Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi


Carané sinau nganggo buku iki

Carané sinau nganggo buku iki

Wacanen keterangan-keterangan iki, terus setèlen VIDÉONÉ.

BAGIAN AWAL

Pas persiapan, wacanen paragraf-paragraf sakdurungé bagian ”Sinau Luwih Akèh”. Pertanyaan sing ditulis kandel (A) lan ayat (B) kuwi intiné sing dirembug. Ayat sing ana tulisané ”wacanen” kudu diwaca.

BAGIAN TENGAH

Ing tulisan (C) ing ngisoré judhul Sinau Luwih Akèh ana keterangan soal sing arep dirembug. Subjudhul (D) kuwi intiné sing dirembug. Wacanen ayaté, jawaben pertanyaané, lan setèlen vidéoné karo sing mbantu njenengan sinau Alkitab.

Ing kothak VIDÉO, njenengan isa ndelok vidéo lan audio sing arep dirembug. Ana vidéo sing isiné pengalamané wong, tapi ya ana sing isiné adegan.

Njenengan isa mikirké hubungané gambar karo keterangané (E) lan carané nanggepi Nèk Ana sing Ngomong (F).

BAGIAN AKHIR

Ringkesan pelajaran ana ing Kesimpulan karo Jawaben (G). Tulisen tanggal rampung sinau. Ing Rencana (H) ana sing kudu ditrapké bar rampung sinau. Ing Bahan Tambahan (I) ana keterangan sing luwih akèh soal pelajaran kuwi.

Carané nggolèki ayat Alkitab

Alkitab kuwi gabungan saka 66 buku lan dibagi dadi rong bagian yaiku, Kitab-Kitab Ibrani-Aram (”Perjanjian Lawas”) lan Kitab-Kitab Yunani Kristen (”Perjanjian Anyar”).

(A) kuwi jeneng buku, (B) kuwi bab, lan (C) kuwi ayat.

Contoné, Yohanes 17:3 maksudé buku Yohanes, bab 17, ayat 3.