Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 57

Piyé Nèk Nggawé Dosa sing Gedhé?

Piyé Nèk Nggawé Dosa sing Gedhé?

Meskipun sayang Yéhuwah lan ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih, isa waé awaké dhéwé nggawé kesalahan. Malah, isa waé nggawé dosa sing gedhé. (1 Korintus 6:​9, 10) Tapi meskipun kaya ngono, Yéhuwah tetep sayang karo awaké dhéwé. Terus, péngin ngampuni lan péngin mbantu bèn awaké dhéwé ora dosa manèh.

1. Piyé bèn isa diampuni Yéhuwah?

Nèk ngerti wis nggawé dosa gedhé mesthi rasané sedhih banget. Tapi, Yéhuwah ngomong, ”Senajan dosamu abang banget kaya getih, kuwi bakal dadi putih kaya salju.” (Yésaya 1:​18) Nèk bener-bener mertobat, Yéhuwah gelem ngampuni. Mertobaté piyé? Kudu ngrasa gela, ora mbalèni manèh dosané, lan kudu njaluk ampun karo Yéhuwah. Kuwi ya berarti aja nganti mikir utawa nglakoni kebiasaan sing isa marahi nggawé dosa manèh. Bar kuwi, kudu terus manut pathokané Yéhuwah.​—Wacanen Yésaya 55:​6, 7.

2. Piyé carané pinituwa mbantu wong sing nggawé dosa?

Nèk wis nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kudu ”ngundang para pinituwa ing jemaat”. (Wacanen Yakobus 5:​14, 15.) Para pinituwa sayang Yéhuwah lan umaté. Para pinituwa kuwi isa mbantu bèn wong sing dosa isa cedhak manèh karo Yéhuwah.​—Galatia 6:1.

Piyé carané pinituwa mbantu? Ana pinituwa loro utawa telu sing bakal ngandhani nèk menurut Alkitab perbuatan kuwi salah. Terus, para pinituwa ya bakal ngekèki naséhat lan saran bèn ora mbalèni kesalahan kuwi manèh. Bar kuwi, mungkin para pinituwa mutuské nèk beberapa kegiatané wong kuwi ing jemaat bakal dibatesi sik sementara. Nèk ana sing nggawé dosa gedhé tapi ora mertobat, bakal ditokké saka jemaat bèn sedulur liyané ora mèlu-mèlu.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan soal carané Yéhuwah mbantu nèk ana sing nggawé dosa gedhé. Keterangan kuwi isa nggawé awaké dhéwé tambah bersyukur karo Yéhuwah.

3. Kudu ngakoni dosa bèn isa dibantu

Nggawé dosa kuwi marahi Yéhuwah sedhih. Mulané, kudu njaluk ampun karo Dhèwèké. Wacanen Mazmur 32:​1-5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa manfaaté nèk ora nutup-nutupi, tapi ngakoni dosa karo Yéhuwah?

Bar ngaku karo Yéhuwah, kudu njaluk bantuané para pinituwa bèn isa ngrasa lega. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé para pinituwa mbantu Canon bèn isa nglayani Yéhuwah manèh?

Kudu jujur lan nyritakké kabèh karo para pinituwa, soalé para pinituwa kuwi pénginé mbantu. Wacanen Yakobus 5:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Pinituwa isa luwih gampang mbantu nèk sing dosa gelem jujur. Kok isa?

Kudu ngakoni dosa, jujur karo pinituwa, lan gelem nampa saran karo naséhat saka Yéhuwah

4. Manfaaté nèk sing dosa ditokké saka jemaat

Nèk nggawé dosa gedhé lan ora gelem manut pathokané Yéhuwah, bakal ditokké saka jemaat. Sedulur liyané ora éntuk bergaul karo dhèwèké, malah omongan waé ya ora éntuk. Wacanen 1 Korintus 5:​6, 11 lan 2 Yohanes 9-​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Kaya ragi sithik isa nyebar ing kabèh adonan, apa akibaté nèk wong dosa sing ora mertobat tetep ana ing jemaat?

Akèh sing mauné ditokké saka jemaat, akhiré isa dadi abdiné Yéhuwah manèh. Soalé, meskipun ditokké saka jemaat isa marahi sedhih, kuwi isa marahi wong sing dosa dadi bener-bener sadhar. (Mazmur 141:5) Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga ditokké saka jemaat, Sonja akhiré dadi sadhar soal apa waé?

Nèk ana sing ditokké saka jemaat . . .

  • ngapa kok jenengé Yéhuwah isa diluhurké?

  • ngapa kok kuwi bukti nèk Yéhuwah adil lan sayang karo umaté?

5. Nèk mertobat, diampuni Yéhuwah

Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing mertobat? Wacanen Lukas 15:​1-7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Saka perumpamaané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

Wacanen Yèhèzkièl 33:​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa buktiné nèk bener-bener mertobat?

Kaya gembala, Yéhuwah bener-bener nggatèkké dombané

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk ngaku karo pinituwa, mengko aku malah ditokké saka jemaat.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Meskipun wis nggawé dosa sing gedhé, nèk bener-bener mertobat lan ora mbalèni manèh dosané, Yéhuwah gelem ngampuni.

Jawaben

  • Apa manfaaté nèk ngakoni dosa karo Yéhuwah?

  • Bèn dosané diampuni kudu piyé?

  • Nèk wis nggawé dosa gedhé, ngapa kok kudu njaluk bantuané para pinituwa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana sing wis ngrasakké dhéwé nèk Yésaya 1:​18 kuwi bener. Deloken vidéoné.

Aja Ragu karo Welas Asihé Yéhuwah (5:​02)

Nèk ana sing ditokké saka jemaat, sapa waé sing éntuk manfaat lan apa waé manfaaté?

”Ditokké saka Jemaat Kuwi Sakjané Bukti Nèk Yéhuwah Sayang” (Warta Penting 15 April 2015)

Nèk ana sing takon soal ditokké saka jemaat, njelaskéné piyé?

”Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngedohi Anggotané sing Wis Ditokaké?” (Artikel ing jw.org)

Ana wong lanang sing ngrasa nèk Yéhuwah péngin akrab manèh karo dhèwèké. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Kudu Nglayani Yéhuwah Manèh”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 April 2012)