Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Piyé Bèn Aku Isa?

Piyé Bèn Aku Isa?

Piyé Bèn Aku Isa Nginjil Bareng Para Sedulur ing Jemaat?

Bèn isa dadi penginjil sing durung dibaptis, aku kudu . . .

  • Rajin sinau Alkitab, ndonga, lan teka ing pertemuan ibadah.

  • Seneng karo sing wis dipelajari lan péngin nyritakké kuwi karo wong liya.

  • Sayang karo Yéhuwah lan kekancan karo umaté.

  • Ora mèlu-mèlu politik lan ora dadi anggotané agama palsu.

  • Berusaha bèn tingkah lakuku sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah lan péngin dadi Seksi Yéhuwah.

Nèk njenengan ngrasa wis memenuhi syarat kuwi, sing ngajari njenengan sinau Alkitab bakal ngomong karo para pinituwa bèn ketemu karo njenengan lan ngrembug apa njenengan disetujui dadi penginjil sing durung dibaptis.

Piyé Bèn Aku Isa Dibaptis?

Bèn isa dibaptis, aku kudu . . .

  • Dadi penginjil sing durung dibaptis.

  • Rajin nginjil.

  • Manut karo arahané ”budhak sing setya lan wicaksana”.​—Matius 24:45-47

  • Ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk péngin nglayani Dhèwèké saklawasé.

Nèk njenengan ngrasa wis memenuhi syarat kuwi, sing ngajari njenengan sinau Alkitab bakal ngomong karo para pinituwa bèn ketemu karo njenengan lan ngrembug apa njenengan disetujui bèn isa dibaptis.