Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mertobat

Mertobat

Ngapa kok kabèh wong kudu mertobat lan njaluk ngapura karo Yéhuwah?

Rm 3:23; 5:12; 1Yoh 1:8

Deloken Kis 26:20

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 18:​9-14—Saka perumpamaané, Yésus nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ngakoni dosa lan ndonga njaluk bantuané Yéhuwah

    • Rm 7:​15-25—Meskipun nduwé iman sing kuwat, Paulus isih tetep berusaha bèn ora nglakoni sing salah

Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing gelem mertobat?

Yèh 33:11; Rm 2:4; 2Ptr 3:9

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 15:​1-10—Saka perumpamaané, Yésus nduduhké nèk Yéhuwah karo para malaékat bahagia nèk ana wong siji sing mertobat

    • Luk 19:​1-10—Yésus ngapurani Zakhéus merga Zakhéus wis mbuktèkké nèk tenanan mertobat

Apa buktiné nèk awaké dhéwé wis tenanan mertobat?

Kenapa wong sing mertobat kudu terus berusaha bèn nduwé pengetahuan sing bener?

Rm 12:2; Kol 3:​9, 10; 2Tim 2:25

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 17:​29-31—Rasul Paulus ngomong karo wong-wong Athéna nèk meréka nyembah brahala merga ora ngerti soal Yéhuwah. Terus, Rasul Paulus ngongkon bèn meréka mertobat

    • 1Tim 1:​12-15—Rasul Paulus nggawé dosa gedhé merga durung ngerti sing bener soal Yésus Kristus

Kenapa mertobat kuwi penting?

Meskipun wis bola-bali nggawé dosa, saka endi awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah mesthi ngapurani awaké dhéwé?

Nèk ngakoni dosa lan mertobat, Yéhuwah bakal piyé?

Sakliyané njaluk ngapura lan ngrasa menyesal, awaké dhéwé kudu piyé kanggo mbuktèkké nèk bener-bener mertobat?

2Bb 7:14; WB 28:13; Yèh 18:​30, 31; 33:​14-16; Mat 3:8; Kis 3:19; 26:20

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Bb 33:​1-6, 10-16—Meskipun Raja Manasyé jahat banget, tapi dhèwèké mertobat. Dhèwèké rendah hati, terus ndonga, lan manut Yéhuwah

    • Mzm 32:​1-6; 51:​1-4, 17—Raja Daud mbuktèkké nèk bener-bener mertobat. Dhèwèké menyesal merga wis nggawé dosa. Dhèwèké ya gelem ngakoni dosané lan ndonga

Nèk ana sedulur sing nggawé salah lan wis berubah, kenapa awaké dhéwé kudu ngapurani meréka?