Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi


Carané Sinau Nganggo Buku Iki

Carané Sinau Nganggo Buku Iki

Sinau bareng Seksi-Seksi Yéhuwah: Njenengan isa njaluk diajari wong sing ngekèki buku iki. Njenengan ya isa ngisi formulir ing jw.org.

BAGIAN AWAL

Wacanen kabèh paragraf termasuk pertanyaan sing ditulis kandel (A) lan ayat (B) sing dadi intiné sing dirembug. Ayat sing ana tulisané ”wacanen” kudu diwaca.

BAGIAN TENGAH

Ing tulisan (C) ing ngisoré judhul Sinau Luwih Akèh ana keterangan soal sing arep dirembug. Subjudhul (D) kuwi intiné sing dirembug. Wacanen ayaté, jawaben pertanyaané, lan setèlen vidéoné (E).

Njenengan isa mikirké hubungané gambar karo keterangané (F) lan carané nanggepi Nèk Ana sing Ngomong (G).

BAGIAN AKHIR

Ringkesan pelajaran ana ing Kesimpulan karo Jawaben (H). Tulisen tanggal rampung sinau. Ing Rencana (I) ana sing kudu ditrapké bar rampung sinau. Ing Bahan Tambahan (J) ana keterangan sing luwih akèh soal pelajaran kuwi.

Carané nggolèki ayat Alkitab

(A) kuwi jeneng buku, (B) kuwi bab, lan (C) kuwi ayat. Contoné, Yohanes 17:3 maksudé buku Yohanes, bab 17, ayat 3.