Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ati

Ati

Apa buktiné nèk kata ati sing dienggo ing Alkitab kuwi maksudé isa perasaan, pikiran, niat, lan sifat?

Mzm 49:3; WB 16:9; Luk 5:22; Kis 2:26

Deloken PT 15:7; Mzm 19:8

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 9:​46-48—Yésus ngerti nèk ing atiné murid-muridé, meréka péngin dianggep luwih unggul. Makané Yésus ngekèki naséhat murid-muridé

Kenapa njaga ati kuwi penting?

1Bb 28:9; WB 4:23; Yér 17:9

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 6:​5-7—Merga pikiran lan atiné wong-wong jahat, Yéhuwah nggawé Banjir Gedhé kanggo ngukum wong-wong kuwi

    • 1Raj 11:​1-10—Merga Raja Salomo nikah karo wong wédok asing, atiné Salomo dadi nyimpang lan ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah

    • Mrk 7:​18-23—Yésus njelaské nèk kabèh kepénginan sing salah asalé saka ati lan kuwi marakké awaké dhéwé nggawé dosa

Piyé carané njaga ati?

Mzm 19:14; WB 3:​3-6; Luk 21:34; Flp 4:8

Deloken Ézr 7:​8-10; Mzm 119:11

  • Kisah ing Alkitab:

    • Éf 6:​14-18; 1Tés 5:8—Kaya tutup dhadha sing nglindhungi jantungé prajurit, tumindak sing bener, iman, lan katresnan ya nglindhungi atiné awaké dhéwé

Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk ati utawa niaté awaké dhéwé kuwi ora bener?

WB 21:​2-4; Ibr 3:12

Deloken WB 6:​12-14

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 25:​1, 2, 17-27—Awalé Raja Amazia manut karo Gusti Allah, tapi ora saktulusé ati. Suwé-suwé dhèwèké dadi sombong, ora manut, lan nampa akibaté

    • Mat 7:​17-20—Yésus nyebutké soal wit sing èlèk bakal ngasilké buah sing èlèk. Padha kaya ngono, nèk atiné èlèk awaké dhéwé bakal nglakoni sing salah

Kenapa awaké dhéwé kudu berusaha nduwé ati sing apik, lan piyé carané?

WB 10:8; 15:28; Luk 6:45

Deloken Mzm 119:​97, 104; Rm 12:​9-16; 1Tim 1:5

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 20:​1-6—Raja Hizkia wis setya lan saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah. Dadi pas Hizkia lara lan arep mati, dhèwèké njaluk bantuané Yéhuwah

    • Mat 21:​28-32—Yésus nyebutké soal perumpamaan sing nduduhké nèk isi atiné wong ora mung kétok saka omongané, tapi ya saka perbuatané

Kenapa awaké dhéwé isa tenang merga ngerti nèk Yéhuwah mriksa isi atiné awaké dhéwé?

1Bb 28:9; Yér 17:10

Deloken 1Sam 2:3

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 16:​1-13—Nabi Samuèl ngerti nèk sing didelok Yéhuwah kuwi dudu penampilané, tapi atiné

    • 2Bb 6:​28-31—Dongané Raja Salomo pas peresmian bait nduduhké nèk Yéhuwah ngerti isi atiné wong-wong lan péngin mbantu