Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 40

Carané Bèn Resik Kaya sing Dikarepké Yéhuwah

Carané Bèn Resik Kaya sing Dikarepké Yéhuwah

Biasané, ibu-ibu péngin anaké wis adus, terus ya nganggo klambi sing rapi lan resik sakdurungé mangkat sekolah. Ibuné péngin anaké tetep séhat lan péngin bèn wong-wong ngerti nèk anaké kuwi kopèn. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé resikan. Tapi ora mung badan thok. Pikiran, omongan, lan tingkah laku ya kudu bener. Sing éntuk manfaat ora mung awaké dhéwé, tapi kuwi ya isa ngluhurké Yéhuwah.

1. Apa buktiné nèk resikan?

Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu suci.” (1 Pétrus 1:​16) Kuwi maksudé kudu resikan lan tingkah lakuné ya sing bener. Nèk resikan berarti kudu adus saben dina. Omah, klambi, lan kendaraané ya kudu tetep rapi lan resik. Balé Ibadah ya kudu tetep resik. Nèk resikan, Yéhuwah isa diluhurké.​—2 Korintus 6:​3, 4.

2. Bèn ora dadi najis kudu piyé?

Menurut Alkitab, ’badan lan pikirané awaké dhéwé aja nganti dadi najis’. (2 Korintus 7:1) Awaké dhéwé aja nganti mikirké sing ora nggenah bèn Yéhuwah seneng. (Mazmur 104:34) Terus ya aja nganti ngomong sing saru-saru.​—Wacanen Kolose 3:8.

Bèn badan lan pikiran ora najis kudu piyé? Awaké dhéwé ora ngrokok, nginang, utawa nganggo narkoba. Hasilé, mengko isa dadi luwih séhat. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah merga wis dikèki urip. Bèn pikiran ora dadi najis, awaké dhéwé ya ora masturbasi a lan ora ndelok sing saru-saru. (Mazmur 119:37; Éfésus 5:5) Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan-kebiasaan kuwi manèh.​—Wacanen Yésaya 41:13.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug ngapa kok Yéhuwah isa diluhurké nèk awaké dhéwé resikan, lan piyé bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh.

3. Yéhuwah isa diluhurké nèk awaké dhéwé resikan

Saka hukumé Yéhuwah kanggo bangsa Israèl mbiyèn, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin umaté resikan. Wacanen Pangentasan 19:10 lan 30:​17-​19, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, apa resikan kuwi penting kanggoné Yéhuwah? Apa buktiné?

  • Bèn badan lan barang-barang tetep resik, awaké dhéwé kudu ngapa waé?

Ora soal sugih utawa mlarat, awaké dhéwé mesthi isa berusaha bèn tetep resikan. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok nèk resikan terutama pas arep nginjil kuwi isa ngluhurké Yéhuwah?

4. Ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh

Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh

Meskipun wis biasa ngrokok utawa nganggo narkoba, njenengan mesthi isa ora kaya ngono manèh. Carané yaiku, kudu mikirké akibaté. Wacanen Matius 22:​37-​39, terus rembugen nèk ngrokok lan nganggo narkoba . . .

  • hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi piyé?

  • keluarga lan kancané awaké dhéwé dadi piyé?

Piyé bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh? b Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen Filipi 4:​13, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok nèk rajin ndonga, maca Alkitab, lan teka ngibadah kuwi isa nggawé awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh?

5. Berjuang bèn pikiran lan tingkah laku tetep bener

Wacanen Kolose 3:​5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa buktiné Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé masturbasi, sexting, c utawa ndelok sing saru-saru?

  • Menurut njenengan, isa apa ora pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé kaya sing dikarepké Yéhuwah? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

Piyé bèn ora mikir sing saru-saru? Setèlen VIDÉONÉ.

Menurut Yésus, awaké dhéwé kudu berjuang bèn tingkah lakuné tetep bener. Wacanen Matius 5:​29, 30, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Maksudé Yésus kuwi dudu ngongkon nglarani badan, tapi gelem nglakoni apa waé bèn pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé tetep bener. Contoné, gelem nglakoni apa waé? d

Yéhuwah ngerti lan menghargai upayané awaké dhéwé bèn ora mikir sing saru-saru. Wacanen Mazmur 103:​13, 14, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh, piyé perasaané njenengan bar maca ayat kuwi?

Aja putus asa

Piyé nèk kambuh wektu lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah? Apa kudu putus asa? Nèk pelari kesandhung terus tiba, kuwi ora berarti dhèwèké kalah utawa kudu mbalèni manèh saka ngarep. Nèk kambuh, kuwi ora berarti awaké dhéwé gagal utawa upayané selama iki ora ana gunané. Kambuh kuwi biasa, dadi aja putus asa. Yéhuwah mesthi isa mbantu bèn njenengan ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh.

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku iki wis kecanduan.”

  • Ayat endi sing isa njenengan wacakké bèn wong kuwi ngerti nèk Yéhuwah isa mbantu dhèwèké?

KESIMPULAN

Nèk resikan, terus pikiran lan tingkah lakuné ya bener, awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng.

Jawaben

  • Ngapa kok kudu resikan?

  • Apa buktiné nèk njenengan resikan?

  • Piyé bèn pikiran lan tingkah lakuné njenengan tetep bener?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Wisuh kuwi kétoké sepélé, tapi penting. Kok isa? Deloken vidéoné.

Keséhatan lan Kebersihan—Wisuh (3:​01)

Piyé carané bèn ora ngrokok manèh?

”Carané Bèn Ora Ngrokok Manèh” (Gatèkna! Mei 2010)

Apa waé akibaté nèk seneng ndelok sing saru-saru?

”Bahayané Pornografi” (Warta Penting 1 Agustus 2013)

Ana pengalamané wong lanang sing akhiré ora seneng nonton sing saru-saru manèh.

”Aku Terus Ngupaya Nganti Isa Ngetrapké Alkitab” (Warta Penting No. 4 2016)

a Masturbasi kuwi ngrangsang alat kelaminé dhéwé bèn nafsu sèksualé isa dipuaské.

b Ing Bahan Tambahan pelajaran iki sing judhulé ”Carané Bèn Ora Ngrokok Manèh”, ana saran-saran piyé bèn ora kecanduan manèh.

c Sexting kuwi ngirim chat, foto, utawa vidéo sing saru.

d Ana saran bèn ora masturbasi manèh, ing artikel ”Piyé Bèn Aku Ora Masturbasi?” ing buku Jawaban Pertanyaané Cah Enom, Jilid 1, bab 25.