Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 52

Ngapa Kok Kudu Mikirké soal Pakaian lan Dandanan?

Ngapa Kok Kudu Mikirké soal Pakaian lan Dandanan?

Awaké dhéwé isa milih arep nganggo klambi apa utawa arep dandan kaya apa. Tapi bèn Yéhuwah ya seneng, awaké dhéwé kudu ngetrapké pathokané soal pakaian lan dandanan. Apa waé pathokané?

1. Apa waé pathokan ing Alkitab soal pakaian lan dandanan?

Awaké dhéwé kudu nganggo ’klambi sing pantes lan sederhana. Terus wektu dandan, ya kudu nduwé pertimbangan sing apik’. Penampilan ya kudu resik bèn wong-wong ngerti nèk awaké dhéwé ”ngabdi marang Gusti Allah”. (1 Timotius 2:​9, 10) Pathokané ana papat: (1) Kudu nganggo klambi sing ”pantes”. Kaya ing pertemuan ibadah, isa waé pakaian lan dandanané béda-béda. Tapi liwat pakaian lan dandanané, kétok nèk umaté Yéhuwah tetep berusaha menghormati Gusti Allahé. (2) Kudu ”sederhana”. Maksudé, ora nganti dadi pusat perhatian utawa marahi wong dadi risi, apa manèh nganti mikir sing saru. (3) ”Kudu nduwé pertimbangan sing apik”. Kuwi berarti ora mèlu-mèlu saben ana modhèl pakaian utawa dandanan sing paling anyar. (4) Liwat pakaian lan dandanané awaké dhéwé, wong liya kudu ngerti nèk awaké dhéwé ”ngabdi marang Gusti Allah”.​—1 Korintus 10:31.

2. Ngapa kok kudu mikirké perasaané para sedulur?

Mémang, awaké dhéwé isa milih arep nganggo klambi apa. Tapi, ya kudu tetep mikirké perasaané para sedulur. Aja nganti para sedulur dadi risi karo penampilané awaké dhéwé. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ”nyenengké wong liya lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong liya”.​—Wacanen Roma 15:​1, 2.

3. Nèk penampilané awaké dhéwé pantes, wong-wong sing dikabari dadi piyé?

Mémang, ing endi waé penampilané awaké dhéwé kudu sing pantes. Tapi terutama nèk lagi ngibadah lan nginjil. Aja nganti wong-wong dadi luwih nggatèkké penampilané awaké dhéwé timbang berita sing arep disampèkké. Nèk penampilané awaké dhéwé pantes, wong-wong isa dadi péngin kenal karo Gusti Allah, terus ”ngluhurké ajarané Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé”.​—Titus 2:​10.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug pakaian lan dandanan sing pantes kanggo umaté Yéhuwah.

Nèk ngajèni pemerintah, mesthi penampilané ya sing apik. Nèk ngajèni Yéhuwah, penampilané ya kudu sing apik meskipun sakjané Yéhuwah isa ngerti isi atiné awaké dhéwé

4. Mbuktèkké nèk menghormati Yéhuwah liwat penampilan sing apik

Awaké dhéwé berusaha bèn penampilané pantes kuwi kuduné merga apa? Wacanen Mazmur 47:​2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Wong liya isa dadi nduwé pandhangan sing apik utawa èlèk soal Yéhuwah nèk ndelok penampilané awaké dhéwé. Mulané, awaké dhéwé kudu piyé?

  • Menurut njenengan, apa mémang penampilané awaké dhéwé kudu pantes pas ngibadah utawa pas nginjil? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

5. Naséhat soal milih pakaian lan dandanan

Setèlen VIDÉONÉ.

Embuh klambiné larang utawa ora, sing penting kudu resik lan cocog karo situasiné. Wacanen 1 Korintus 10:24 lan 1 Timotius 2:​9, 10. Terus, rembugen ngapa kok aja nganti nganggo klambi sing . . .

  • ora rapi, ora resik, utawa terlalu santai.

  • terlalu ketat utawa sèksi sing marahi wong nduwé pikiran ngeres.

Saka hukumé Yéhuwah kanggo bangsa Israèl mbiyèn, awaké dhéwé isa ngerti soal pandhangané Yéhuwah. Wacanen Pangandharing Torèt 22:​5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok penampilané wong lanang ora éntuk kaya wong wédok, lan penampilané wong wédok ora éntuk kaya wong lanang?

Wacanen 1 Korintus 10:​32, 33 lan 1 Yohanes 2:​15, 16, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok aja nganti penampilané awaké dhéwé marahi wong liya dadi risi?

  • Wong-wong ing dhaérahé njenengan, seneng dandan utawa nganggo klambi sing kaya apa?

  • Saka pilihan-pilihan kuwi, menurut njenengan, apa ana sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab? Lha ngapa?

Meskipun pakaian lan dandanané béda-béda, awaké dhéwé isa tetep nggawé Yéhuwah seneng

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sak-saké ta aku mèh nganggo klambi apa.”

  • Nèk njenengan dhéwé piyé? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

KESIMPULAN

Nèk penampilan sesuai pathokan ing Alkitab, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghormati Yéhuwah lan menghargai wong liya.

Jawaben

  • Ngapa kok Yéhuwah péngin bèn penampilané awaké dhéwé sesuai karo sing Dhèwèké karepké?

  • Apa waé pathokan soal milih klambi lan dandanan?

  • Nèk penampilané awaké dhéwé apik, piyé pandhangané wong liya soal Yéhuwah? Nèk penampilané awaké dhéwé ora nggenah, piyé pandhangané wong liya soal Yéhuwah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Wong dadi mikir apa soal njenengan nèk ndelok penampilané njenengan?

”Penampilanku Kuduné Piyé?” (Artikel ing jw.org)

Ngapa kok kudu mikir sik sakdurungé nggawé tato?

”Apa Ditato Kuwi Éntuk?” (Artikel ing jw.org)

Apa pathokan liyané manèh sing kudu dipikirké soal milih pakaian lan dandanan?

”Apa Modhèl Klambi Panjenengan Ngluhurké Yéhuwah?” (Warta Penting September 2016)

Ana pengalamané wong wédok sing akhiré isa menghargai pilihané wong liya soal pakaian lan dandanan.

”Mbiyèn Aku Ora Ndang Dadi Seksi Yéhuwah Gara-Gara Pakaian lan Dandanan” (Gatèkna! 22 Desember 2003)