Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Dijahati Wong Liya

Dijahati Wong Liya

Awaké dhéwé mungkin ngrasa piyé nèk dijahati wong liya?

Mzm 69:20; WB 18:14; Pkh 4:​1-3; Mal 2:​13-16; Kol 3:21

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Sam 10:​1-5—Para abdiné Daud digawé isin karo mungsuh-mungsuhé. Daud berupaya apikan lan memahami perasaané meréka

    • 2Sam 13:​6-19—Tamar nyuwèk klambiné lan nangis merga wis diperkosa lan dijahati karo Amnon

Apa buktiné Yéhuwah nggatèkké nèk ana sing dijahati, lan Yéhuwah bakal piyé?

Ayb 34:​21, 22; Mzm 37:​8, 9; Yés 29:​15, 19-21; Rm 12:​17-21

Deloken Mzm 63:​6, 7

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 25:​3, 14-17, 21, 32-38—Nabal wongé jahat lan kasar. Pas Daud njaluk bantuan, dhèwèké malah ngrèmèhké para utusané Daud. Akibaté, Nabal dihukum Yéhuwah

    • Yér 20:​1-6, 9, 11-13—Awalé Yérémia sedhih merga Imam Pasyur nggebugi lan masung dhèwèké. Bar kuwi, Yéhuwah nguwatké lan nylametké Yérémia