Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 58

Tetep Setya karo Yéhuwah

Tetep Setya karo Yéhuwah

Kabèh wong Kristen, termasuk njenengan, mesthi péngin terus nglayani Yéhuwah. Mulané bakal nolak apa waé sing isa marahi dadi ora setya. Yéhuwah seneng nèk njenengan terus setya. (Wacanen 1 Babad 28:9.) Apa waé sing isa marahi dadi ora setya? Piyé bèn isa terus setya?

1. Sapa sing isa waé marahi ora setya manèh karo Yéhuwah? Piyé carané?

Ana sing péngin umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh, misalé wong murtad. Wong-wong kuwi mbiyèné Seksi Yéhuwah, tapi saiki ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah. Tujuané, bèn umaté Yéhuwah ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Terus, ana pemimpin agama sing nyebarké keterangan sing ora bener soal Seksi-Seksi Yéhuwah. Tujuané, bèn akhiré umaté Yéhuwah wegah dadi abdiné Yéhuwah manèh. Mulané, aja nganti debat, maca blog utawa bukuné, mbukak situs wèbé, utawa nonton vidéoné. Yésus ngomong, ”Wong-wong kuwi ora usah mbok urusi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.”​—Matius 15:14.

2. Apa buktiné nèk mémang péngin setya karo Yéhuwah?

Nèk sayang Yéhuwah, ora mungkin ndhukung agama palsu. Kuwi termasuk soal gawéan, organisasi, utawa kegiatan apa waé sing ana hubungané karo agama palsu. Yéhuwah ngomong, ”Umat-Ku, metua saka [Babilon Gedhé].”​—Wahyu 18:​2, 4.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé bèn tetep setya karo Yéhuwah, meskipun ana sing isa marahi ora setya manèh. Terus, ana keterangan ngapa kok kuduné ora mèlu-mèlu agama palsu manèh.

3. Ngati-ati karo wong murtad

Piyé nèk ana sing ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah? Wacanen Wulang Bebasan 14:​15, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok ora éntuk langsung percaya karo kabèh omongané wong?

Wacanen 2 Yohanes 9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk karo wong murtad, awaké dhéwé kuduné piyé?

  • Meskipun ora omong-omongan langsung, tapi isa waé bergaul karo wong murtad. Misalé nèk piyé?

  • Nèk njenengan seneng ngrungokké omongan sing ngèlèk-èlèk Yéhuwah utawa organisasiné, piyé perasaané Yéhuwah?

4. Tetep setya karo Yéhuwah wektu ngerti ana sing nggawé dosa

Nèk ngerti ana sedulur seiman sing nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kuduné piyé? Saka hukumé Gusti Allah kanggo bangsa Israèl mbiyèn, ana pathokan apa? Wacanen Kaimaman 5:1.

Menurut ayat kuwi, nèk ngerti ana sedulur seiman sing nggawé dosa, kudu ngandhani para pinituwa. Tapi sakdurungé kuwi, kudu ngandhani sik sedulur sing dosa mau bèn dhèwèké dhéwé sing ngomong karo para pinituwa. Nèk dhèwèké ora gelem, awaké dhéwé sing kudu ngandhani para pinituwa. Ngapa kok kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang lan setya karo . . .

  • Yéhuwah?

  • sedulur sing nggawé dosa kuwi?

  • sedulur liyané ing jemaat?

Nèk ana sedulur seiman sing nggawé dosa, kudu ndang dikandhani bèn njaluk bantuané para pinituwa

5. Aja nganti isih ana hubungan karo Babilon Gedhé

Wacanen Lukas 4:8 lan Wahyu 18:​4, 5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa jenengku isih terdaftar dadi anggotané agama palsu?

  • Apa aku isih mèlu organisasi sing ana hubungané karo agama palsu?

  • Apa gawéanku ana hubungané karo agama palsu?

  • Apa isih ana sing kudu tak upayakké bèn babar blas ora ana hubungan karo agama palsu?

  • Nèk jawabané iya, berarti aku kudu piyé?

Sing penting, kudu nggawé keputusan sing isa marahi hati nurani tetep pénak lan mbuktèkké nèk awaké dhéwé tetep setya karo Yéhuwah.

Piyé nèk dijaluki sumbangan kanggo organisasi sing ana hubungané karo agama palsu?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk ngerti sing diomongké wong murtad soal Seksi Yéhuwah kan aku dadi isa ngandhani sing bener.”

  • Apa kuwi bener? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

KESIMPULAN

Bèn isa tetep setya karo Yéhuwah, aja bergaul karo wong-wong sing péngin nyesatké awaké dhéwé.

Jawaben

  • Ngapa kok ora éntuk ngrungokké pendapat lan ajarané wong murtad?

  • Nèk ngerti ana sedulur sing nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kudu piyé?

  • Apa buktiné nèk aku babar blas ora ana hubungan karo agama palsu?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé nèk ana sing ngèlèk-èlèk Seksi-Seksi Yéhuwah?

”Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?” (Warta Penting Agustus 2018)

Piyé carané mastèkké nèk gawéané awaké dhéwé ora ana hubungané karo agama palsu?

”Apa sing Kudu Awaké Dhéwé Tindakké ing ’Dina-Dina Pungkasan’?” (Warta Penting Oktober 2019, paragraf 16-​18)

Wong murtad péngin bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Contoné piyé?

Aja Gelem Diapusi (9:​26)

Ana pendhéta Shinto sing akhiré dadi Seksi Yéhuwah. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Kèt Cilik Aku Wis Sayang karo Gusti Allah”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Juli 2011)