé bèn ’ngerti apa sing kudu ditindakké’. (Yésaya 48:17) Carané nuntun, liwat pathokané ing Alkitab. Saka pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah. Nèk péngin ngerti pathokané Yéhuwah, kudu maca kisah ing Alkitab. Nèk ngerti piyé perasaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.

2. Apa waé sing kudu dipikirké sakdurungé nggawé keputusan?

Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.” (Wulang Bebasan 14:15) Kuwi berarti sakdurungé nggawé keputusan, kudu dipikir sik, ’Pathokané ing Alkitab apa? Apa akibaté kanggo aku? Apa akibaté kanggo wong liya? Sing paling penting, apa kuwi nggawé Yéhuwah seneng?’​—Pangandharing Torèt 32:29.

Sing paling ngerti endi sing salah lan sing bener kuwi Yéhuwah. Mulané, Yéhuwah ngekèki préntah lan pathokan ing Alkitab. Nèk gelem manut, awaké dhéwé isa nduwé hati nurani sing apik. Hati nurani kuwi perasaan sing isa mbantu awaké dhéwé mbédakké sing bener lan sing salah. (Roma 2:​14, 15) Nèk nduwé hati nurani sing apik, ya mesthi isa nggawé keputusan sing bener.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug apa manfaaté pathokan ing Alkitab lan hati nurani pas nggawé keputusan.

3. Tuntunan ing Alkitab

Apa manfaaté pathokan ing Alkitab wektu nggawé keputusan? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Bébas milih kuwi maksudé apa?

  • Ngapa kok manungsa éntuk bébas milih?

  • Yéhuwah ngekèki tuntunan apa bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener?

Pathokan ing Alkitab kuwi contoné apa? Wacanen Éfésus 5:​15, 16, terus rembugen piyé bèn ’wektuné’ isa dienggo . . .

  • maca Alkitab saben dina.

  • berusaha dadi anggota keluarga sing sifat-sifaté tambah apik.

  • teka ing pertemuan ibadah.

4. Berusaha bèn hati nurani sesuai karo pathokan ing Alkitab

Nggawé keputusan kuwi luwih gampang nèk ana préntah sing jelas ing Alkitab. Tapi, piyé nèk ora ana? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé carané sedulur kuwi berusaha bèn hati nuraniné sesuai karo pathokan ing Alkitab lan bèn isa nggawé keputusan sing bener?

Awaké dhéwé sing kudu nggawé keputusan dhéwé, dudu wong liya. Wacanen Ibrani 5:​14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Kétoké, mémang luwih pénak nèk digawèkké keputusan karo wong liya. Tapi menurut ayat kuwi, awaké dhéwé kuduné isa mbédakké apa?

  • Bèn hati nurani isa sesuai karo pathokan ing Alkitab, lan awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé isa nggolèk keterangan luwih akèh ing endi?

Kaya péta, hati nurani isa dadi tuntunan kanggo awaké dhéwé

5. Mikirké hati nuraniné wong liya

Isa waé saben wong keputusané béda-béda, tapi kudu tetep mikirké hati nuraniné wong liya. Misalé pas apa?

Situasi 1: Ana sedulur wédok sing senengané dandan, pindhah ing jemaat sing wong-wongé padha risi karo penampilané.

Wacanen Roma 15:1 lan 1 Korintus 10:​23, 24, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Bar maca ayat-ayat mau, kira-kira sedulur kuwi bakal ngapa? Nèk hati nuraniné njenengan ora masalah, tapi hati nuraniné wong liya dadi ngrasa ora pénak, njenengan kuduné piyé?

Situasi 2: Ana sedulur lanang sing milih ora ngombé minuman keras, meskipun ngerti nèk menurut Alkitab ngombé minuman keras kuwi ora salah. Dhèwèké diundang ing acara, terus ndelok sedulur liya ngombé minuman keras.

Wacanen Pengkhotbah 7:​16 lan Roma 14:​1, 10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Bar maca ayat-ayat mau, kira-kira sedulur kuwi bakal ngapa? Nèk hati nuraniné wong liya ora masalah, tapi hati nuraniné njenengan ngrasa ora pénak, njenengan kuduné piyé?

 Carané nggawé keputusan sing bener:

1. Ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah.​—Yakobus 1:5.

2. Nggolèk keterangan luwih akèh ing Alkitab lan bacaan saka organisasi bèn ngerti pathokan soal kuwi. Njenengan ya isa takon karo sedulur seiman sing kuwat imané.

3. Mikirké apa akibaté kanggo njenengan lan wong liya.

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kowé bébas mèh ngapa waé, ora usah mikirké wong liya.”

  • Ngapa kok awaké dhéwé kudu mikirké perasaané Gusti Allah lan wong liya?

KESIMPULAN

Bèn isa nggawé keputusan sing bener, kudu mikirké pandhangané Yéhuwah soal kuwi lan mikirké akibaté kanggo wong liya.

Jawaben

  • Piyé carané nggawé keputusan sing bener?

  • Piyé carané berusaha bèn hati nurani sesuai karo pathokan ing Alkitab?

  • Apa buktiné nèk mikirké hati nuraniné wong liya?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé carané nggawé keputusan sing marahi Yéhuwah seneng?

”Nggawé Keputusan sing Bener Menurut Alkitab” (Warta Penting 15 April 2011)

Apa waé carané Yéhuwah mènèhi tuntunan kanggo awaké dhéwé? Deloken vidéoné.

Yéhuwah Nuntun Umaté (9:​50)

Apa sing nggawé sedulur iki akhiré isa nggawé keputusan sing bener? Deloken vidéoné.

Nglayani Yéhuwah Isa Nggawé Aku Bahagia (5:​46)

Piyé bèn isa nggawé keputusan sing marahi Yéhuwah seneng meskipun ora ana préntah sing jelas ing Alkitab?

”Apa Kabèh Kudu Ana Préntah sing Jelas ing Alkitab?” (Warta Penting 1 Desember 2003)