Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Naséhat

Naséhat

Dikèki naséhat

Ngapa kok kudu nggolèki naséhat ing Alkitab?

Kenapa kok luwih apik ngrungokké naséhat daripada ngrasa nèk awaké dhéwé sing paling bener?

WB 12:15; 29:1

Deloken WB 1:​23-31; 15:31

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 15:​3, 9-23—Saul rumangsa wis paling bener lan ora gelem nampa naséhaté Samuèl. Akibaté, Yéhuwah nolak Saul

    • 2Bb 25:​14-16, 27—Raja Amazia nggawé dosa lan ora gelem nampa naséhat saka nabiné Yéhuwah. Akibaté, Yéhuwah ora seneng karo Amazia lan ora nglindhungi dhèwèké

Ngapa awaké dhéwé aja ngrèmèhké naséhaté wong-wong sing nduwé wewenang ing jemaat, misalé pinituwa?

1Tés 5:12; 1Tim 5:17; Ibr 13:​7, 17

  • Kisah ing Alkitab:

    • 3Yoh 9, 10—Rasul Yohanes nyebutké nèk Diotrèfès ngrèmèhké wong-wong sing mimpin jemaat

Kenapa awaké dhéwé gelem ngrungokké naséhaté wong-wong sing wis tuwa?

Km 19:32; WB 16:31

Deloken Ayb 12:12; 32:7; Tit 2:​3-5

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 23:​16-18—Raja Daud gelem ngrungokké Yonatan sing umuré luwih tuwa 30 taun saka Daud lan dhèwèké disemangati

    • 1Raj 12:​1-17—Raja Yéroboam nolak naséhaté wong-wong sing luwih tuwa. Dhèwèké malah manut naséhaté wong-wong sing sak umuran lan kuwi marahi masalah

Apa buktiné nèk wong wédok lan cah-cah enom sing dadi umaté Yéhuwah isa ngekèki naséhat sing apik?

Ayb 32:​6, 9, 10; WB 31:​1, 10, 26; Pkh 4:13

Deloken Mzm 119:100

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 25:​14-35—Abigail ngekèki Raja Daud naséhat. Manfaaté, Daud ora matèni wong akèh lan ora utang getih

    • 2Sam 20:​15-22—Wong wédok sing wicaksana ing kutha Abèl gelem ngekèki naséhat. Hasilé, wong-wong ing kutha kuwi ora dipatèni

    • 2Raj 5:​1-14—Cah wédok Israèl ngandhani pemimpin pasukan carané bèn isa mari saka kusta

Kenapa awaké dhéwé aja nganti ngrungokké naséhaté wong-wong sing ora manut Yéhuwah?

Mzm 1:1; WB 4:14

Deloken Luk 6:39

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Bb 10:​13, 14—Raja Saul ora njaluk naséhaté Yéhuwah, tapi malah njaluk naséhaté wong sing isa ngundang arwah. Saul mati merga ora setya

    • 2Bb 22:​2-5, 9—Merga ngrungokké naséhat sing ora bener, Raja Ahazia mati

    • Ayb 21:​7, 14-16—Ayub ora gelem nduwé pikiran sing padha karo wong sing ora nyembah Yéhuwah

Ngekèki naséhat

Kenapa kok luwih apik ngekèki naséhat sakwisé ngerti kabèh faktané?

WB 18:​13, 17

Deloken WB 25:8

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 1:​9-16—Imam Agung Èli ngekèki naséhat merga mikir nèk Hana mabuk. Padahal Èli durung ngerti kabèh faktané

    • Mat 16:​21-23—Merga ora ngerti kabèh faktané, Rasul Pétrus ngekèki naséhat sing ora sesuai karo karepé Yéhuwah lan sakjané kuwi sing dikarepké Sétan

Sakdurungé ngekèki naséhat, kenapa kok kudu ndonga?

Mzm 32:8; 73:​23, 24; WB 3:​5, 6

  • Kisah ing Alkitab:

    • Pa 3:​13-18—Nabi Musa takon karo Yéhuwah kudu njawab apa nèk ana wong Israèl sing takon karo dhèwèké

    • 1Raj 3:​5-12—Raja Salomo ora rumangsa wicaksana, dhèwèké njaluk karo Yéhuwah ati sing wicaksana lan Yéhuwah mberkahi dhèwèké

Kenapa nèk ngekèki naséhat dhasaré kudu saka Alkitab?

Mzm 119:​24, 105; WB 19:21; 2Tim 3:​16, 17

Deloken PT 17:​18-20

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 4:​1-11—Pas digodha Sétan, Yésus ora ngomongké pendapaté dhéwé tapi omongané dhasaré Kitab Suci

    • Yoh 12:​49, 50—Sing diajarké Yésus kuwi dhasaré omongané Yéhuwah. Wektu ngekèki naséhat, awaké dhéwé isa niru Yésus

Pas ngekèki naséhat, kenapa kudu alus lan ngupaya ngekèki pujian sing tulus?

Gal 6:1; Kol 3:12

Deloken Yés 9:6; 42:​1-3; Mat 11:​28, 29

  • Kisah ing Alkitab:

Ana sedulur ing jemaat sing crita nèk dhèwèké difitnah karo sedulur liya. Kenapa luwih apik awaké dhéwé ngandhani dhèwèké bèn ngrampungké masalahé karo sedulur kuwi dhéwé?

Piyé carané mbantu sedulur sing tersinggung bèn tetep sabar lan gelem ngapurani?

Mat 18:​21, 22; Mrk 11:25; Luk 6:36; Éf 4:32; Kol 3:13

Deloken Mat 6:14; 1Kor 6:​1-8; 1Ptr 3:​8, 9

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 18:​23-35—Perumpamaan sing dijelaské Yésus nduduhké nèk ngapurani kuwi penting banget

Nèk ana sing nggawé salah, kenapa awaké dhéwé kudu kendel ngekèki naséhat?

Mzm 141:5; WB 17:10; 2Kor 7:​8-11

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 15:​23-29—Nabi Samuèl ora wedi ngekèki naséhat Raja Saul

    • 1Raj 22:​19-28—Meskipun diancam lan dikamplengi, Nabi Mikaya tetep nyampèkké omongané Yéhuwah kanggo Raja Ahab

Kenapa wektu ngekèki naséhat aja nganti nggawé wong liya tersinggung lan akhiré ora nglayani Yéhuwah manèh?

Ibr 12:​11-13

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 22:​31-34—Meskipun Pétrus nggawé salah, Yésus yakin nèk Pétrus ora bakal mbalèni kesalahané manèh. Yésus ya yakin nèk Pétrus bakal terus nglayani Yéhuwah lan mbantu wong liya

    • Flm 21—Rasul Paulus yakin nèk Filémon bakal ngetrapké naséhaté sing sesuai karo Kitab Suci

Pas ngekèki naséhat kanggo wong sing lagi ana masalah utawa ora semangat, sikapé awaké dhéwé kudu piyé?

Wektu ana sedulur sing nggawé salah, apa buktiné nèk awaké dhéwé péngin mbantu dhèwèké bèn tambah cedhak karo Yéhuwah?

Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngajèni wong liya wektu ngekèki naséhat, ora soal tuwa, enom, lanang, utawa wédok?

Nèk ana sing bola-bali dikèki naséhat saka Alkitab tapi ora berubah, kenapa para pinituwa kudu ngekèki naséhat sing tegas?