Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nguwatké

Nguwatké

Kenapa kok nguwatké sedulur-sedulur kuwi penting?

Yés 35:​3, 4; Kol 3:16; 1Tés 5:11; Ibr 3:13

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 32:​2-8—Pas tentara Asiria arep nyerang Yérusalèm, Raja Hizkia nyemangati lan nguwatké rakyaté

    • Dan 10:​2, 8-11, 18, 19—Malaékaté Yéhuwah nyemangati Danièl sing wis tuwa lan ora nduwé kekuwatan

Kenapa kok Yéhuwah péngin para pinituwa nguwatké sedulur-sedulur?

Yés 32:​1, 2; 1Ptr 5:​1-3

Deloken Mat 11:​28-30

  • Kisah ing Alkitab:

    • PT 3:28; 31:​7, 8—Kaya préntahé Yéhuwah, Musa nguwatké lan nyemangati Yosua sing bakal nggantèni dhèwèké mimpin bangsa Israèl

    • Kis 11:​22-26; 14:22—Meskipun dianiaya, Paulus karo Barnabas nguwatké sedulur-sedulur ing Antiokhia

Kenapa muji wong liya isa nguwatké?

WB 31:​28, 29; 1Kor 11:2

  • Kisah ing Alkitab:

    • PH 11:​37-40—Saben taun, cah-cah wédok Israèl nemoni lan muji anaké Yéfta sing gelem nglayani ing tabernakel

    • Why 2:​1-4—Yésus ora mung ngekèki naséhat, tapi ya muji sedulur-sedulur ing Éfésus

Piyé carané nguwatké sedulur-sedulur?

WB 15:23; Éf 4:29; Flp 1:​13, 14; Kol 4:6; 1Tés 5:14

Deloken 2Kor 7:​13, 15, 16

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 23:​16-18—Yonatan ngerti nèk Daud butuh dikuwatké. Mulané, Yonatan nemoni lan nguwatké Daud

    • Yoh 16:33—Yésus ngekèki conto lan kuwi nguwatké murid-muridé. Meréka dadi yakin nèk niru Yésus, meréka mesthi berhasil ngalahké donya

    • Kis 28:​14-16—Pas Paulus lagi perjalanan ing Roma, sedulur-sedulur nemoni lan nguwatké dhèwèké

Kenapa ora éntuk ngomongké sing èlèk-èlèk lan seneng sambat?

Flp 2:​14-16; Yud 16-19

  • Kisah ing Alkitab:

    • Wi 11:​10-15—Nabi Musa ngrasa susah merga wong Israèl seneng sambat

    • Wi 13:​31, 32; 14:​2-6—Merga sepuluh mata-mata ngomongké sing èlèk-èlèk marang wong Israèl, makané wong Israèl dadi wedi lan mbrontak

Kenapa kok bergaul lan ngibadah bareng sedulur-sedulur isa nggawé awaké dhéwé semangat?

WB 27:17; Rm 1:​11, 12; Ibr 10:​24, 25; 12:12

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 20:​1-19—Wektu Raja Yéhosyafat arep diserang karo pasukan sing akèh, Yéhosyafat lan rakyaté ndonga bareng

    • Kis 12:​1-5, 12-17—Sakwisé Rasul Yakobus dipatèni lan Rasul Pétrus dipenjara, sedulur-sedulur ing Yérusalèm ngumpul bareng kanggo ndonga

Apa hasilé nèk mikirké harapan pas lagi ana masalah?

Kis 5:​40, 41; Rm 8:​35-39; 1Kor 4:​11-13; 2Kor 4:​16-18; 1Ptr 1:​6, 7

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 39:​19-23; 40:​1-8—Meskipun dipenjara padahal ora salah, Yusuf tetep ngendelké Yéhuwah lan tetep gelem mbantu wong liya

    • 2Raj 6:​15-17—Meskipun dikepung pasukan sing akèh, Èlisa ora wedi. Dhèwèké ya ndonga bèn pelayané ora wedi

Ayat-ayat ing Alkitab sing isa nguwatké awaké dhéwé

Pas awaké dhéwé lagi susah, Yéhuwah janji apa?

Yéhuwah kuwi sabar lan gampang mesakké. Nèk terus mikirké soal kuwi, kenapa awaké dhéwé isa dikuwatké?

Wektu awaké dhéwé ora semangat, piyé carané Yéhuwah mbantu?

Mzm 46:1; Yés 12:2; 40:​29-31; Flp 4:13

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 1:​10, 11, 17, 18—Pas Hana sedhih lan lara ati, dhèwèké ndonga karo Yéhuwah. Yéhuwah mbantu Hana isa tenang lan ora sedhih manèh

    • 1Raj 19:​1-19—Pas Nabi Èlia ngrasa susah banget, Yéhuwah nyedhiakké panganan lan ombé kanggo Èlia. Janjiné Yéhuwah ya nguwatké Èlia

Kenapa janji-janji sing ditulis ing Alkitab isa nguwatké awaké dhéwé?

2Bb 15:7; Mzm 27:​13, 14; Ibr 6:​17-19; 12:2

  • Kisah ing Alkitab:

    • Ayb 14:​1, 2, 7-9, 13-15—Meskipun ngerti nèk mengko bakal mati, tapi Ayub yakin nèk Yéhuwah isa nguripké dhèwèké. Kuwi nggawé Ayub dikuwatké

    • Dan 12:13—Nabi Danièl sing umuré kira-kira 100 taun ngrasa dikuwatké wektu malaékaté Yéhuwah ngandhani dhèwèké soal masa depan

Kenapa nèk ndonga lan mikirké carané Yéhuwah mbantu isa nguwatké awaké dhéwé?

Mzm 18:6; 56:​4, 11; Ibr 13:6

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 30:​1-9—Pas ana masalah, Daud ndonga karo Yéhuwah lan éntuk kekuwatan

    • Luk 22:​39-43—Pas susah banget, Yésus ndonga lan Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Yésus

Kenapa awaké dhéwé lan wong liya isa dikuwatké nèk krungu utawa nyritakké pengalaman sing apik?

WB 15:30; 25:25; Yés 52:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 15:​2-4—Rasul Paulus lan Barnabas nyritakké pengalaman sing apik lan nguwatké sedulur-sedulur sing diparani

    • 3Yoh 1-4—Rasul Yohanes ngrasa dikuwatké wektu ngerti sedulur-sedulur tetep setya