Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 38

Nganggep Urip Kuwi Berharga

Nganggep Urip Kuwi Berharga

Ana akèh sing isa dinikmati wektu awaké dhéwé urip. Meskipun kadhang ana masalah, tetep ana sing isa nggawé awaké dhéwé seneng. Ngapa kok kudu nganggep urip kuwi berharga? Apa buktiné nèk nganggep urip kuwi berharga?

1. Ngapa kok kudu nganggep urip kuwi berharga?

Urip kudu dianggep berharga merga kuwi anugrah saka Yéhuwah. Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi ”sing mènèhi urip”. (Mazmur 36:9) ”Dhèwèké kuwi sing mènèhi urip lan napas marang kabèh wong. Dhèwèké ya nggawé sakabèhé.” (Kisah 17:​25, 28) Yéhuwah ora mung nggawé bèn manungsa urip, tapi ya bèn uripé bahagia.​—Wacanen Kisah 14:17.

2. Apa buktiné nèk nganggep urip kuwi berharga?

Kèt ing njero kandungan, awaké dhéwé wis digatèkké Yéhuwah. Pas ndonga, Daud ngomong, ”Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair.” (Mazmur 139:16) Yéhuwah nganggep uripé awaké dhéwé kuwi berharga banget. (Wacanen Matius 10:​29-​31.) Nèk ana sing sengaja matèni wong liya utawa bunuh diri, Yéhuwah sedhih banget. a (Pangentasan 20:13) Yéhuwah ya sedhih nèk ana sing ora ngati-ati, terus marahi wong liya utawa dhèwèké dhéwé dadi cilaka. Dadi nèk ngati-ati bèn ora cilaka lan ora nyilakani wong liya, berarti nganggep nèk urip kuwi berharga.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug apa waé buktiné nèk nganggep urip kuwi berharga.

3. Njaga keséhatan

Uripé wong Kristen kuwi kanggo Yéhuwah. Wong Kristen kudu ’mènèhké badané kaya mènèhké korban sing suci’. Mulané, badané kudu dijaga bèn tetep séhat. Wacanen Roma 12:​1, 2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Njenengan gelem njaga keséhatan kuwi kuduné merga apa?

  • Apa waé carané njenengan njaga keséhatan?

4. Berusaha bèn awaké dhéwé lan wong liya ora cilaka

Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora cilaka lan ora marahi wong liya cilaka utawa mati. Apa waé contoné? Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen Wulang Bebasan 22:​3, terus rembugen piyé bèn njenengan lan wong liya ora cilaka pas . . .

  • ing omah.

  • lagi nyambut gawé.

  • olahraga.

  • numpak kendaraan.

5. Menghargai uripé bayi ing njero kandungan

Daud crita nèk Yéhuwah seneng banget nggatèkké perkembangané bayi, malah kèt bayi kuwi ana ing kandungan. Wacanen Mazmur 139:​13-​17, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Yéhuwah, manungsa urip kuwi kèt dhèwèké mulai lair utawa malah kèt isih ing njero kandungan?

Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl mbiyèn bèn wong wédok sing lagi meteng lan bayi ing kandungané ora cilaka. Wacanen Pangentasan 21:​22, 23, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing ora sengaja nyebabké keguguran?

  • Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing sengaja nggugurké kandungan? b

  • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah nganggep uripé bayi ing kandungan kuwi berharga?

Setèlen VIDÉONÉ.

Meskipun ngerti nèk urip kuwi berharga, tapi ana sing ngrasa nèk kudu nggugurké kandungan merga mikir kuwi sing paling apik. Wacanen Yésaya 41:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk ana wong wédok sing dipeksa nggugurké kandungané, dhèwèké kuduné njaluk tulung karo sapa? Lha ngapa?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sak karepé dhèwèké arep nggugurké kandungané apa ora, wong dhèwèké sing meteng.”

  • Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah nganggep uripé ibu karo bayi ing kandungané kuwi berharga?

KESIMPULAN

Urip kuwi anugrah saka Yéhuwah, mulané kudu dianggep berharga. Awaké dhéwé ya kudu ngati-ati bèn ora cilaka lan ora nyilakani wong liya.

Jawaben

  • Ngapa kok Yéhuwah nganggep uripé manungsa berharga?

  • Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing sengaja matèni wong liya utawa bunuh diri?

  • Apa njenengan ya nganggep urip kuwi berharga? Lha ngapa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé carané bersyukur karo Yéhuwah merga wis dikèki urip?

Lagu 141​—Urip Kuwi Hadiahé Gusti (2:​41)

Apa Gusti Allah gelem ngampuni wong sing tau nggugurké kandungan?

”Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?” (Artikel ing jw.org)

Nèk niru pandhangané Gusti Allah lan nganggep urip kuwi berharga, kuwi bakal kétok saka hiburan sing awaké dhéwé pilih. Apa waé contoné?

”Apa Cocog Wong Kristen Milih Olahraga sing Berbahaya?” (Gatèkna! 8 Oktober 2000)

Piyé nèk ana sing péngin bunuh diri? Ana naséhat ing Alkitab soal kuwi.

”Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri” (Artikel ing jw.org)

a Yéhuwah perduli banget karo wong sing lagi putus asa. (Mazmur 34:18) Yéhuwah ngerti perasaané wong sing sedhih banget nganti péngin mati, lan Dhèwèké ya péngin mbantu. Apa waé carané? Wacanen artikel sing judhulé ”Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri” ing Bahan Tambahan pelajaran iki.

b Wong sing tau nggugurké kandungan ora perlu terlalu ngrasa bersalah merga Yéhuwah isa ngampuni dhèwèké. Ing Bahan Tambahan pelajaran iki, sing judhulé ”Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?” ana keterangan luwih akèh soal iki.