Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pengantar

Pengantar

Buku Tuntunan saka Alkitab isa mbantu njenengan nemokké ayat-ayat lan kisah-kisah ing Alkitab sing cocog karo situasiné njenengan. Buku iki ya isa mbantu njenengan kanggo nguwatké wong liya lan mbantu meréka bèn isa nggawé keputusan sing bener. Njenengan isa nggolèki topik sing njenengan butuhké. Ing saben topik ana pertanyaan lan keterangan singkat soal kisah-kisah ing Alkitab. (Deloken kothak ” Carané Nganggo Buku Iki”.) Ing buku iki ana ayat-ayat sing isa nyemangati, naséhat, lan tuntunan saka Alkitab sing bermanfaat. Ayat-ayat ing buku iki isa njenengan gunakké kanggo nyemangati wong liya, ngekèki saran kanggo sing lagi ngadhepi masalah, lan ngekèki naséhat.

Mémang, ora saben ayat sing berkaitan karo topiké ditulis ing buku iki. Tapi, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka ayat-ayat sing ana ing kono. (WB 2:​1-6) Misalé, njenengan isa maca réferènsi silang saka ayat-ayat kuwi lan maca keterangan tambahan ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru. Bèn isa luwih paham ayat-ayat ing Alkitab, njenengan isa maca bagéan ”Ayat-Ayat Dijelaské” ing Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah utawa Indeks Publikasi Menara Pengawal. Wacanen keterangan paling anyar soal ayat-ayat kuwi.

Muga-muga buku iki isa mbantu njenengan dadi wong sing luwih wicaksana lan nduwé akèh pengetahuan soal ayat Alkitab. Nèk sinau buku iki, njenengan bakal dadi saya yakin nèk ”omongané Gusti Allah kuwi urip lan nduwé kuwasa sing gedhé banget”.—Ibr 4:12.