Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngapura

Ngapura

Apa Yéhuwah mémang gelem ngapura?

Mzm 86:5; Dan 9:9; Mi 7:18

Deloken 2Ptr 3:9

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mzm 78:​40, 41; 106:​36-46—Meskipun wong Israèl bola-bali ora manut lan nggawé Yéhuwah lara ati, tapi Yéhuwah tetep gelem ngapurani

    • Luk 15:​11-32—Yésus ngandhani nèk Yéhuwah kuwi kaya bapak sing gelem ngapurani anaké sing wis mertobat

Bèn dosané awaké dhéwé isa diapura, Yéhuwah ngapa?

Yoh 1:29; Éf 1:7; 1Yoh 2:​1, 2

  • Kisah ing Alkitab:

    • Ibr 9:​22-28—Rasul Paulus nyebutké nèk Yéhuwah isa ngapurani awaké dhéwé merga ana korban tebusané Yésus

    • Why 7:​9, 10, 14, 15—Rasul Yohanes nulis nèk Gusti Allah ngapurani ”kumpulan gedhé wong akèh” merga meréka nduwé iman karo korban tebusané Yésus

Bèn Yéhuwah gelem ngapura, awaké dhéwé kudu ngapa nèk ana sing nggawé salah karo awaké dhéwé?

Mat 6:​14, 15; Mrk 11:25; Luk 17:​3, 4; Yak 2:13

  • Kisah ing Alkitab:

    • Ayb 42:​7-10—Sakdurungé marèkké lan mberkahi Ayub, Yéhuwah ngongkon Ayub ndongakké telu kancané sing njahati dhèwèké

    • Mat 18:​21-35—Yésus nyritakké perumpamaan soal pentingé ngapura wong liya bèn isa diapura Yéhuwah

Kenapa kok kudu ngakoni dosa lan mertobat?

Kis 3:19; 26:20; 1Yoh 1:​8-10

  • Kisah ing Alkitab:

Bèn diapura Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

WB 28:13; Yés 55:7; Éf 4:28

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Raj 21:​27-29; 2Bb 18:​18-22, 33, 34; 19:​1, 2—Meskipun awalé wis ngrendhahké diri, tapi Raja Ahab ora tenanan mertobat. Dadi, Yéhuwah ora gelem ngapurani lan akhiré ngukum mati dhèwèké

    • 2Bb 33:​1-16—Raja Manasyé kuwi jahat banget. Tapi pas dhèwèké tenanan mertobat, Yéhuwah gelem ngapurani. Terus, Raja Manasyé ya berusaha tenanan bèn wong Israèl nglayani Yéhuwah manèh

Nèk tenanan mertobat, Yéhuwah gelem ngapurani awaké dhéwé. Kuwi diumpamakké kaya apa?

Mzm 103:​10-14; Yés 1:18; 38:17; Yér 31:34; Mi 7:19

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Sam 12:13; 24:1; 1Raj 9:​4, 5—Meskipun Daud nggawé dosa sing gedhé, tapi sakwisé mertobat Yéhuwah gelem ngapurani. Terus, Yéhuwah ya nyebut Daud wong sing tulus atiné

Apa buktiné Yésus niru Yéhuwah sing gelem ngapura?

Mzm 86:5; Luk 23:​33, 34

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 26:​36, 40, 41—Pas Yésus butuh dikuwatké, murid-muridé malah turu. Tapi, Yésus paham nèk murid-muridé mémang lagi kesel

    • Mat 26:​69-75; Luk 24:​33, 34; Kis 2:​37-41—Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. Tapi Pétrus mertobat lan Yésus gelem ngapurani. Bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus lan ngekèki dhèwèké tugas sing penting

Apa buktiné nèk ora kabèh wong diapura Yéhuwah?

Mat 12:31; Ibr 10:​26, 27; 1Yoh 5:​16, 17

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 23:​29-33—Yésus ngandhani para ahli Taurat lan wong Farisi nèk meréka ora bakal bébas saka hukuman Géhéna, utawa bakal mati lan ora nduwé harapan kanggo diuripké manèh

    • Yoh 17:12; Mrk 14:21—Yésus ngomong nèk Yudas Iskariot ”bakal dimusnahké”. Yésus ya ngomong nèk luwih apik wong kuwi ora usah lair waé

Bèn gelem ngapura, apa sing perlu awaké dhéwé pikirké?