Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ringkesan Bagian 2

Ringkesan Bagian 2

Rembugen pertanyaan-pertanyaan iki karo sing mbantu njenengan sinau Alkitab:

  1. Wong-wong sing agamané palsu arep diapakké?

    (Deloken Pelajaran 13.)

  2. Wacanen Pangentasan 20:​4-6.

    • Apa Yéhuwah seneng nèk ana wong sing nyembah Dhèwèké nganggo patung?

      (Deloken Pelajaran 14.)

  3. Yésus kuwi sapa?

    (Deloken Pelajaran 15.)

  4. Njenengan paling seneng sifaté Yésus sing endi?

    (Deloken Pelajaran 17.)

  5. Wacanen Yohanes 13:​34, 35 lan Kisah 5:​42.

    • Sapa sing bener-bener dadi pengikuté Yésus saiki? Menurut njenengan, apa buktiné?

      (Deloken Pelajaran 18 lan 19.)

  6. Sapa sing dadi kepalané jemaat Kristen lan piyé carané ngatur jemaat Kristen?

    (Deloken Pelajaran 20.)

  7. Wacanen Matius 24:14.

    • Apa buktiné nèk ramalan kuwi saiki ­kelakon?

    • Njenengan wis nyritakké soal sing dipelajari karo sapa?

      (Deloken Pelajaran 21 lan 22.)

  8. Menurut njenengan, apa dibaptis kuwi ana manfaaté? Manfaaté apa?

    (Deloken Pelajaran 23.)

  9. Piyé bèn ora diganggu Sétan lan hantu-hantuné?

    (Deloken Pelajaran 24.)

  10. Ngapa kok Gusti Allah nyiptakké manungsa?

    (Deloken Pelajaran 25.)

  11. Ngapa kok manungsa susah lan mati?

    (Deloken Pelajaran 26.)

  12. Wacanen Yohanes 3:​16.

    • Bèn manungsa isa urip saklawasé, Yéhuwah ngapa?

      (Deloken Pelajaran 27.)

  13. Wacanen Pengkhotbah 9:5.

    • Nèk mati kuwi piyé?

    • Wong-wong sing wis mati arep diapakké karo Yésus?

      (Deloken Pelajaran 29 lan 30.)

  14. Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah kuwi ­pemerintahan sing paling apik?

    (Deloken Pelajaran 31 lan 33.)

  15. Menurut njenengan, apa mémang Kerajaané Gusti Allah saiki wis mréntah? Apa buktiné? Mréntahé mulai kapan?

    (Deloken Pelajaran 32.)