Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pengawas

Pengawas

Apa waé syaraté kanggo dadi pinituwa?

Para pinituwa kudu dadi conto soal apa?

Apa waé syaraté kanggo dadi abdiné jemaat?

Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk para pengawas kuwi dilantik merga tuntunané roh suci?

Kis 20:28

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 13:​2-5; 14:23—Paulus karo Barnabas diutus ing jemaat-jemaat kanggo nglantik para pinituwa. Saiki ya padha, sakdurungé nglantik para pengawas ing jemaat, pinituwa wilayah ndonga njaluk tuntunan roh suci lan nggatèkké syarat-syarat sing ana ing Alkitab

    • Tit 1:​1, 5—Titus diutus ing jemaat-jemaat kanggo nglantik para pinituwa

Jemaat-jemaat kuwi duwèké sapa, lan wis dituku Yéhuwah nganggo apa?

Kenapa ing Alkitab para pengawas dipadhakké kaya pelayan utawa budhak?

Kenapa para pengawas kudu tetep rendah hati?

Flp 1:1; 2:​5-8; 1Tés 2:​6-8; 1Ptr 5:​1-3, 5, 6

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 20:​17, 31-38—Paulus crita karo para pinituwa ing Éfésus nèk dhèwèké semangat nglayani sedulur-sedulur. Para pinituwa kuwi menghargai upayané Paulus

Para pinituwa kudu piyé pas éntuk arahan saka ”budhak sing setya lan wicaksana”?

Sing paling apik, para pinituwa isa mulang nganggo cara apa?

1Tim 4:12; 1Ptr 5:​2, 3

  • Kisah ing Alkitab:

    • Néh 5:​14-16—Merga ngajèni Yéhuwah, Gubernur Néhémia ora sak karepé dhéwé wektu mréntah umaté Yéhuwah. Bahkan dhèwèké ora njupuk sing dadi haké

    • Yoh 13:​12-15—Yésus ngekèki conto bèn murid-muridé rendah hati

Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk perduli karo saben wong ing jemaat?

Piyé para pinituwa mbantu wong-wong cedhak manèh karo Yéhuwah?

Para pinituwa kudu mastèkké nèk sing diwulangké kuwi piyé?

Kenapa para pinituwa kudu mastèkké nèk sedulur-sedulur ing jemaat nduwé pikiran lan tingkah laku sing bener?

Para pinituwa kudu nglatih sapa?

2Tim 2:​1, 2

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 10:​5-20—Sakdurungé ngutus 12 rasulé nginjil, Yésus nglatih meréka

    • Luk 10:​1-11—Sakdurungé ngutus 70 murid kanggo nginjil, Yésus ngekèki arahan kanggo meréka

Meskipun nduwé akèh tanggung jawab, para pinituwa isa berhasil merga dibantu sapa?

1Ptr 5:​1, 7

Deloken WB 3:​5, 6

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Raj 3:​9-12—Raja Salomo ndonga karo Yéhuwah njaluk kawicaksanan lan pemahaman bèn isa ngadili umaté Yéhuwah

    • 2Bb 19:​4-7—Raja Yéhosyafat nglantik hakim-hakim ing kabèh dhaérah Yéhuda. Dhèwèké ya ngandhani hakim-hakim kuwi nèk Yéhuwah bakal mbantu meréka

Awaké dhéwé kudu piyé karo para pinituwa?

1Tés 5:​12, 13; 1Tim 5:17; Ibr 13:​7, 17

Deloken Éf 4:​8, 11, 12

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 20:37—Para pinituwa ing Éfésus ora isin nduduhké rasa sayangé karo Paulus

    • Kis 28:​14-16—Pas Paulus perjalanan ing Roma, sedulur-sedulur saka kutha Roma mlaku kira-kira 65 kilomèter bèn isa nemoni Paulus ing Pasar Apius. Kuwi nggawé Paulus dikuwatké