Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 47

Piyé Bèn Isa Dibaptis?

Piyé Bèn Isa Dibaptis?

Njenengan mesthi wis ngerti akèh soal Yéhuwah selama sinau Alkitab iki. Njenengan ya wis berusaha ngetrapké sing dikarepké Yéhuwah. Tapi mungkin isih ana sing marahi njenengan ora ndang dibaptis. Apa waé sing isa marahi wong ora ndang dibaptis? Piyé carané ngatasi? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran iki.

1. Apa kudu ngerti kabèh soal Alkitab sakdurungé dibaptis?

Bèn isa dibaptis, kudu nduwé ”pengetahuan sing bener soal apa sing bener”. (1 Timotius 2:4) Kuwi ora berarti kudu ngerti kabèh soal Alkitab sakdurungé dibaptis. Wong sing wis suwé dibaptis waé isih kudu terus sinau. (Kolose 1:​9, 10) Tapi, paling ora kudu ngerti ajaran-ajaran sing ana ing Alkitab. Para pinituwa bakal ndelok apa pengetahuané njenengan wis cukup.

2. Apa manèh sing kudu diupayakké bèn isa dibaptis?

Bèn isa dibaptis, ’kudu mertobat, lan kelakuané kudu berubah’. (Wacanen Kisah 3:​19.) Kuwi berarti bener-bener ngrasa salah, terus njaluk ampun karo Yéhuwah. Terus, ora nglakoni sing salah manèh tapi nglakoni sing dikarepké Yéhuwah. Njenengan ya kudu rajin teka ngibadah lan nginjil bareng karo para sedulur ing jemaat.

3. Ngapa kok ora perlu wedi dibaptis?

Ana sing wedi mengko nèk bar dibaptis malah nggawé kesalahan. Tapi, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora mungkin ora tau salah. (Wacanen Mazmur 103:​13, 14.) Umaté Yéhuwah sing setya mbiyèn ya kadhang nggawé kesalahan. Dadi aja kuwatir. Sing penting nèk wis nglakoni sing paling apik, Yéhuwah seneng. Dhèwèké ya bakal ndhukung. Malah, Yéhuwah dhéwé ngomong nèk ”ora ana sing isa nggawé [Dhèwèké] ora sayang manèh karo awaké dhéwé”.​—Wacanen Roma 8:​38, 39.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan piyé nèk kenal banget karo Yéhuwah lan terus percaya nèk Dhèwèké mesthi ndhukung, njenengan dadi ora ragu dibaptis.

4. Kenal banget karo Yéhuwah

Sakdurungé dibaptis, njenengan kudu kenal karo Yéhuwah soalé kuwi sing isa nggawé njenengan sayang lan péngin nggawé Dhèwèké seneng. Ana akèh sing wis mbuktèkké dhéwé. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Bèn akhiré isa dibaptis, apa waé sing diupayakké wong-wong kuwi?

Wacanen Roma 12:​2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa ana ajaran ing Alkitab utawa ajarané Seksi Yéhuwah sing njenengan durung yakin nèk kuwi bener?

  • Nèk ana, njenengan kuduné piyé?

5. Bèn ora wedi dibaptis

Nèk milih nglayani Yéhuwah lan dibaptis, isa waé dadi ana akèh masalah. Contoné, setèlen VIDÉONÉ. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Narangerel ora ndang dibaptis?

  • Apa buktiné nèk sayang karo Yéhuwah nggawé dhèwèké isa ngatasi masalahé?

Wacanen Wulang Bebasan 29:25 lan 2 Timotius 1:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa waé sing isa marahi ora wedi dibaptis?

6. Percaya nèk Yéhuwah mesthi ndhukung

Yéhuwah bakal mbantu bèn njenengan isa nglakoni sing Dhèwèké karepké. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok sing sinau Alkitab kuwi ora ndang dibaptis?

  • Apa sing nggawé dhèwèké dadi yakin nèk Yéhuwah mesthi ndhukung?

Wacanen Yésaya 41:​10, 13, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok njenengan yakin nèk isa terus setya lan nglakoni sing dikarepké Yéhuwah?

7. Bersyukur merga Yéhuwah terus sayang

Nèk mikirké Yéhuwah wis sayang banget karo njenengan, mesthi dadi bersyukur, terus péngin nglayani Dhèwèké saklawasé. Wacanen Mazmur 40:​5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa berkahé Yéhuwah sing paling njenengan syukuri?

Nabi Yérémia sayang Yéhuwah, manut préntahé, lan bersyukur banget isa dadi umaté. Dhèwèké ngomong, ”Omongan-Mu nggawé atiku seneng lan bahagia sebab aku disebut nganggo jeneng-Mu, oh Yéhuwah Gusti Allah.” (Yérémia 15:16) Jawaben pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok bangga nèk dadi Seksi Yéhuwah?

  • Apa njenengan péngin dibaptis dadi Seksi Yéhuwah?

  • Ngapa kok njenengan ora ndang dibaptis?

  • Bèn isa dibaptis, njenengan kuduné piyé?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku wedi mengko nèk bar dibaptis nggawé kesalahan.”

  • Apa njenengan ya ngrasa ngono?

KESIMPULAN

Njenengan ora perlu wedi dibaptis soalé Yéhuwah mesthi mbantu.

Jawaben

  • Apa kudu ngerti kabèh isiné Alkitab bèn isa dibaptis?

  • Apa waé sing kudu diupayakké bèn isa dibaptis?

  • Ngapa kok ora perlu wedi dibaptis?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Nèk péngin dibaptis kuwi kuduné merga apa?

”Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?” (Warta Penting Maret 2020)

Ana wong lanang sing akhiré dibaptis, meskipun awalé dhèwèké ngrasa kuwi ora gampang. Deloken vidéoné.

Kenapa Njenengan Ora Ndang Dibaptis? (1:​10)

Apa sing marahi Ataa dadi yakin nèk dhèwèké kudu dibaptis?

Apa Aku Pantes Dadi Umaté Yéhuwah? (7:​22)