Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 54

Tugasé ”Budhak sing Setya lan Wicaksana”

Tugasé ”Budhak sing Setya lan Wicaksana”

Yésus kuwi Kepalané jemaat. (Éfésus 5:​23) Saka swarga, Yésus saiki ngarahké murid-muridé liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Wacanen Matius 24:45.) Yésus dhéwé sing milih lan masrahi ”budhak” kuwi tanggung jawab kanggo ngurusi umaté Yéhuwah. Tapi, ”budhak” kuwi ya tetep kudu manut karo Yésus lan nglayani sedulur-seduluré Kristus, yaiku wong-wong sing wis dipilih munggah swarga. ”Budhak sing setya lan wicaksana” kuwi sapa? Apa buktiné nèk ”budhak” kuwi ngurusi umaté Yéhuwah?

1. ”Budhak sing setya lan wicaksana” kuwi sapa?

Mbiyèn, ana wong-wong sing dipilih Yéhuwah bèn ngekèki petunjuk kanggo umaté. (Maléakhi 2:7; Ibrani 1:1) Bar Yésus mati, sing dikon ngarahké jemaat kuwi para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm. (Kisah 15:2) Nèk saiki, ana sak kelompok pinituwa sing disebut Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah sing dikon mulang umaté Yéhuwah lan ngatur gawéan nginjil. Kelompok kuwi disebut ”budhak sing setya lan wicaksana, sing dilantik [Yésus]”. (Matius 24:45a) Kabèh wong kuwi wis dipilih munggah swarga kanggo mréntah karo Yésus.

2. Yéhuwah ngekèki petunjuk liwat apa waé?

Yésus ngomong nèk budhak sing setya kuwi ”mènèhi mangan [kabèh umaté Yéhuwah] ing wektu sing pas”. (Matius 24:45b) Bèn tetep séhat, awaké dhéwé kudu mangan. Bèn isa tetep setya karo Yéhuwah lan terus semangat nginjil, awaké dhéwé kudu manut petunjuké Yéhuwah ing Alkitab. (1 Timotius 4:6) Yéhuwah ngekèki petunjuk kuwi liwat bacaan, vidéo, pertemuan ibadah mingguan, pertemuan wilayah, lan pertemuan gabungan wilayah. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé dadi tambah akrab karo Yéhuwah lan ngerti sing Dhèwèké karepké.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug ngapa kok kudu ana Pengurus Pusat.

Pengurus Pusat mulang umaté Yéhuwah, ngatur gawéan nginjil, lan ngatur bèn sing kena bencana isa dibantu

3. Umaté Yéhuwah kudu diatur lan diarahké

Kaya pas jamané para rasul mbiyèn, Pengurus Pusat saiki ngatur lan ngarahké Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya manut petunjuké Yésus. Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen 1 Korintus 14:​33, 40, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Yéhuwah péngin umaté diatur lan diarahké?

4. Gawéan nginjil diatur lan diarahké budhak sing setya

Wong Kristen pas jamané para rasul nganggep nèk nginjil kuwi tugas sing paling penting. Wacanen Kisah 8:​14, 25, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Sapa sing ngarahké wong Kristen ing jamané para rasul kanggo nginjil?

  • Pas dikon para rasul ing Yérusalèm kanggo nginjil ing Samaria, Pétrus lan Yohanes piyé?

Pengurus Pusat ya nganggep nèk nginjil kuwi tugas sing paling penting. Setèlen VIDÉONÉ.

Menurut Yésus, nginjil kuwi penting banget. Wacanen Markus 13:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Pengurus Pusat nganggep nginjil kuwi penting?

  • Ngapa kok gawéan nginjil kudu diatur lan diarahké ”budhak sing setya lan wicaksana”?

5. Budhak sing setya ngekèki petunjuk

Pengurus Pusat ngekèki petunjuk kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya. Sakdurungé ngekèki petunjuk, Pengurus Pusat ngapa waé? Ayo ndelok pas jamané para rasul. Wacanen Kisah 15:​1, 2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Wektu kuwi ana masalah soal apa?

  • Paulus, Barnabas, lan sedulur liyané takon karo sapa bèn isa ngrampungi masalah kuwi?

Wacanen Kisah 15:​12-​18, 23-​29, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Sakdurungé nggawé keputusan, bèn éntuk tuntunané Gusti Allah pengurus pusat wektu kuwi ngapa waé?​—Deloken ayat 12, 15, lan 28.

Wacanen Kisah 15:​30, 31 lan 16:4, 5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Bar éntuk petunjuk saka pengurus pusat, para sedulur ing jemaat dadi piyé?

  • Merga manut, apa berkahé?

Wacanen 2 Timotius 3:​16 lan Yakobus 1:​5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé carané Pengurus Pusat jaman saiki éntuk tuntunané Gusti Allah sakdurungé nggawé keputusan?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk manut Pengurus Pusat berarti kan manut karo manungsa.”

  • Menurut njenengan, apa buktiné nèk Yésus sing ngarahké Pengurus Pusat?

KESIMPULAN

”Budhak sing setya lan wicaksana” sing dipilih Kristus kuwi Pengurus Pusat. Tugasé mulang umaté Yéhuwah lan ngatur gawéan nginjil.

Jawaben

  • Sapa sing milih ”budhak sing setya lan wicaksana”?

  • Apa buktiné nèk Pengurus Pusat ngurusi umaté Yéhuwah?

  • Apa njenengan percaya nèk Pengurus Pusat kuwi ”budhak sing setya lan wicaksana”?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa waé buktiné nèk Pengurus Pusat mesthi ngekèki keterangan sing bener? Deloken vidéoné.

Nggawé Publikasi sing Akurat (17:18)

Anggota Pengurus Pusat nganggep tugas saka Yésus kuwi piyé?

Kehormatan sing Gedhé (7:​04)

Apa waé buktiné nèk Yéhuwah ngarahké Pengurus Pusat wektu arep ngekèki petunjuk soal pertemuan-pertemuan ibadah?

Yéhuwah Mulang Umaté (9:​39)