Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 60

Terus Akrab karo Yéhuwah

Terus Akrab karo Yéhuwah

Nganti saiki, njenengan mesthi wis ngerti akèh soal Yéhuwah. Terus, njenengan ya dadi tambah sayang karo Dhèwèké. Mulané, njenengan dadi gelem dibaptis utawa lagi rencana arep dibaptis. Tapi sakwisé dibaptis, njenengan isih kudu terus akrab karo Yéhuwah. Piyé carané?

1. Ngapa kok njenengan kudu terus cedhak karo Yéhuwah?

Awaké dhéwé kudu berusaha bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah, soalé menurut Alkitab, awaké dhéwé isa ”ngedoh saka Gusti Allah”. (Ibrani 3:12) Piyé bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah? Kudu rajin nginjil lan ngutamakké nglayani Yéhuwah. (Wacanen Filipi 3:​16.) Njenengan mesthi bahagia nèk nglayani Yéhuwah.​—Mazmur 84:10.

2. Apa manèh sing kudu diupayakké?

Mémang sinau Alkitab nganggo buku iki wis rampung. Tapi, isih ana sing kudu terus diupayakké. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ”nganggo kepribadian sing anyar”. (Éfésus 4:​23, 24) Carané, kudu niru Yéhuwah lan berusaha bèn isa dadi kaya sing Dhèwèké karepké. Bèn ngerti soal Yéhuwah lan sifat-sifaté, kudu terus sinau Alkitab lan rajin ngibadah.

3. Piyé Yéhuwah mbantu njenengan?

Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah . . . bakal nglatih kowé nganti rampung. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat. Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya. Dhèwèké bakal ndhukung kowé.” (1 Pétrus 5:​10) Ana akèh sing isa marahi awaké dhéwé dadi nglakoni sing salah. Tapi, Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé aja nganti nglakoni kuwi. (Mazmur 139:​23, 24) Yéhuwah ya isa ngekèki kepénginan lan kekuwatan bèn njenengan isa setya nglayani Dhèwèké.​—Wacanen Filipi 2:​13.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé bèn njenengan isa luwih cedhak karo Yéhuwah lan apa berkahé.

4. Terus ndonga lan sinau Alkitab

Bèn dadi kancané Yéhuwah, njenengan kudu ndonga lan sinau Alkitab. Terus, piyé bèn isa luwih akrab manèh?

Wacanen Mazmur 62:​8, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé bèn dongané njenengan ora ngono-ngono waé?

Wacanen Mazmur 1:​2, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé bèn njenengan isa éntuk luwih akèh manfaat pas maca Alkitab?

Wektu sinau Alkitab dhéwé, piyé bèn njenengan isa éntuk luwih akèh manfaat? Setèlén VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Saka vidéo kuwi, njenengan péngin ngetrapké saran sing endi?

  • Njenengan péngin sinau luwih akèh soal topik apa?

5. Nduwé rencana kanggo nglayani luwih akèh

Nèk nduwé rencana-rencana bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah, njenengan bakal dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Merga nduwé rencana bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah, Cameron dadi éntuk manfaat apa waé?

Ora kabèh isa nglayani ing panggonan sing adoh. Tapi, awaké dhéwé isih isa nduwé rencana kanggo nglayani luwih akèh. Wacanen Wulang Bebasan 21:​5, terus pikirna piyé bèn njenengan isa . . .

  • nglayani luwih akèh ing jemaat.

  • luwih semangat nginjil.

Piyé njenengan isa ngetrapké ayat kuwi?

Rencana-rencanané misalé:

  • Ora mung ndonga ngono-ngono waé.

  • Maca Alkitab nganti rampung.

  • Luwih akrab karo kabèh sedulur ing jemaat.

  • Mbantu wong sinau Alkitab.

  • Dadi perintis ékstra utawa perintis biasa.

  • Nèk njenengan sedulur lanang, berusaha bèn isa dadi abdiné jemaat.

6. Bahagia saklawasé

Wacanen Mazmur 22:​26, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé bèn njenengan isa bahagia saiki lan saklawasé?

KESIMPULAN

Njenengan kudu luwih akrab karo Yéhuwah lan nduwé rencana kanggo nglayani luwih akèh. Terus, sukmbèn njenengan isa bahagia saklawasé.

Jawaben

  • Ngapa kok njenengan yakin Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn njenengan tetep setya?

  • Piyé bèn njenengan isa luwih akrab karo Yéhuwah?

  • Ngapa kok nèk nduwé rencana, njenengan isa luwih akrab karo Yéhuwah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Awaké dhéwé mungkin tau ngalami peristiwa sing luar biasa, bukti nèk setya karo Yéhuwah. Tapi, apa menurut Yéhuwah kuwi sing paling penting?

Terusa Setya Kaya Abraham (9:​20)

Piyé bèn isa dadi semangat manèh nglayani Yéhuwah?

Dadi Semangat Manèh Merga Sinau lan Renungan (5:​25)