Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong Tuwa

Wong Tuwa

Apa tujuané Yéhuwah nikahké wong lanang lan wong wédok?

Wong tuwa kudu nganggep anak-anak kuwi kaya apa?

Mzm 127:​3-5; 128:3

Deloken ”Anak-Anak lan Cah-Cah Enom

Apa waé tanggung jawabé wong tuwa?

PT 6:​6, 7; 11:​18, 19; WB 22:6; 2Kor 12:14; 1Tim 5:8

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 1:​1-4—Èlkana ngejak keluargané ngibadah ing Syilo. Dhèwèké ya mastèkké kabèh anaké mèlu ngibadah ing kono

    • Luk 2:​39, 41—Saben taun, Yusuf karo Maria ngejak anak-anaké lunga ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah

Apa manfaaté nèk wong tuwa ngajari anak-anaké kanggo manut Yéhuwah?

WB 1:​8, 9; 22:6

Deloken 2Tim 3:​14, 15

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 2:​18-21, 26; 3:19—Hana lan Èlkana mènèhké Samuèl kanggo nglayani ing bait. Tapi meréka rutin niliki Samuèl lan nggawakké sing dibutuhké. Samuèl saya gedhé, sayang karo Yéhuwah, lan setya nglayani Yéhuwah

    • Luk 2:​51, 52—Yésus manut karo wong tuwané meskipun meréka ora sampurna

Saka endi wong tuwa isa éntuk petunjuk kanggo mulang anak-anaké?

PT 6:​4-9; Éf 6:4; 2Tim 3:​14-17

Deloken Mzm 127:1; WB 16:3

  • Kisah ing Alkitab:

    • PH 13:​2-8—Pas Manoah dikandhani nèk bojoné bakal nduwé anak, Manoah njaluk petunjuk saka Yéhuwah kanggo nggedhèkké anaké

    • Mzm 78:​3-8—Yéhuwah péngin wong tuwa mulang anak-anaké soal Alkitab

Meskipun wong tuwa wis mulang anaké soal Yéhuwah, tapi kenapa isa waé anak-anak akhiré ora gelem nglayani Yéhuwah?

Yèh 18:​1-13, 20

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 6:​1-5; Yud 6—Meskipun para malaékat wis suwé bareng karo Yéhuwah ing swarga, tapi akèh sing mbrontak

    • 1Sam 8:​1-3—Meskipun Samuèl kuwi wong sing jujur lan setya nglayani Yéhuwah, tapi anak-anaké ora jujur lan seneng nampa suap

Kapan wong tuwa isa mulai mulang anaké soal Yéhuwah?

2Tim 3:15

  • Kisah ing Alkitab:

Wong tuwa kudu nglindhungi anak-anaké saka bahaya. Wong tuwa isa niru contoné sapa?

  • Kisah ing Alkitab:

    • Pa 19:4; PT 32:​11, 12—Yéhuwah ngomong nèk Dhèwèké kaya manuk elang sing nglindhungi lan nggatèkké anak-anaké

    • Yés 49:15—Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal terus sayang lan nggatèkké umaté, ngluwihi kasih sayangé ibu

    • Mat 2:​1-16—Sétan péngin matèni Yésus sing isih bayi. Dhèwèké nuntun para ahli ilmu bintang kanggo nemoni Raja Hérodès. Tapi Yéhuwah nglindhungi Yésus lan ngongkon Yusuf pindhah ing Mesir

    • Mat 23:37—Kaya pitik babon sing nglumpukké anak-anaké ing ngisor sayapé, Yésus ya péngin nglindhungi wong-wong

Kenapa wong tuwa kudu ngajari anak-anaké soal sèks?

  • Kisah ing Alkitab:

    • Km 15:​2, 3, 16, 18, 19; PT 31:​10-13—Ing Hukum Musa ana pathokané Yéhuwah soal sèks. Pas hukum kuwi diwacakké, anak-anak ya mèlu ngrungokké

    • Mzm 139:​13-16—Daud muji Yéhuwah merga Yéhuwah hébat banget wektu ngrancang tubuhé manungsa, termasuk kemampuan kanggo nduwé anak

    • WB 2:​10-15—Pengetahuan lan kawicaksanan saka Yéhuwah isa nglindhungi awaké dhéwé bèn ora terpengaruh karo wong-wong sing bejat

Pas ngandhani utawa ndhidhik anak-anak, kenapa wong tuwa aja kasar?

WB 13:24; 29:17; Yér 30:11; Éf 6:4

Deloken Mzm 25:8; 145:9; Kol 3:21

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mzm 32:​1-5—Yéhuwah ngukum Daud merga dhèwèké wis nggawé dosa, tapi Daud ngerti nèk Yéhuwah mesthi bakal ngapurani nèk dhèwèké mertobat

    • Yun 4:​1-11—Yunus nesu lan ora ngajèni Yéhuwah, tapi Yéhuwah tetep sabar lan alus wektu ngandhani Yunus. Yéhuwah ya mulang bèn Yunus gampang mesakké

Kenapa naséhat lan dhidhikan kuwi bukti nèk wong tuwa sayang anaké?