Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngrasa Mesakké

Ngrasa Mesakké

Nèk nduwé rasa mesakké, awaké dhéwé mesthi ya nduwé sifat apa?

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mzm 51:​1, 2—Wektu Raja Daud njaluk dimesakké karo Yéhuwah, dhèwèké ya njaluk bèn Yéhuwah ngapura dosané

    • Luk 10:​29-37—Yésus mulang soal nduduhké rasa mesakké. Dhèwèké nyritakké perumpamaan soal wong Samaria sing gelem mbantu lan apikan karo wong Yahudi

Ngapa kok awaké dhéwé butuh dimesakké?

Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi gampang mesakké lan apikan?

Pa 34:6; Néh 9:17; Mzm 103:8; 2Kor 1:3

  • Kisah ing Alkitab:

    • Ayb 42:​1, 2, 6-10; Yak 5:11—Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo Ayub. Yéhuwah ya mulang Ayub bèn nduwé rasa mesakké

    • Luk 15:​11-32—Kaya sing dicritakké Yésus, Yéhuwah diumpamakké kaya bapak sing ngrasa mesakké lan tetep apikan meskipun anaké mbrontak

Ngapa Yéhuwah ngrasa mesakké karo awaké dhéwé?

Piyé korban tebusané Yésus isa nggawé dosa-dosané awaké dhéwé diapura?

Kenapa awaké dhéwé njaluk bèn Yéhuwah ngrasa mesakké karo awaké dhéwé? Kenapa awaké dhéwé kudu bersyukur nèk wis dimesakké Yéhuwah?

Luk 11:​2-4; Ibr 4:16

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mzm 51:​1-4—Raja Daud ngrasa bersalah merga wis nggawé dosa. Dhèwèké rendah hati njaluk bèn Yéhuwah nduduhké rasa mesakké lan ngapurani dhèwèké

    • Luk 18:​9-14—Perumpamaané Yésus nduduhké nèk Yéhuwah ngrasa mesakké karo wong-wong sing rendah hati lan gelem ngakoni kesalahané

Kenapa wong sing nggawé dosa gedhé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mesakké dhèwèké?

PT 4:​29-31; Yés 55:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 33:​9-13, 15—Manasyé kuwi raja sing jahat banget, tapi dhèwèké mertobat lan njaluk dimesakké Yéhuwah. Dhèwèké dadi raja manèh, lan perbuatané nduduhké nèk dhèwèké bener-bener mertobat

    • Yun 3:​4-10—Wong-wong Niniwé kuwi jahat lan kejem. Tapi, meréka mertobat lan diapura Yéhuwah

Kenapa nèk nggawé dosa kudu ngaku karo Yéhuwah lan ora nglakoni kuwi manèh?

Meskipun Yéhuwah wis nduduhké rasa mesakké karo awaké dhéwé, tapi isa waé awaké dhéwé tetep nampa disiplin lan akibat saka perbuatané awaké dhéwé

Kenapa awaké dhéwé kudu nduwé rasa mesakké karo wong liya?

Nèk awaké dhéwé ora nduduhké rasa mesakké karo wong liya, Yéhuwah bakal piyé?

Mat 9:13; 23:23; Yak 2:13

Deloken WB 21:13

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 18:​23-35—Yésus nyritakké perumpamaan sing nduduhké nèk awaké dhéwé ora mesakké karo wong liya, Yéhuwah ya ora bakal mesakké karo awaké dhéwé

    • Luk 10:​29-37—Saka perumpamaané, Yésus nduduhké nèk Yéhuwah lan Yésus ora seneng karo wong sing ora mesakké karo wong liya

Yéhuwah bakal piyé karo wong-wong sing gelem mesakké wong liya?